ꦱꦼꦫꦠ꧀ꦮꦸꦭꦁꦫꦺꦃ - ꦮꦶꦫꦔ꧀ꦫꦺꦴꦁ | Serat Wulang Reh - Wirangrong

꧁ꦮꦶꦫꦔ꧀ꦫꦺꦴꦁ꧂
Wirangrong

꧇꧑꧇
1
ꦢꦺꦤ꧀ꦱꦩꦾꦩꦂꦱꦸꦢꦺꦁꦧꦸꦢꦶ
Den samya marsudeng budi
ꦮꦺꦮꦺꦏꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦮꦱ꧀ꦥꦻꦴꦱ꧀
Weweka dipun waspaos
ꦄꦗꦢꦸꦩꦺꦃꦢꦸꦩꦺꦃ
Aja dumeh-dumeh
ꦧꦶꦱꦩꦸꦮꦸꦱ꧀
Bisa muwus
ꦪꦺꦤ꧀ꦠꦤ꧀ꦥꦤ꧀ꦠꦼꦱꦸꦒꦶ
Yen tan pantes ugi
ꦱꦤꦢꦾꦤ꧀ꦩꦸꦁꦱꦏꦼꦕꦥ꧀
Sanadyan mung sakecap
ꦪꦺꦤ꧀ꦠꦤ꧀ꦥꦤ꧀ꦠꦼꦱ꧀ꦥꦽꦤꦲꦶꦫ
Yen tan pantes Prenahira

꧇꧒꧇
2
ꦏꦸꦢꦸꦒꦺꦴꦭꦺꦏ꧀ꦩꦔ꧀ꦱꦈꦒꦶ
Kudu golek mangsa ugi
ꦥꦔ꧀ꦒꦺꦴꦤꦤ꧀ꦭꦩꦸꦤ꧀ꦩꦶꦫꦻꦴꦱ꧀
Panggonan lamun miraos
ꦭꦮꦤꦗꦄꦒꦺꦱꦶꦫꦩꦸꦮꦸꦱ꧀
Lawan aja age sira muwus
ꦢꦸꦤꦸꦔꦺꦠꦤ꧀ꦏꦺꦱ꧀ꦛꦶ
Dununge tan kesthi
ꦄꦗꦒꦮꦺꦏꦮꦼꦢꦭ꧀
Aja age kawedal
ꦪꦺꦤ꧀ꦢꦸꦫꦸꦁꦥꦤ꧀ꦠꦼꦱ꧀ꦫꦺꦴꦮꦔ꧀ꦚ
Yen durung pantes rowangnya

꧇꧓꧇
3
ꦫꦺꦴꦮꦁꦱꦥꦺꦴꦕꦥꦤꦸꦒꦶ
Rowang sapocapan ugi
ꦏꦁꦥꦤ꧀ꦠꦼꦱ꧀ꦔꦗꦏ꧀ꦕꦭꦛꦺꦴꦤ꧀
Kang pantes ngajak calathon
ꦄꦗꦱꦺꦴꦏ꧀ꦩꦼꦠꦸꦮꦮꦺꦴꦁꦕꦭꦛꦸ
Aja sok metuwa wong calathu
ꦄꦤꦥꦤ꧀ꦠꦺꦈꦒꦶ
Ana pante ugi
ꦫꦶꦤꦸꦔꦸꦩꦿꦶꦁꦄꦏꦛꦃ
Rinungu mring akathah
ꦄꦤꦱꦠꦼꦔꦃꦩꦶꦕꦫ
Ana satengah micara

꧇꧔꧇
4
ꦠꦤ꧀ꦥꦤ꧀ꦠꦼꦱꦏꦺꦃꦔꦮꦿꦸꦲꦶ
Tan pantes akeh ngawruhi
ꦩꦸꦭꦤꦺꦭꦩꦸꦤ꧀ꦩꦶꦫꦻꦴꦱ꧀
Mulane lamun miraos
ꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦔꦫꦲꦫꦃ
Dipun ngarah-arah
ꦪ꧀ꦮꦏꦧꦚ꧀ꦗꦸꦂ
Ywa kabanjur
ꦪꦺꦤ꧀ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦏꦮꦶꦗꦶꦭ꧀
Yen sampun kawijil
ꦠꦤ꧀ꦏꦼꦤꦠꦶꦤꦸꦠꦸꦠꦤ꧀
Tan kena tinututan
ꦩꦸꦭꦤꦺꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦿꦪꦶꦠ꧀ꦤ
Mulane dipun prayitna

