Postingan

Menampilkan postingan dengan label dhandhanggula

ꦱꦼꦫꦠ꧀ꦮꦸꦭꦁꦫꦺꦃ - ꦝꦤ꧀ꦝꦁꦒꦸꦭ | Serat Wulang Reh - Dhandhanggula

꧁ꦝꦤ꧀ꦝꦁꦒꦸꦭ꧂ ꧇꧑꧇ 1 ꦥꦩꦼꦝꦫꦺꦮꦱꦶꦠꦤꦶꦁꦄꦠꦶ Pamedhare wasitaning ati ꦕꦸꦩꦤ꧀ꦛꦏꦄꦤꦶꦫꦸꦥꦸꦗꦔ꧀ꦒ Cumanthaka aniru pujangga ꦢꦲꦠ꧀ꦩꦸꦝꦅꦁꦧꦠꦶꦤꦺ Dahat mudha ing batine ꦤꦔꦶꦁꦏꦺꦢꦃꦒꦶꦤꦸꦔ꧀ꦒꦸꦁ Nanging kedah ginunggung ꦠꦤ꧀ꦮꦿꦸꦃꦪꦺꦤ꧀ꦄꦏꦺꦃꦔꦺꦱꦼꦩꦶ Tan wruh yen akeh ngesemi ꦄꦩꦼꦏ꧀ꦱꦄꦔꦿꦸꦩ꧀ꦥꦏ Ameksa angrumpaka ꦧꦱꦏꦁꦏꦭꦤ꧀ꦠꦸꦂ Basa kang kalantur ꦠꦸꦠꦸꦂꦏꦁꦏꦠꦸꦭꦠꦸꦭ Tutur kang katula tula ꦠꦶꦤꦭꦠꦺꦤ꧀ꦫꦶꦤꦸꦫꦸꦃꦏꦭꦮꦤ꧀ꦫꦶꦫꦶꦃ Tinalaten rinuruh kalawan ririh ꦩꦿꦶꦃꦥꦝꦔꦶꦁꦱꦱ꧀ꦩꦶꦠ Mrih padhanging sasmita ꧇꧒꧇ 2 ꦱꦱ꧀ꦩꦶꦠꦤꦶꦁꦔꦻꦴꦫꦶꦥ꧀ꦥꦸꦤꦶꦏꦶ Sasmitaning ngaurip puniki ꦩꦥꦤ꧀ꦌꦮꦸꦃꦪꦺꦤ꧀ꦤꦺꦴꦫꦮꦼꦫꦸꦲ Mapan ewuh yen nora weruha ꦠꦚ꧀ꦗꦸꦩꦼꦤꦼꦁꦅꦁꦈꦫꦶꦥꦺ Tan jumeneng ing uripe ꦄꦏꦺꦃꦏꦁꦔꦏꦸꦔꦏꦸ Akeh kang ngaku-ngaku ꦥꦔꦿꦱꦤꦺꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦈꦢꦤꦶ Pangrasane sampun udani ꦠꦸꦂꦢꦸꦫꦸꦁꦮꦿꦸꦃꦅꦁꦫꦱ Tur durung wruh ing rasa ꦫꦱꦏꦁꦱꦠꦸꦲꦸ Rasa kang satuhu ꦫꦱꦤꦶꦁꦫꦱꦥꦸꦤꦶꦏ Rasaning rasa punika ꦈꦥꦪꦤꦼꦤ꧀ꦢꦫꦥꦺꦴꦤ꧀ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦂꦤꦈꦒꦶ Upayanen darapon sampurna ugi ꦅꦁꦏꦻꦴꦫꦶꦥꦤꦶꦫ Ing kauripanira ꧇꧓꧇ 3 ꦗꦿꦺꦴꦤꦶꦁꦐꦸꦂꦄꦤ꧀꧈ꦔ꧀ꦒꦺꦴꦤꦶꦁꦫꦱꦪꦼꦏ꧀ꦠꦶ Jroning Qur'an, nggoning rasa yekti ꦤꦔꦶꦁꦠꦥꦶꦭꦶꦃꦅꦠ꧀ꦏꦁꦈꦤꦶꦔ Nanging ta pilih ingkang uninga ꦏꦗꦧꦭꦮꦤ꧀ꦠꦸꦢꦸꦲꦺ Kajaba lawan tu...