Postingan

Menampilkan postingan dengan label kinanthi

ꦱꦼꦫꦠ꧀ꦮꦸꦭꦁꦫꦺꦃ - ꦏꦶꦤꦤ꧀ꦛꦶ | Serat Wulang Reh - Kinanthi

꧁ꦏꦶꦤꦤ꧀ꦝꦶ꧂ ꧇꧑꧇ 1 ꦥꦝꦒꦸꦭꦔꦼꦤꦶꦁꦏꦭ꧀ꦧꦸ Padha gulangen ing kalbu ꦅꦁꦱꦱ꧀ꦩꦶꦠꦄꦩꦿꦶꦃꦭꦤ꧀ꦠꦶꦥ꧀ Ing sasmita amrih lantip ꦄꦗꦥꦶꦗꦼꦂꦩꦔꦤ꧀ꦤꦺꦤ꧀ꦢꦿ Aja pijer mangan nendra ꦏꦥꦿꦮꦶꦫꦤ꧀ꦢꦺꦍꦤ꧀ꦏꦱ꧀ꦛꦶ Kaprawiran den kaesthi ꦥꦼꦱꦸꦤꦼꦤ꧀ꦱPꦫꦶꦫꦤꦶꦫ Pesunen sariranira ꦱꦸꦢꦤꦼꦤ꧀ꦝꦲꦂꦭꦤ꧀ꦒꦸꦭꦶꦁ Sudanen dhahar lan guling ꧇꧒꧇ 2 ꦢꦢꦶꦪꦭꦏꦸꦤꦶꦉꦏꦸ Dadiya lakunireku ꦕꦼꦒꦃꦝꦲꦂꦭꦮꦤ꧀ꦒꦸꦭꦶꦁ Cegah dhahar lawan guling ꦭꦤꦗꦏꦱꦸꦏꦤ꧀ꦱꦸꦏꦤ꧀ Lan aja kasukan-sukan ꦄꦔꦔ꧀ꦒꦺꦴꦮꦱꦮꦠꦮꦶꦱ꧀ Anganggoa sawatawis ꦄꦭꦮꦠꦏꦺꦮꦺꦴꦁꦱꦸꦏ Ala wateke wong suka ꦚꦸꦢꦥꦿꦪꦶꦠ꧀ꦤꦅꦁꦧꦠꦶꦤ꧀ Nyuda prayitna ing batin ꧇꧓꧇ 3 ꦪꦺꦤ꧀ꦮꦸꦱ꧀ꦠꦶꦤꦶꦠꦃꦮꦺꦴꦁꦄꦒꦸꦁ Yen wus tinitah wong agung ꦄꦗꦱꦶꦫꦒꦸꦔ꧀ꦒꦸꦁꦝꦶꦫꦶ Aja sira gunggung dhiri ꦄꦗꦊꦏꦼꦠ꧀ꦭꦤ꧀ꦮꦊꦁꦄꦭ Aja leket lan wong ala ꦏꦁꦄꦭꦭꦏꦸꦤꦶꦉꦏꦶ Kang ala lakunireki ꦤꦺꦴꦫꦮꦸꦫꦸꦁꦄꦗꦏꦗꦏ꧀ Nora wurung ajak-ajak ꦱꦠꦼꦩꦃꦄꦤꦼꦤꦸꦭꦫꦶ Satemah anenulari ꧇꧔꧇ 4 ꦤꦢꦾꦤꦱꦺꦴꦂꦮꦶꦗꦶꦭꦶꦥꦸꦤ꧀ Nadyan asor wijilipun ꦪꦺꦤ꧀ꦏꦭꦏꦸꦮꦤꦺꦧꦼꦕꦶꦏ꧀ Yen kalakuane becik ꦏꦭꦮꦤ꧀ꦱꦸꦒꦶꦃꦕꦫꦶꦠ Kalawan sugih carita ꦕꦫꦶꦠꦏꦁꦢꦢꦶꦩꦶꦱꦶꦭ꧀ Carita kang dadi misil ꦅꦏꦸꦥꦤ꧀ꦠꦼꦱ꧀ꦥꦉꦏꦤ Iku pantes parekana ꦢꦫꦥꦺꦴꦤ꧀ꦩꦸꦤ꧀ꦝꦏꦶꦁꦧꦸꦢꦶ Darapon mundhak ing budi ꧇꧕꧇ 5 ꦪꦺꦤ꧀ꦮꦺꦴꦁꦄꦤꦺꦴꦩ꧀ꦥꦤ...