꧇꧕꧇
5
ꦭꦤ꧀ꦩꦤꦶꦔꦺꦮꦺꦴꦁꦔꦻꦴꦫꦶ
Lan maninge wong ngauri
ꦄꦗꦏꦏꦺꦲ꧀ꦏꦺꦤ꧀ꦱꦸꦥꦻꦴꦱ꧀
Aja ngakehken supaos
ꦅꦏꦸꦒꦮꦺꦉꦒꦼꦢ꧀ꦧꦢꦤꦶꦥꦸꦤ꧀
Iku gawe reged badanipun
ꦤꦔꦶꦁꦩꦔ꧀ꦱꦩꦔ꧀ꦏꦶꦤ꧀
Nanging mangsa mangkin
ꦠꦤ꧀ꦤꦥꦺꦠꦸꦁꦥꦿꦏꦫ
Tan na petung prakara
ꦱꦥꦠꦒꦶꦤꦮꦺꦢꦶꦤꦤ꧀
Sapata ginawe dinan

꧇꧖꧇
6
ꦢꦺꦤ꧀ꦥꦝꦒꦼꦩꦶꦅꦁꦭꦛꦶ
Den padha gemi ing lathi
ꦄꦗꦔꦏꦺꦲ꧀ꦏꦺꦥꦶꦥꦶꦱꦺꦴꦃ
Aja ngakehke pipisoh
ꦕꦕꦃꦕꦸꦕꦃꦱꦽꦔꦺꦤ꧀ꦔꦧꦸꦭꦧꦸꦭ꧀
Cacah cucah srengen ngabul-abul
ꦭꦩꦸꦤꦤ꧀ꦢꦸꦏꦤꦶ
Lamun andukani
ꦢꦺꦤ꧀ꦢꦸꦩꦺꦭꦶꦁꦢꦺꦴꦱꦚ
Den dumeling dosanya
ꦩꦿꦶꦁꦄꦧ꧀ꦢꦶꦏꦁꦩꦶꦔ꧀ꦒꦶꦃꦢꦸꦏ
Mring abdi kang minggih duka

꧇꧗꧇
7
ꦭꦮꦤ꧀ꦥꦝꦢꦺꦤ꧀ꦥꦏꦺꦭꦶꦁ
Lawan padha den pakeling
ꦠꦼꦒꦸꦲꦤꦭꦻꦂꦧꦠꦺꦴꦱ꧀
Teguhana lair batos
ꦄꦗꦔꦭꦥ꧀ꦫꦤ꧀ꦝꦤꦺꦱꦢꦸꦭꦸꦂ
Aja ngalap randhane sadulur
ꦱꦤꦏ꧀ꦩꦶꦮꦃꦄꦧ꧀ꦢꦶ
Sanak miwah abdi
ꦏꦚ꧀ꦕꦫꦺꦮꦁꦱꦥꦔꦤ꧀
Kanca rewang sapangan
ꦩꦶꦮꦃꦩꦫꦶꦁꦥꦱꦤꦏꦤ꧀
Miwah maring pasanakan

꧇꧘꧇
8
ꦒꦮꦺꦱꦭꦃꦒꦿꦻꦠꦤꦶꦁ
Gawe salah graitaning
ꦅꦁꦭꦶꦪꦤ꧀ꦏꦁꦱꦩꦶꦄꦤꦺꦴꦩ꧀
Ing liyan kang sami anom
ꦤꦢꦾꦤ꧀ꦠꦺꦴꦭꦶꦭꦴꦭꦤꦔꦶꦥꦸꦤ꧀
Nadyan to lilaa lanangipun
ꦏꦁꦄꦔꦿꦸꦔꦸꦌꦭꦶꦃ
Kang angrungu elih
ꦅꦁꦧꦠꦶꦤ꧀ꦮꦤ꧀ꦥꦶꦠꦪ
Ing batin tan pitaya
ꦩꦔ꧀ꦱꦏꦸꦫꦔꦥꦫꦮꦤ꧀
Mangsa kuranga parawan

