Postingan

Menampilkan postingan dari 2022

ꦱꦼꦫꦠ꧀ꦮꦸꦭꦁꦫꦺꦃ - ꦥꦸꦕꦸꦁ | Serat Wulang Reh - Pucung

꧁ꦥꦸꦕꦸꦁ꧂ Pucung ꧇꧑꧇ 1 ꦏꦩꦸꦭꦤꦺꦏꦭꦸꦮꦏ꧀ꦤꦺꦴꦩ꧀ꦤꦺꦴ ꦩꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ Kamulane kaluwak nom-nomanipun ꦥꦤ꧀ꦢꦢꦶꦱꦠꦸꦔ꧀ꦒꦭ꧀ Pan dadi satunggal ꦥꦸꦕꦸꦁꦄꦫꦤꦺꦥꦸꦤꦶꦏꦶ Pucung arane puniki ꦪꦺꦤ꧀ꦮꦸꦱ꧀ꦠꦸꦮꦏꦭꦸꦮꦏꦺꦥꦶꦱꦃꦥꦶꦱꦃ Yen wus tuwa kaluwake pisah-pisah ꧇꧒꧇ 2 ꦢꦺꦤ꧀ꦧꦸꦢꦶꦪꦏꦼꦥꦿꦶꦪꦺꦅꦁꦧꦼꦕꦶꦏꦶꦥꦸꦤ꧀ Den budiya kepriye ing becikipun ꦄꦗꦔꦤ꧀ꦠꦶꦥꦶꦱꦃ Aja nganti pisah ꦏꦸꦩ꧀ꦥꦸꦭꦏꦪꦌꦤꦺꦴꦩꦶꦁ Kumpula kaya enoming ꦌꦤꦺꦴꦩ꧀ꦏꦸꦩ꧀ꦥꦸꦭ꧀ꦠꦸꦮꦏꦸꦩ꧀ꦥꦸꦭ꧀ꦏꦁꦥꦿꦪꦺꦴꦒ Enom kumpul tuwa kumpul kang prayoga ꧇꧓꧇ 3 ꦄꦗꦏꦪꦏꦭꦸꦮꦏ꧀ꦌꦤꦺꦴꦩꦺꦏꦸꦩ꧀ꦥꦸꦭ꧀ Aja kaya kaluwak enome kumpul ꦧꦱꦮꦶꦱ꧀ꦄꦠꦸꦮ Basa wis atuwa ꦠꦶꦁꦱꦊꦧꦂꦱꦶꦗꦶꦱꦶꦗꦶ Ting salebar siji-siji ꦤꦺꦴꦫꦮꦸꦫꦸꦁꦧꦏꦭ꧀ꦢꦢꦶꦧꦸꦩ꧀ꦧꦸꦥꦶꦤ꧀ꦝꦁ Nora wurung bakal dadi bumbu pindhang ꧇꧔꧇ 4 ꦮꦺꦴꦁꦱꦢꦸꦭꦸꦂꦤꦢꦾꦤ꧀ꦱꦤꦏ꧀ꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦫꦸꦏꦸꦤ꧀ Wong sadulur nadyan sanak dipun rukun ꦄꦗꦔꦤ꧀ꦠꦶꦥꦶꦱꦃ Aja nganti pisah ꦅꦁꦱꦩꦸꦧꦫꦁꦏꦂꦱꦤꦶꦁ Ing samubarang karsaning ꦥꦝꦫꦸꦏꦸꦤ꧀ꦢꦶꦤꦭꦸꦠꦼꦏꦥꦿꦪꦺꦴꦒ Padha rukun dinulu teka prayoga ꧇꧕꧇ 5 ꦄꦧꦺꦴꦠ꧀ꦌꦤ꧀ꦝꦺꦁꦮꦺꦴꦁꦢꦸꦮꦺꦱꦤꦏ꧀ꦱꦼꦢꦸꦭꦸꦂ Abot entheng wong duwe sanak sedulur ꦌꦤ꧀ꦝꦺꦔꦺꦪꦺꦤ꧀ꦢꦶꦥꦶꦱꦃ Enthenge yen pisah ꦥꦶꦏꦶꦫꦺꦠꦤ꧀ꦢꦢꦶꦱꦶꦗꦶ Pikire tan dadi siji ꦄꦧꦺꦴꦠꦶꦥꦸꦤ꧀ꦪꦺꦤ꧀ꦱꦧꦶꦪꦤ꧀ꦠꦸꦅꦁꦏꦂꦱ Abotipun yen

