ꦱꦼꦫꦠ꧀ꦮꦸꦭꦁꦫꦺꦃ - ꦏꦶꦤꦤ꧀ꦛꦶ | Serat Wulang Reh - Kinanthi

꧁ꦏꦶꦤꦤ꧀ꦝꦶ꧂

꧇꧑꧇
1
ꦥꦝꦒꦸꦭꦔꦼꦤꦶꦁꦏꦭ꧀ꦧꦸ
Padha gulangen ing kalbu
ꦅꦁꦱꦱ꧀ꦩꦶꦠꦄꦩꦿꦶꦃꦭꦤ꧀ꦠꦶꦥ꧀
Ing sasmita amrih lantip
ꦄꦗꦥꦶꦗꦼꦂꦩꦔꦤ꧀ꦤꦺꦤ꧀ꦢꦿ
Aja pijer mangan nendra
ꦏꦥꦿꦮꦶꦫꦤ꧀ꦢꦺꦍꦤ꧀ꦏꦱ꧀ꦛꦶ
Kaprawiran den kaesthi
ꦥꦼꦱꦸꦤꦼꦤ꧀ꦱPꦫꦶꦫꦤꦶꦫ
Pesunen sariranira
ꦱꦸꦢꦤꦼꦤ꧀ꦝꦲꦂꦭꦤ꧀ꦒꦸꦭꦶꦁ
Sudanen dhahar lan guling

꧇꧒꧇
2
ꦢꦢꦶꦪꦭꦏꦸꦤꦶꦉꦏꦸ
Dadiya lakunireku
ꦕꦼꦒꦃꦝꦲꦂꦭꦮꦤ꧀ꦒꦸꦭꦶꦁ
Cegah dhahar lawan guling
ꦭꦤꦗꦏꦱꦸꦏꦤ꧀ꦱꦸꦏꦤ꧀
Lan aja kasukan-sukan
ꦄꦔꦔ꧀ꦒꦺꦴꦮꦱꦮꦠꦮꦶꦱ꧀
Anganggoa sawatawis
ꦄꦭꦮꦠꦏꦺꦮꦺꦴꦁꦱꦸꦏ
Ala wateke wong suka
ꦚꦸꦢꦥꦿꦪꦶꦠ꧀ꦤꦅꦁꦧꦠꦶꦤ꧀
Nyuda prayitna ing batin

꧇꧓꧇
3
ꦪꦺꦤ꧀ꦮꦸꦱ꧀ꦠꦶꦤꦶꦠꦃꦮꦺꦴꦁꦄꦒꦸꦁ
Yen wus tinitah wong agung
ꦄꦗꦱꦶꦫꦒꦸꦔ꧀ꦒꦸꦁꦝꦶꦫꦶ
Aja sira gunggung dhiri
ꦄꦗꦊꦏꦼꦠ꧀ꦭꦤ꧀ꦮꦊꦁꦄꦭ
Aja leket lan wong ala
ꦏꦁꦄꦭꦭꦏꦸꦤꦶꦉꦏꦶ
Kang ala lakunireki
ꦤꦺꦴꦫꦮꦸꦫꦸꦁꦄꦗꦏꦗꦏ꧀
Nora wurung ajak-ajak
ꦱꦠꦼꦩꦃꦄꦤꦼꦤꦸꦭꦫꦶ
Satemah anenulari

꧇꧔꧇
4
ꦤꦢꦾꦤꦱꦺꦴꦂꦮꦶꦗꦶꦭꦶꦥꦸꦤ꧀
Nadyan asor wijilipun
ꦪꦺꦤ꧀ꦏꦭꦏꦸꦮꦤꦺꦧꦼꦕꦶꦏ꧀
Yen kalakuane becik
ꦏꦭꦮꦤ꧀ꦱꦸꦒꦶꦃꦕꦫꦶꦠ
Kalawan sugih carita
ꦕꦫꦶꦠꦏꦁꦢꦢꦶꦩꦶꦱꦶꦭ꧀
Carita kang dadi misil
ꦅꦏꦸꦥꦤ꧀ꦠꦼꦱ꧀ꦥꦉꦏꦤ
Iku pantes parekana
ꦢꦫꦥꦺꦴꦤ꧀ꦩꦸꦤ꧀ꦝꦏꦶꦁꦧꦸꦢꦶ
Darapon mundhak ing budi