꧇꧙꧇
9
ꦠꦤ꧀ꦮꦸꦫꦸꦁꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦕꦶꦫꦺꦤꦶ
Tan wurung dipun cireni
ꦅꦁꦧꦠꦶꦤꦶꦔꦫꦤ꧀ꦫꦸꦱꦺꦴꦃ
Ing batin ingaran rusoh
ꦄꦏꦺꦃꦗꦒꦗꦒꦗꦿꦺꦴꦤꦶꦁꦏꦭ꧀ꦧꦸ
Akeh jaga-jaga jroning kalbu
ꦄꦫꦁꦔꦤ꧀ꦢꦼꦭ꧀ꦧꦠꦶꦤ꧀
Arang ngandel batin
ꦅꦁꦠꦾꦱꦺꦥꦝꦱꦸꦢ
Ing tyase padha suda
ꦥꦔꦤ꧀ꦢꦼꦭꦺꦩꦿꦶꦁꦧꦼꦤ꧀ꦢꦫ
Pangandele mring bendara

꧇꧑꧐꧇
10
ꦄꦤꦕꦕꦢꦒꦸꦁꦩꦭꦶꦃ
Ana cacad agung malih
ꦄꦔ꧀ꦭꦔ꧀ꦏꦸꦔꦶꦱꦏꦶꦁꦄꦮꦺꦴꦤ꧀
Anglangkungi saking awon
ꦄꦥꦤ꧀ꦱꦏꦮꦤꦶꦏꦸꦏꦲꦶꦥꦸꦤ꧀
Apan sakawan iku kahipun
ꦝꦶꦔꦶꦤ꧀ꦮꦺꦴꦁꦩꦢꦠꦶ
Dhingin wong madati
ꦥꦶꦤ꧀ꦝꦺꦴꦮꦺꦴꦁꦔꦧꦺꦴꦠꦺꦴꦲꦤ꧀
Pindho wong ngabotohan
ꦏꦥꦶꦁꦠꦶꦒꦮꦺꦴꦁꦢꦸꦂꦗꦤ
Kaping tiga wong durjana

꧇꧑꧑꧇
11
ꦏꦥꦶꦁꦱꦼꦏꦮꦤꦺꦈꦒꦶ
Kaping sekawane ugi
ꦮꦺꦴꦁꦄꦠꦶꦱꦸꦢꦒꦂꦄꦮꦺꦴꦤ꧀
wong ati sudagar awon
ꦩꦥꦤ꧀ꦱꦸꦏꦱꦸꦒꦶꦃꦮꦠꦏꦶꦥꦸꦤ꧀
Mapan suka sugih watakipun
ꦅꦁꦫꦶꦤꦭꦤ꧀ꦮꦼꦔꦶ
Ing rina lan wengi
ꦩꦸꦁꦧꦛꦶꦤꦺꦢꦺꦤꦺꦠꦸꦁ
Mung bathine den etung 
ꦄꦭꦸꦲꦸꦩ꧀ꦭꦩꦸꦤ꧀ꦏꦭꦺꦴꦔ
Aluhum lamun kalonga

꧇꧑꧒꧇
12
ꦅꦏꦸꦈꦥꦩꦤꦺꦈꦒꦶ
Iku upamane ugi
ꦢꦸꦮꦺꦝꦸꦮꦶꦠ꧀ꦥꦶꦠꦸꦁꦧꦒꦺꦴꦂ
Duwe dhuwit pitung bagor
ꦩꦥꦤꦺꦴꦫꦩꦉꦩꦶꦁꦠꦾꦱꦶꦥꦸꦤ꧀
Mapan ora marem ing tyasipun
ꦅꦭꦔꦺꦱꦝꦸꦮꦶꦠ꧀
Ilange sadhuwit
ꦒꦼꦒꦼꦠꦸꦤ꧀ꦥꦠꦁꦮꦂꦱ
Gegetun patang warsa
ꦥꦝꦭꦤꦶꦭꦁꦱꦊꦏ꧀ꦱ
Padha lan ilang saleksa