ꦱꦼꦫꦠ꧀ꦮꦸꦭꦁꦫꦺꦃ - ꦮꦶꦫꦔ꧀ꦫꦺꦴꦁ | Serat Wulang Reh - Wirangrong

꧁ꦮꦶꦫꦔ꧀ꦫꦺꦴꦁ꧂ Wirangrong ꧇꧑꧇ 1 ꦢꦺꦤ꧀ꦱꦩꦾꦩꦂꦱꦸꦢꦺꦁꦧꦸꦢꦶ Den samya marsudeng budi ꦮꦺꦮꦺꦏꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦮꦱ꧀ꦥꦻꦴꦱ꧀ Weweka dipun waspaos ꦄꦗꦢꦸꦩꦺꦃꦢꦸꦩꦺꦃ Aja dumeh-dumeh ꦧꦶꦱꦩꦸꦮꦸꦱ꧀ Bisa muwus ꦪꦺꦤ꧀ꦠꦤ꧀ꦥꦤ꧀ꦠꦼꦱꦸꦒꦶ Yen tan pantes ugi ꦱꦤꦢꦾꦤ꧀ꦩꦸꦁꦱꦏꦼꦕꦥ꧀ Sanadyan mung sakecap ꦪꦺꦤ꧀ꦠꦤ꧀ꦥꦤ꧀ꦠꦼꦱ꧀ꦥꦽꦤꦲꦶꦫ Yen tan pantes Prenahira ꧇꧒꧇ 2 ꦏꦸꦢꦸꦒꦺꦴꦭꦺꦏ꧀ꦩꦔ꧀ꦱꦈꦒꦶ Kudu golek mangsa ugi ꦥꦔ꧀ꦒꦺꦴꦤꦤ꧀ꦭꦩꦸꦤ꧀ꦩꦶꦫꦻꦴꦱ꧀ Panggonan lamun miraos ꦭꦮꦤꦗꦄꦒꦺꦱꦶꦫꦩꦸꦮꦸꦱ꧀ Lawan aja age sira muwus ꦢꦸꦤꦸꦔꦺꦠꦤ꧀ꦏꦺꦱ꧀ꦛꦶ Dununge tan kesthi ꦄꦗꦒꦮꦺꦏꦮꦼꦢꦭ꧀ Aja age kawedal ꦪꦺꦤ꧀ꦢꦸꦫꦸꦁꦥꦤ꧀ꦠꦼꦱ꧀ꦫꦺꦴꦮꦔ꧀ꦚ Yen durung pantes rowangnya ꧇꧓꧇ 3 ꦫꦺꦴꦮꦁꦱꦥꦺꦴꦕꦥꦤꦸꦒꦶ Rowang sapocapan ugi ꦏꦁꦥꦤ꧀ꦠꦼꦱ꧀ꦔꦗꦏ꧀ꦕꦭꦛꦺꦴꦤ꧀ Kang pantes ngajak calathon ꦄꦗꦱꦺꦴꦏ꧀ꦩꦼꦠꦸꦮꦮꦺꦴꦁꦕꦭꦛꦸ Aja sok metuwa wong calathu ꦄꦤꦥꦤ꧀ꦠꦺꦈꦒꦶ Ana pante ugi ꦫꦶꦤꦸꦔꦸꦩꦿꦶꦁꦄꦏꦛꦃ Rinungu mring akathah ꦄꦤꦱꦠꦼꦔꦃꦩꦶꦕꦫ Ana satengah micara ꧇꧔꧇ 4 ꦠꦤ꧀ꦥꦤ꧀ꦠꦼꦱꦏꦺꦃꦔꦮꦿꦸꦲꦶ Tan pantes akeh ngawruhi ꦩꦸꦭꦤꦺꦭꦩꦸꦤ꧀ꦩꦶꦫꦻꦴꦱ꧀ Mulane lamun miraos ꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦔꦫꦲꦫꦃ Dipun ngarah-arah ꦪ꧀ꦮꦏꦧꦚ꧀ꦗꦸꦂ Ywa kabanjur ꦪꦺꦤ꧀ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦏꦮꦶꦗꦶꦭ꧀ Yen sampun kawijil ꦠꦤ꧀ꦏꦼꦤꦠꦶꦤꦸꦠꦸꦠꦤ꧀ Tan kena tinututan ꦩꦸꦭꦤꦺꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦿꦪꦶꦠ꧀

ꦱꦼꦫꦠ꧀ꦮꦸꦭꦁꦫꦺꦃ - ꦢꦸꦂꦩ | Serat Wulang Reh - Durma

꧁ꦢꦸꦂꦩ꧂ Durma ꧇꧑꧇ 1 ꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦩꦶꦄꦩ꧀ꦧꦤ꧀ꦠꦶꦁꦱꦫꦶꦫꦤꦶꦫ Dipun sami ambanting sariranira ꦕꦼꦒꦃꦝꦲꦂꦭꦤ꧀ꦒꦸꦭꦶꦁ Cegah dhahar lan guling ꦢꦫꦥꦺꦴꦤ꧀ꦱꦸꦢꦴ Darapon sudaa ꦤꦼꦥ꧀ꦱꦸꦏꦁꦔꦩ꧀ꦧꦿꦄꦩ꧀ꦧꦿ Nepsu kang ngambra-ambra ꦉꦉꦩꦅꦁꦠꦾꦱꦶꦉꦏꦶ Rerema ing tyasireki ꦢꦢꦶꦱꦧꦫꦁ Dadi sabarang ꦏꦂꦱꦤꦶꦫꦊꦱ꧀ꦠꦫꦶ Karsanira lestari ꧇꧒꧇ 2 ꦅꦁꦥꦔꦮꦿꦸꦃꦭꦲꦶꦂꦧꦠꦶꦤꦗꦩꦩꦁ Ing pangawruh lahir batin aja mamang ꦪꦺꦤ꧀ꦱꦶꦫꦮꦸꦱꦸꦢꦤꦶ Yen sira wus udani ꦅꦁꦱꦭꦶꦫꦤꦶꦫ Ing salira nira ꦪꦺꦤꦤꦏꦁꦄꦩꦸꦂꦧ Yen ana kang amurba ꦩꦶꦱꦺꦱꦅꦁꦄꦭꦩ꧀ꦏꦧꦶꦂ Misesa ing alam kabir ꦢꦢꦶꦱꦧꦫꦁ Dadi sabarang ꦥꦏꦂꦪꦤꦶꦫꦈꦒꦶ Pakaryanira ugi ꧇꧓꧇ 3 ꦧꦼꦤꦼꦂꦭꦸꦥꦸꦠꦭꦧꦼꦢꦶꦏ꧀ꦭꦮꦤ꧀ꦧꦼꦒ꧀ꦗ Bener luput ala becik lawan begja ꦢꦶꦭꦏꦩꦥꦤ꧀ꦱꦏꦶꦁ Cilaka mapan saking ꦅꦁꦧꦢꦤ꧀ꦥꦿꦶꦪꦔ꧀ꦒ Ing badan priyangga ꦢꦸꦢꦸꦱꦏꦶꦁꦮꦺꦴꦁꦭꦶꦪ Dudu saking wong liya ꦥꦿꦩꦶꦭꦤꦺꦤ꧀ꦔꦠꦶꦄꦠꦶ Pramila den ngati ati ꦱꦏꦺꦲ꧀ꦢꦶꦂꦒꦩ Sakeh dirgama ꦱꦶꦔ꧀ꦒꦲꦤꦢꦺꦤꦺꦭꦶꦁ Singgahana den eling ꧇꧔꧇ 4 ꦩꦥꦤꦤꦱꦶꦱꦶꦏꦸꦠꦼꦭꦸꦁꦥꦿꦏꦫ Mapan ana sisiku telung prakara ꦤꦔꦶꦁꦒꦼꦝꦺꦥꦿꦶꦧꦝꦶ Nanging gedhe pribadhi ꦥꦤꦶꦏꦶꦭꦶꦂꦅꦫ Pan iki lir ira ꦅꦔ꧀ꦏꦁꦠꦼꦭꦸꦁꦥꦿꦏꦫ Ingkang telung prakara ꦄꦗꦄꦔ꧀ꦒꦸꦔ꧀ꦒꦸꦁꦱꦶꦉꦏꦶ Aja anggunggung sireki ꦏꦭꦮꦱꦗ Kala