꧇꧑꧓꧇
13
ꦮꦺꦴꦁꦄꦠꦶꦱꦸꦢꦒꦂꦈꦒꦶ
Wong ati sudagar ugi
ꦱꦧꦫꦁꦥꦿꦏꦫꦠꦩ꧀ꦧꦺꦴꦃ
Sabarang prakara tamboh
ꦄꦩꦸꦁꦪꦺꦤꦤꦮꦺꦴꦁꦠꦼꦏꦅꦏꦸ
Amung yen ana wong teka iku
ꦄꦔ꧀ꦒꦮꦈꦒꦶ
Anggawa ugi 
ꦒꦒꦝꦺꦤ꧀ꦥꦤ꧀ꦠꦸꦩꦿꦔ꧀ꦒꦭ꧀
Gagadhen pan tumranggal 
ꦈꦭꦠꦺꦠꦼꦏꦱꦸꦩꦿꦶꦔꦃ
Ulate teka sumringah

꧇꧑꧔꧇
14
ꦢꦺꦤꦺꦮꦺꦴꦁꦢꦸꦂꦗꦤꦈꦒꦶ
Dene wong durjana ugi
ꦤꦺꦴꦫꦤꦤꦢꦺꦤ꧀ꦧꦠꦺꦴꦱ꧀
Nora nana den batos 
ꦫꦶꦤꦮꦼꦔꦶꦄꦩꦺꦴꦁꦏꦁꦢꦺꦤꦺꦠꦸꦁ
Rina wengi among kang den etung
ꦢꦸꦮꦺꦏꦶꦁꦅꦪꦤ꧀ꦤꦼꦔ꧀ꦒꦶꦃ
Duweking iyan neggih
ꦢꦲꦠ꧀ꦢꦠꦤ꧀ꦥꦿꦪꦺꦴꦒ
Dahat datan prayoga 
ꦏꦭꦩꦸꦤ꧀ꦮꦠꦼꦏ꧀ꦢꦸꦂꦗꦤ
Kalamun watek durjana

꧇꧑꧕꧇
15
ꦢꦺꦤꦺꦩꦺꦴꦩꦺꦴꦃꦥꦸꦤꦶꦏꦶ
Dene bobotoh puniki 
ꦱꦧꦫꦁꦥꦏꦂꦪꦤꦺꦩꦺꦴꦃ
Sabarang pakaryan emoh 
ꦭꦮꦤ꧀ꦏꦛꦭꦶꦚꦺꦴꦏ꧀ꦥꦫꦥꦢꦸ
Lawan katha linyok para padu
ꦪꦺꦤ꧀ꦥꦮꦶꦠꦤꦺꦤ꧀ꦠꦶꦁ
Yen pawitan enting 
ꦠꦤ꧀ꦮꦸꦫꦸꦁꦄꦔ꧀ꦒꦒꦩ꧀ꦥꦁ
Tan wurung anggagampang 
ꦪꦩꦫꦁꦢꦂꦧꦺꦏꦺꦱꦤꦏ꧀
Ya marang darbeke sanak

꧇꧑꧖꧇
16
ꦤꦢꦾꦤ꧀ꦮꦱꦶꦪꦠꦶꦁꦏꦏꦶ
Nadyan wasiyating kaki
ꦤꦺꦴꦫꦮꦸꦫꦸꦁꦢꦶꦥꦸꦤꦺꦢꦺꦴꦭ꧀
Nora wurung dipun edol
ꦭꦩꦸꦤ꧀ꦩꦼꦤꦁꦌꦤ꧀ꦢꦃꦒꦮꦺꦄꦔ꧀ꦏꦸꦃ
Lamun menang endah gawe angkuh
ꦥꦤ꧀ꦏꦪꦧꦸꦥꦠꦶ
Pan kaya bupati
ꦮꦺꦮꦺꦃꦠꦤ꧀ꦔꦫꦲꦫꦃ
Weweh tan ngarah arah 
ꦥꦸꦤꦶꦏꦄꦮꦺꦴꦤꦶꦁꦧꦔ꧀ꦱꦠ꧀
Punika awoning bangsat