ꦱꦼꦫꦠ꧀ꦮꦸꦭꦁꦫꦺꦃ - ꦩꦼꦒꦠ꧀ꦫꦸꦃ | Serat Wulang Reh - Megatruh

꧁ꦩꦼꦒꦠ꧀ꦫꦸꦃ꧂ Megatruh ꧇꧑꧇ 1 ꦮꦺꦴꦁꦔꦮꦸꦭꦅꦁꦫꦠꦸꦭꦸꦮꦶꦃꦥꦏꦺꦮꦸꦃ Wong ngawula ing Ratu luwih pakewuh ꦤꦺꦴꦫꦏꦼꦤꦩꦶꦔ꧀ꦒꦿꦁꦩꦶꦔ꧀ꦒꦿꦶꦁ Nora kena minggrang - minggring ꦏꦸꦢꦸꦩꦤ꧀ꦠꦼꦥ꧀ꦱꦂꦠꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ Kudu mantep sartanipun ꦱꦼꦠꦾꦠꦸꦲꦸꦩꦫꦁꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶ Setya tuhu marang Gusti ꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦩꦶꦠꦸꦫꦸꦠ꧀ꦱꦥꦏꦺꦴꦤ꧀ Dipun miturut sapakon ꧇꧒꧇ 2 ꦩꦥꦤ꧀ꦫꦠꦸꦏꦶꦤꦂꦪꦮꦏꦶꦭ꧀ꦲꦾꦁꦄꦒꦸꦁ Mapan Ratu kinarya wakil Hyang Agung ꦩꦫꦺꦤ꧀ꦠꦲ꧀ꦏꦼꦤ꧀ꦏꦸꦏꦸꦩꦢꦶꦭ꧀ Marentahken kukum adil ꦥꦿꦩꦶꦭꦮꦗꦶꦧ꧀ꦢꦺꦤꦺꦤꦸꦠ꧀ Pramila wajib den enut ꦏꦁꦱꦥꦠꦤ꧀ꦩꦤꦸꦠꦸꦒꦶ Kang sapa tan manut ugi ꦩꦿꦶꦁꦥꦫꦺꦤ꧀ꦠꦲꦺꦱꦁꦏꦠꦺꦴꦁ Mring parentahe Sang Katong ꧇꧓꧇ 3 ꦅꦥꦿꦱꦱꦠ꧀ꦩ꧀ꦧꦢꦭꦶꦁꦏꦂꦱꦲꦾꦁꦄꦒꦸꦁ Aprasasat mbadal ing karsa Hyang Agung ꦩꦸꦭꦤꦺꦧꦧꦺꦴꦮꦺꦴꦁꦈꦫꦶꦥ꧀ Mulane babo wong urip ꦱꦥꦂꦱꦔꦮꦸꦊꦁꦫꦠꦸ Saparsa ngawuleng Ratu ꦏꦸꦢꦸꦌꦏ꧀ꦭꦱ꧀ꦭꦻꦂꦧꦠꦶꦤ꧀ Kudu eklas lair batin ꦄꦗꦔꦤ꧀ꦠꦶꦔꦼꦩꦸꦌꦮꦺꦴꦃ Aja nganti ngemu ewoh ꧇꧔꧇ 4 ꦅꦁꦮꦸꦫꦶꦤꦺꦪꦺꦤꦠꦶꦢꦸꦫꦸꦁꦠꦸꦮꦗꦸꦃ Ing wurine yen ati durung tuwajuh ꦄꦔꦸꦂꦠꦄꦗꦄꦔꦧ꧀ꦢꦶ Angur ta aja angabdi ꦧꦼꦕꦶꦏ꧀ꦔꦶꦤ꧀ꦝꦸꦔꦏꦫꦸꦲꦸꦤ꧀ Becik ngindhunga karuhun ꦄꦗꦄꦒꦺꦄꦒꦺꦔꦧ꧀ꦢꦶ Aja age age ngabdi ꦪꦺꦤ꧀ꦢꦸꦫꦸꦁꦌꦏ꧀ꦭꦱꦶꦁꦧꦠꦺꦴꦱ꧀ Yen durung eklas ing batos ꧇꧕꧇ 5 ꦄꦔꦸꦂꦄꦔꦶꦤ꧀ꦝꦸꦔꦍꦧꦤꦺꦴꦫꦌꦮꦸꦃ A

ꦱꦼꦫꦠ꧀ꦮꦸꦭꦁꦫꦺꦃ - ꦥꦔ꧀ꦏꦸꦂ | Serat Wulang Reh - Pangkur

꧁ꦥꦔ꧀ꦏꦸꦂ꧂ ꧇꧑꧇ 1 ꦱꦼꦏꦂꦥꦔ꧀ꦏꦸꦂꦏꦁꦮꦶꦤꦂꦤ Sekar pangkur kang winarna ꦭꦭꦧꦸꦲꦤ꧀ꦏꦁꦏꦔ꧀ꦒꦺꦴꦮꦺꦴꦁꦔꦻꦴꦫꦶꦥ꧀ Lalabuhan kang kanggo wong ngaurip ꦄꦭꦭꦤ꧀ꦧꦼꦕꦶꦏ꧀ꦥꦸꦤꦶꦏ Ala lan becik punika ꦥꦿꦪꦺꦴꦒꦏꦮꦿꦸꦲꦤ Prayoga kawruhana ꦄꦢꦠ꧀ꦮꦠꦺꦴꦤ꧀ꦥꦸꦤꦶꦏꦸꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦢꦸꦭꦸ Adat waton puniku dipun kadulu ꦩꦶꦮꦃꦠꦅꦁꦠꦠꦏꦿꦩ Miwah ta ing tata krama ꦢꦺꦍꦤ꧀ꦏꦱ꧀ꦛꦶꦱꦶꦪꦁꦫꦠꦿꦶ Den kaesthi siyang ratri ꧇꧒꧇ 2 ꦢꦸꦢꦸꦒꦭꦮꦤ꧀ꦥꦿꦪꦺꦴꦒ Duduga lawan prayoga ꦩꦾꦁꦮꦠꦫꦫꦶꦫꦶꦔꦄꦗꦭꦭꦶ Myang watara riringa aja lali ꦅꦏꦸꦥꦫꦧꦺꦴꦠ꧀ꦱꦠꦸꦲꦸ Iku parabot satuhu ꦠꦤ꧀ꦏꦼꦤꦠꦶꦤꦶꦔ꧀ꦒꦭ Tan kena tininggala ꦠꦔꦶꦭꦸꦔ꧀ꦒꦸꦃꦄꦔꦢꦼꦒ꧀ꦠꦸꦮꦶꦤ꧀ꦭꦸꦩꦏꦸ Tangi lungguh angadeg tuwin lumaku ꦄꦔꦸꦕꦥ꧀ꦩꦼꦤꦼꦁꦄꦤꦺꦤ꧀ꦢꦿ Angucap meneng anendra ꦢꦸꦒꦢꦸꦒꦤꦺꦴꦫꦏꦫꦶ Duga duga nora kari ꧇꧓꧇ 3 ꦩꦶꦮꦃꦅꦁꦱꦧꦫꦁꦏꦂꦪ Miwah ing sabarang karya ꦅꦁꦁꦥꦿꦏꦫꦒꦼꦝꦺꦏꦭꦮꦤ꧀ꦕꦶꦭꦶꦏ꧀ Ing prakara gedhe kalawan cilik ꦥꦥꦠꦶꦏꦸꦢꦠꦤ꧀ꦏꦤ꧀ꦠꦸꦤ꧀ Papat iku datan kantun ꦏꦔ꧀ꦒꦺꦴꦱꦢꦶꦤꦢꦶꦤ Kanggo sadina-dina ꦭꦤꦶꦁꦮꦼꦔꦶꦤꦒꦫꦩꦶꦮꦃꦅꦁꦝꦸꦱꦸꦤ꧀ Lan ing wengi nagara miwah ing dhusun ꦏꦧꦺꦃꦏꦁꦥꦝꦄꦩ꧀ꦧꦼꦒꦤ꧀ Kabeh kang padha ambegan ꧇꧔꧇ 4 ꦏꦭꦩꦸꦤꦤꦩꦤꦸꦔ꧀ꦱ Kalamun ana manungsa ꦄꦚꦶꦔ꧀ꦒꦲꦶꦢꦸꦒꦶꦭꦮꦤ꧀ꦥꦿꦪꦺꦴꦒꦶ Anyinggahi dugi lawan prayog