꧇꧑꧗꧇
17
ꦏꦼꦧꦸꦠꦸꦲꦤ꧀ꦥꦶꦱꦤ꧀ꦩꦭꦶꦁ
Kebutuhan pisan maling 
ꦠꦶꦤꦶꦠꦺꦤꦤ꧀ꦱꦪꦄꦮꦺꦴꦤ꧀
Tinitenan saya awon
ꦄꦥꦤ꧀ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦥꦺꦴꦤꦺꦢꦶꦥꦸꦤ꧀
Apan boten ponedipun
ꦥꦿꦩꦶꦭꦤꦺꦱꦩꦶ
Pramilane sami
ꦱꦢꦪꦚꦶꦔ꧀ꦒꦲꦤ
Sadaya nyinggahana
ꦄꦔ꧀ꦒꦸꦭꦁꦔꦧꦺꦴꦠꦺꦴꦲꦤ꧀
Anggulang ngabotohan

꧇꧑꧘꧇
18
ꦢꦺꦤꦺꦮꦺꦴꦁꦅꦔ꧀ꦏꦁꦩꦢꦠꦶ
Dene wong ingkang madati
ꦏꦼꦱꦺꦢꦺꦏꦩꦺꦴꦫꦺꦴꦤ꧀ꦭꦸꦩꦺꦴꦃ
Kesede kamoron lumoh
ꦄꦩꦺꦴꦁꦅꦔ꧀ꦏꦁꦢꦢꦶꦱꦼꦤꦼꦔꦶꦥꦸꦤ꧀
Among ingkang dadi senengipun 
ꦔꦝꦼꦥ꧀ꦢꦶꦪꦤ꧀ꦱꦂꦮꦶ
Ngadhep diyan sarwi 
ꦭꦶꦔ꧀ꦒꦶꦃꦔꦩ꧀ꦧꦺꦤ꧀ꦗꦼꦗꦼꦒꦁ
Linggih ngamben jejegang
ꦱꦂꦮꦶꦃꦊꦪꦔꦤ꧀ꦧꦼꦢꦸꦢꦤ꧀
Sarwih leyangan bedudan

꧇꧑꧙꧇
19
ꦪꦺꦤ꧀ꦭꦺꦫꦺꦤ꧀ꦚꦺꦫꦺꦠꦝꦶꦝꦶꦱ꧀
Yen leren nyeret adhidhis 
ꦤꦼꦠꦿꦤꦺꦥꦤ꧀ꦩꦼꦉꦩ꧀ꦏꦫꦺꦴ
Netrane pan merem karo
ꦪꦺꦤꦸꦮꦶꦱ꧀ꦢꦢꦶꦄꦮꦏꦺꦄꦏꦸꦫꦸ
Yen uwis dadi awake akuru
ꦕꦃꦪꦧꦶꦫꦸꦥꦸꦠꦶꦃ
Cahya biru putih
ꦚꦼꦊꦧꦸꦠ꧀ꦮꦼꦢꦶꦏꦺꦴꦪ
Nyelebut wedi toya
ꦭꦩ꧀ꦧꦺꦧꦶꦫꦸꦈꦤ꧀ꦠꦸꦥꦼꦛꦏ꧀
Lambe biru untu pethak 

꧇꧒꧐꧇
20
ꦧꦼꦠꦺꦏꦺꦱꦠꦿꦺꦴꦤ꧀ꦭꦤ꧀ꦒꦩ꧀ꦧꦶꦂ
Beteke satron lan gambir
ꦗꦩ꧀ꦧꦺꦱꦸꦫꦸꦃꦄꦫꦁꦩꦮꦺꦴꦃ
Jambe suruh arang mawoh
ꦄꦩ꧀ꦧꦼꦒꦤꦺꦱꦂꦮꦶꦩꦼꦭꦂꦩꦶꦔ꧀ꦏꦸꦱ꧀
Ambegane sarwi melar mingkus
ꦮꦠꦸꦏꦺꦄꦔꦶꦒꦶꦭ꧀
Watuke angigil
ꦗꦭꦒꦿꦄꦤꦶꦁꦝꦝ
Jalagra aning dhadha
ꦠꦤ꧀ꦮꦸꦫꦸꦁꦔꦱ꧀ꦠꦧꦺꦴꦭꦶꦫ
Tan wurung ngasta bolira

꧇꧒꧑꧇
21
ꦪꦺꦤ꧀ꦩꦠꦶꦔꦔ꧀ꦒꦺꦴꦤ꧀ꦢꦭꦶꦤ꧀ꦢꦶꦁ
Yen mati nganggo ndalinding 
ꦱꦸꦥꦿꦤ꧀ꦢꦺꦤꦺꦤꦺꦴꦫꦏꦥꦺꦴꦏ꧀
Suprandene nora kapok
ꦅꦏꦸꦥꦝꦱꦶꦔ꧀ꦒꦃꦄꦤꦥꦠꦸꦠ꧀
Iku padha singgah ana patut
ꦄꦗꦤꦔ꧀ꦭꦏꦺꦴꦤꦶ
Aja na  nglakoni
ꦮꦺꦴꦁꦩꦔꦤꦥꦾꦸꦤꦭ
Wong mangan apyun ala
ꦈꦫꦶꦥꦺꦢꦢꦶꦠꦺꦴꦤ꧀ꦠꦺꦴꦤꦤ꧀
Uripe dadi tontonan 

꧇꧒꧒ꦂ
22
ꦅꦏꦸꦏꦧꦺꦃꦤꦺꦴꦫꦧꦼꦕꦶꦏ꧀
Iku kabeh nora becik
ꦄꦗꦤꦮꦤꦶꦄꦔꦔ꧀ꦒꦺꦴ
Aja na wani anganggo
ꦥꦔ꧀ꦒꦮꦺꦥꦠꦁꦥꦿꦏꦫꦅꦏꦸ
Panggawe patang prakara iku 
ꦢꦺꦤ꧀ꦥꦝꦥꦏꦺꦭꦶꦁ
Den padha pakeling
ꦄꦗꦤꦮꦤꦶꦤꦼꦫꦏ꧀
Aja na wani nerak 
ꦏꦁꦤꦼꦫꦏ꧀ꦠꦤ꧀ꦩꦔ꧀ꦒꦶꦃꦲꦂꦗ
Kang nerak tan manggih harja 

꧇꧒꧓꧇
23
ꦭꦮꦤꦤꦮꦊꦂꦩꦭꦶꦃ
Lawan ana waler malih 
ꦄꦗꦱꦺꦴꦏꦔ꧀ꦒꦸꦁꦏꦮꦸꦫꦺꦴꦤ꧀
Aja sok anggung kawuron 
ꦔꦶꦤꦸꦩ꧀ꦱꦗꦒ꧀ꦠꦤ꧀ꦥꦩꦔ꧀ꦱꦅꦏꦸ
Nginum sajag tanpa mangsa iku
ꦌꦤ꧀ꦢꦶꦊꦫꦶꦈꦒꦶ
Endi leri ugi 
ꦄꦔꦺꦴꦩ꧀ꦧꦺꦱꦧꦼꦤ꧀ꦢꦶꦤ
Angombe saben dina 
ꦥꦤꦶꦏꦸꦮꦠꦼꦏꦺꦄꦭ
Pan iku wateke ala