ꦱꦼꦫꦠ꧀ꦮꦸꦭꦁꦫꦺꦃ - ꦒꦩ꧀ꦧꦸꦃ | Serat Wulang Reh - Gambuh

꧁ꦒꦩ꧀ꦧꦸꦃ꧂ ꧇꧑꧇ 1 ꦱꦼꦏꦂꦒꦩ꧀ꦧꦸꦃꦥꦶꦁꦕꦠꦸꦂ Sekar gambuh ping catur ꦏꦁꦕꦶꦤꦠꦸꦂꦥꦺꦴꦭꦃꦏꦁꦏꦭꦤ꧀ꦠꦸꦂ Kang cinatur polah kang kalantur ꦠꦤ꧀ꦥꦠꦸꦠꦸꦂꦏꦠꦸꦭꦠꦸꦭꦏꦠꦭꦶ Tanpa tutur katula-tula katali ꦏꦢꦭꦸꦮꦂꦱꦏꦠꦸꦠꦸꦃ Kadaluwarsa katutuh ꦏꦥꦠꦸꦃꦥꦤ꧀ꦢꦢꦶꦄꦮꦺꦴꦤ꧀ Kapatuh pan dadi awon ꧇꧒꧇ 2 ꦄꦗꦔꦤ꧀ꦠꦶꦏꦧꦚ꧀ꦗꦸꦂ Aja nganti kabanjur ꦱꦧꦫꦁꦥꦺꦴꦭꦃꦏꦁꦤꦺꦴꦫꦗꦸꦗꦸꦂ Sabarang polah kang nora jujur ꦪꦺꦤ꧀ꦏꦧꦚ꧀ꦗꦸꦂꦱꦪꦺꦏ꧀ꦠꦶꦏꦺꦴꦗꦸꦂꦧꦼꦕꦶꦏ꧀ Yen kabanjur sayekti kojur tan becik ꦧꦼꦕꦶꦏ꧀ꦔꦸꦥꦪꦴꦅꦏꦸ Becik ngupayaa iku ꦥꦶꦠꦸꦠꦸꦂꦅꦔ꧀ꦏꦁꦱꦪꦺꦏ꧀ꦠꦺꦴꦱ꧀ Pitutur ingkang sayektos ꧇꧓꧇ 3 ꦥꦶꦠꦸꦠꦸꦂꦧꦼꦤꦼꦂꦅꦏꦸ Pitutur bener iku ꦱꦪꦺꦏ꧀ꦠꦶꦤꦺꦄꦥꦤ꧀ꦠꦼꦱ꧀ꦠꦶꦤꦶꦫꦸ Sayektine apantes tiniru ꦤꦢꦾꦤ꧀ꦩꦼꦠꦸꦱꦏꦶꦁꦮꦺꦴꦁꦱꦸꦢꦿꦥꦥꦼꦏꦶ Nadyan metu saking wong sudra papeki ꦭꦩꦸꦤ꧀ꦧꦼꦕꦶꦏ꧀ꦔ꧀ꦒꦺꦴꦤꦺꦩꦸꦫꦸꦏ꧀ Lamun becik nggone muruk ꦅꦏꦸꦥꦤ꧀ꦠꦼꦱ꧀ꦱꦶꦫꦄꦔ꧀ꦒꦺꦴ Iku pantes sira anggo ꧇꧔꧇ 4 ꦄꦤꦥꦕꦥꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ Ana pocapanipun ꦄꦢꦶꦒꦸꦤꦄꦢꦶꦒꦁꦄꦢꦶꦒꦸꦁ Adiguna adigang adigung ꦥꦤꦢꦶꦒꦁꦏꦶꦢꦁꦄꦢꦶꦒꦸꦁꦥꦤꦺꦱ꧀ꦛꦶ Pan adigang kidang adigung pan esthi ꦄꦢꦶꦒꦸꦤꦈꦭꦅꦏꦸ Adiguna ula iku ꦠꦼꦭꦸꦥꦶꦱꦤ꧀ꦩꦠꦶꦱꦩ꧀ꦥꦾꦺꦴꦃ Telu pisan mati sampyoh ꧇꧕꧇ 5 ꦱꦶꦏꦶꦢꦁꦈꦩ꧀ꦧꦒꦶꦥꦸꦤ꧀ Si kidang umbagipun ꦄꦔꦤ꧀ꦢꦼꦭ꧀ꦏꦼꦤ꧀ꦏꦼꦧꦠ꧀ꦭꦸꦩ