꧇꧒꧔꧇
24
ꦏꦭꦩꦸꦤ꧀ꦮꦺꦴꦁꦮꦸꦫꦸꦈꦒꦶ
Kalamun wong wuru ugi
ꦅꦭꦁꦥꦿꦪꦶꦠ꧀ꦤꦤꦶꦁꦧꦠꦺꦴꦱ꧀
Ilang prayitnaning batos
ꦤꦺꦴꦫꦄꦗꦼꦒ꧀ꦧꦫꦁꦥꦶꦏꦶꦫꦶꦥꦸꦤ꧀
Nora ajeg barang pikiripun
ꦌꦭꦶꦔꦺꦅꦁꦄꦠꦶ
Elige ing ati 
ꦥꦤ꧀ꦧꦭꦶꦪꦂꦧꦭꦶꦪꦂ
Pan baliyar-baliyar
ꦌꦤ꧀ꦢꦶꦠꦅꦁꦧꦼꦕꦶꦏꦶꦫ
Endi ta ing becikira

꧇꧒꧕꧇
25
ꦭꦤꦗꦏꦉꦩ꧀ꦱꦶꦉꦏꦶ
lan aja karem sireki
ꦅꦁꦮꦤꦺꦴꦢꦾꦅꦔ꧀ꦏꦁꦄꦮꦺꦴꦤ꧀
Ing wanodya ingkang awon 
ꦭꦤꦗꦧꦸꦏꦮꦢꦶꦱꦶꦉꦏꦸ
lan aja buka wadi sireku
ꦔꦿꦱꦤꦶꦁꦥꦮꦺꦱ꧀ꦠꦿꦶ
Ngrasaning pawestri 
ꦠꦤ꧀ꦮꦸꦫꦸꦁꦤꦸꦭꦶꦕꦺꦴꦫꦃ
Tan wurung nuli corah 
ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦭꦸꦩꦿꦲꦶꦁꦮꦤꦶꦠ
Sampun lumrahing wanita

꧇꧒꧖꧇
26
ꦠꦤ꧀ꦧꦶꦱꦱꦶꦩ꧀ꦥꦼꦤ꧀ꦮꦮꦢꦶ
Tan bisa simpen wawadi 
ꦱꦏꦶꦁꦫꦸꦥꦤꦺꦅꦁꦧꦠꦺꦴꦱ꧀
Saking rupane ing batos 
ꦥꦤ꧀ꦮꦸꦱꦶꦤꦤ꧀ꦕꦶꦌꦤꦶꦁꦲꦾꦁꦄꦒꦸꦁ
Pan wus inanci ening hyang agung
ꦤꦶꦠꦃꦏꦼꦤ꧀ꦥꦮꦺꦱ꧀ꦠꦿꦶ
Nitahken pawestri 
Apan niku kinaya 
ꦒꦚ꧀ꦗꦫꦤ꧀ꦩꦫꦶꦁꦮꦺꦴꦁꦥꦿꦶꦪ
Ganjaran maring wong priya

꧇꧒꧗꧇
27
ꦏꦧꦺꦃꦢꦺꦤ꧀ꦥꦝꦤꦱ꧀ꦠꦶꦠꦶ
Kabeh den padha nastiti
ꦩꦫꦁꦥꦶꦠꦸꦠꦸꦂꦏꦁꦪꦼꦏ꧀ꦠꦺꦴꦱ꧀
Marang pitutur kang yektos
ꦄꦗꦢꦸꦩꦺꦃꦠꦸꦠꦸꦂꦠꦤ꧀ꦥꦝꦥꦸꦂ
Aja dumeh tutur tanpa dhapur
ꦪꦺꦤ꧀ꦧꦏꦭꦺꦧꦼꦕꦶꦏ꧀
Yen bakale becik 
ꦢꦺꦤꦔ꧀ꦒꦺꦴꦮꦺꦃꦩꦸꦥ꦳ꦔꦠ꧀
Den anggo weh mufangat
ꦏꦪꦥꦸꦕꦸꦁꦭꦤ꧀ꦏꦭꦸꦮꦏ꧀
Kaya pucung lan kaluwak

Postingan populer dari blog ini

Soak Lukis Malang

ꦱꦼꦫꦠ꧀ꦮꦸꦭꦁꦫꦺꦃ - ꦏꦶꦤꦤ꧀ꦛꦶ | Serat Wulang Reh - Kinanthi