ꦱꦼꦫꦠ꧀ꦮꦸꦭꦁꦫꦺꦃ - ꦏꦶꦤꦤ꧀ꦛꦶ | Serat Wulang Reh - Kinanthi

꧁ꦏꦶꦤꦤ꧀ꦝꦶ꧂ ꧇꧑꧇ 1 ꦥꦝꦒꦸꦭꦔꦼꦤꦶꦁꦏꦭ꧀ꦧꦸ Padha gulangen ing kalbu ꦅꦁꦱꦱ꧀ꦩꦶꦠꦄꦩꦿꦶꦃꦭꦤ꧀ꦠꦶꦥ꧀ Ing sasmita amrih lantip ꦄꦗꦥꦶꦗꦼꦂꦩꦔꦤ꧀ꦤꦺꦤ꧀ꦢꦿ Aja pijer mangan nendra ꦏꦥꦿꦮꦶꦫꦤ꧀ꦢꦺꦍꦤ꧀ꦏꦱ꧀ꦛꦶ Kaprawiran den kaesthi ꦥꦼꦱꦸꦤꦼꦤ꧀ꦱPꦫꦶꦫꦤꦶꦫ Pesunen sariranira ꦱꦸꦢꦤꦼꦤ꧀ꦝꦲꦂꦭꦤ꧀ꦒꦸꦭꦶꦁ Sudanen dhahar lan guling ꧇꧒꧇ 2 ꦢꦢꦶꦪꦭꦏꦸꦤꦶꦉꦏꦸ Dadiya lakunireku ꦕꦼꦒꦃꦝꦲꦂꦭꦮꦤ꧀ꦒꦸꦭꦶꦁ Cegah dhahar lawan guling ꦭꦤꦗꦏꦱꦸꦏꦤ꧀ꦱꦸꦏꦤ꧀ Lan aja kasukan-sukan ꦄꦔꦔ꧀ꦒꦺꦴꦮꦱꦮꦠꦮꦶꦱ꧀ Anganggoa sawatawis ꦄꦭꦮꦠꦏꦺꦮꦺꦴꦁꦱꦸꦏ Ala wateke wong suka ꦚꦸꦢꦥꦿꦪꦶꦠ꧀ꦤꦅꦁꦧꦠꦶꦤ꧀ Nyuda prayitna ing batin ꧇꧓꧇ 3 ꦪꦺꦤ꧀ꦮꦸꦱ꧀ꦠꦶꦤꦶꦠꦃꦮꦺꦴꦁꦄꦒꦸꦁ Yen wus tinitah wong agung ꦄꦗꦱꦶꦫꦒꦸꦔ꧀ꦒꦸꦁꦝꦶꦫꦶ Aja sira gunggung dhiri ꦄꦗꦊꦏꦼꦠ꧀ꦭꦤ꧀ꦮꦊꦁꦄꦭ Aja leket lan wong ala ꦏꦁꦄꦭꦭꦏꦸꦤꦶꦉꦏꦶ Kang ala lakunireki ꦤꦺꦴꦫꦮꦸꦫꦸꦁꦄꦗꦏꦗꦏ꧀ Nora wurung ajak-ajak ꦱꦠꦼꦩꦃꦄꦤꦼꦤꦸꦭꦫꦶ Satemah anenulari ꧇꧔꧇ 4 ꦤꦢꦾꦤꦱꦺꦴꦂꦮꦶꦗꦶꦭꦶꦥꦸꦤ꧀ Nadyan asor wijilipun ꦪꦺꦤ꧀ꦏꦭꦏꦸꦮꦤꦺꦧꦼꦕꦶꦏ꧀ Yen kalakuane becik ꦏꦭꦮꦤ꧀ꦱꦸꦒꦶꦃꦕꦫꦶꦠ Kalawan sugih carita ꦕꦫꦶꦠꦏꦁꦢꦢꦶꦩꦶꦱꦶꦭ꧀ Carita kang dadi misil ꦅꦏꦸꦥꦤ꧀ꦠꦼꦱ꧀ꦥꦉꦏꦤ Iku pantes parekana ꦢꦫꦥꦺꦴꦤ꧀ꦩꦸꦤ꧀ꦝꦏꦶꦁꦧꦸꦢꦶ Darapon mundhak ing budi ꧇꧕꧇ 5 ꦪꦺꦤ꧀ꦮꦺꦴꦁꦄꦤꦺꦴꦩ꧀ꦥꦤ

ꦱꦼꦫꦠ꧀ꦮꦸꦭꦁꦫꦺꦃ - ꦝꦤ꧀ꦝꦁꦒꦸꦭ | Serat Wulang Reh - Dhandhanggula

꧁ꦝꦤ꧀ꦝꦁꦒꦸꦭ꧂ ꧇꧑꧇ 1 ꦥꦩꦼꦝꦫꦺꦮꦱꦶꦠꦤꦶꦁꦄꦠꦶ Pamedhare wasitaning ati ꦕꦸꦩꦤ꧀ꦛꦏꦄꦤꦶꦫꦸꦥꦸꦗꦔ꧀ꦒ Cumanthaka aniru pujangga ꦢꦲꦠ꧀ꦩꦸꦝꦅꦁꦧꦠꦶꦤꦺ Dahat mudha ing batine ꦤꦔꦶꦁꦏꦺꦢꦃꦒꦶꦤꦸꦔ꧀ꦒꦸꦁ Nanging kedah ginunggung ꦠꦤ꧀ꦮꦿꦸꦃꦪꦺꦤ꧀ꦄꦏꦺꦃꦔꦺꦱꦼꦩꦶ Tan wruh yen akeh ngesemi ꦄꦩꦼꦏ꧀ꦱꦄꦔꦿꦸꦩ꧀ꦥꦏ Ameksa angrumpaka ꦧꦱꦏꦁꦏꦭꦤ꧀ꦠꦸꦂ Basa kang kalantur ꦠꦸꦠꦸꦂꦏꦁꦏꦠꦸꦭꦠꦸꦭ Tutur kang katula tula ꦠꦶꦤꦭꦠꦺꦤ꧀ꦫꦶꦤꦸꦫꦸꦃꦏꦭꦮꦤ꧀ꦫꦶꦫꦶꦃ Tinalaten rinuruh kalawan ririh ꦩꦿꦶꦃꦥꦝꦔꦶꦁꦱꦱ꧀ꦩꦶꦠ Mrih padhanging sasmita ꧇꧒꧇ 2 ꦱꦱ꧀ꦩꦶꦠꦤꦶꦁꦔꦻꦴꦫꦶꦥ꧀ꦥꦸꦤꦶꦏꦶ Sasmitaning ngaurip puniki ꦩꦥꦤ꧀ꦌꦮꦸꦃꦪꦺꦤ꧀ꦤꦺꦴꦫꦮꦼꦫꦸꦲ Mapan ewuh yen nora weruha ꦠꦚ꧀ꦗꦸꦩꦼꦤꦼꦁꦅꦁꦈꦫꦶꦥꦺ Tan jumeneng ing uripe ꦄꦏꦺꦃꦏꦁꦔꦏꦸꦔꦏꦸ Akeh kang ngaku-ngaku ꦥꦔꦿꦱꦤꦺꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦈꦢꦤꦶ Pangrasane sampun udani ꦠꦸꦂꦢꦸꦫꦸꦁꦮꦿꦸꦃꦅꦁꦫꦱ Tur durung wruh ing rasa ꦫꦱꦏꦁꦱꦠꦸꦲꦸ Rasa kang satuhu ꦫꦱꦤꦶꦁꦫꦱꦥꦸꦤꦶꦏ Rasaning rasa punika ꦈꦥꦪꦤꦼꦤ꧀ꦢꦫꦥꦺꦴꦤ꧀ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦂꦤꦈꦒꦶ Upayanen darapon sampurna ugi ꦅꦁꦏꦻꦴꦫꦶꦥꦤꦶꦫ Ing kauripanira ꧇꧓꧇ 3 ꦗꦿꦺꦴꦤꦶꦁꦐꦸꦂꦄꦤ꧀꧈ꦔ꧀ꦒꦺꦴꦤꦶꦁꦫꦱꦪꦼꦏ꧀ꦠꦶ Jroning Qur'an, nggoning rasa yekti ꦤꦔꦶꦁꦠꦥꦶꦭꦶꦃꦅꦠ꧀ꦏꦁꦈꦤꦶꦔ Nanging ta pilih ingkang uninga ꦏꦗꦧꦭꦮꦤ꧀ꦠꦸꦢꦸꦲꦺ Kajaba lawan tu