꧇꧕꧇
5
ꦪꦺꦤ꧀ꦮꦺꦴꦁꦄꦤꦺꦴꦩ꧀ꦥꦤ꧀ꦮꦶꦱ꧀ꦠꦩ꧀ꦠꦸ
Yen wong anom pan wis tamtu
ꦩꦤꦸꦠ꧀ꦩꦫꦁꦏꦁꦔꦝꦼꦥꦶ
Manut marang kang ngadhepi
ꦪꦺꦤ꧀ꦏꦁꦔꦝꦼꦥꦏꦺꦃꦧꦔ꧀ꦱꦠ꧀
Yen kang ngadhep akeh bangsat
ꦢꦠꦤ꧀ꦮꦸꦫꦸꦁꦧꦶꦱꦗꦸꦠꦶ
Datan wurung bisa juti
ꦪꦺꦤ꧀ꦏꦁꦔꦝꦼꦥ꧀ꦏꦺꦃꦢꦸꦂꦗꦤ
Yen kang ngadhep keh durjana
ꦤꦺꦴꦫꦮꦸꦫꦸꦁꦧꦶꦱꦩꦭꦶꦁ
Nora wurung bisa maling

꧇꧖꧇
6
ꦱꦤꦢꦾꦤ꧀ꦠꦤꦺꦴꦫꦩꦺꦭꦸ
Sanadyanta nora melu
ꦥꦱ꧀ꦛꦶꦮꦿꦸꦃꦱꦺꦴꦭꦲꦶꦁꦩꦭꦶꦁ
Pasthi wruh solahing maling
ꦏꦪꦩꦔ꧀ꦏꦺꦴꦤꦺꦴꦱꦧꦫꦁ
Kaya mangkono sabarang
ꦥꦔ꧀ꦒꦮꦺꦄꦭꦥꦸꦤꦶꦏꦶ
Panggawe ala puniki
ꦱꦺꦴꦏ꧀ꦮꦼꦫꦸꦲꦤꦸꦭꦶꦧꦶꦱ
Sok weruha nuli bisa
ꦪꦺꦏꦸꦥꦤꦸꦤ꧀ꦠꦸꦤꦶꦁꦅꦧ꧀ꦭꦶꦱ꧀
Yeku panuntuning iblis

꧇꧗꧇
7
ꦥꦔ꧀ꦒꦮꦺꦧꦼꦕꦶꦏ꧀ꦥꦸꦤꦶꦏꦸ
Panggawe becik puniku
ꦒꦩ꧀ꦥꦁꦪꦺꦤ꧀ꦮꦸꦱ꧀ꦢꦺꦤ꧀ꦭꦏꦺꦴꦤꦶ
Gampang yen wus den lakoni
ꦄꦔꦼꦭ꧀ꦪꦺꦤ꧀ꦢꦸꦫꦸꦁꦏꦭꦏꦾꦤ꧀
Angel yen durung kalakyan
ꦄꦫꦱꦫꦱꦼꦤ꧀ꦔ꧀ꦭꦏꦺꦴꦢꦶ
Aras-arasen nglakoni
ꦠꦸꦂꦅꦏꦸꦢꦺꦤ꧀ꦭꦏꦺꦴꦤꦤ
Tur iku den lakonana
ꦩꦸꦥ꦳ꦔꦠꦶꦧꦢꦤꦼꦏꦶ
Mufangati badaneki

꧇꧘꧇
8
ꦭꦤ꧀ꦮꦺꦴꦁꦄꦤꦺꦴꦩꦤꦺꦴꦩꦶꦏꦸ
Lan wong anom-anom iku
ꦏꦁꦏꦔ꧀ꦒꦺꦴꦅꦁꦩꦔ꧀ꦱꦅꦏꦶ
Kang kanggo ing mangsa iki
ꦄꦤ꧀ꦝꦥꦱꦺꦴꦂꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦶꦩ꧀ꦥꦂ
Andhap asor dipun simpar
ꦈꦩ꧀ꦧꦒ꧀ꦒꦸꦩꦸꦔ꧀ꦒꦶꦁꦝꦶꦫꦶ
Umbag gumunggunging dhiri
ꦎꦧꦿꦺꦴꦭꦸꦩꦸꦏ꧀ꦏꦁꦢꦺꦤ꧀ꦒꦸꦭꦁ
Obrol umuk kang den gulang
ꦏꦸꦩꦼꦤ꧀ꦛꦸꦱ꧀ꦭꦮꦤ꧀ꦏꦸꦩꦏꦶ
Kumenthus lawan kumaki

꧇꧙꧇
9
ꦱꦥꦱꦶꦫꦱꦥꦅꦁꦱꦸꦤ꧀
Sapa sira sapa ingsun
ꦄꦔ꧀ꦭꦸꦚꦠ꧀ꦱꦂꦠꦌꦢꦶꦂ
Angalunyat sarta edir
ꦅꦏꦸꦭꦭꦧꦼꦠꦺꦈꦒ
Iku lalabete uga
ꦤꦺꦴꦩ꧀ꦤꦺꦴꦩꦤꦢꦺꦴꦃꦮꦺꦴꦁꦧꦼꦕꦶꦏ꧀
Nom-noman adoh wong becik
ꦌꦩꦺꦴꦃꦄꦔꦿꦸꦔꦸꦕꦫꦶꦠ
Emoh angrungu carita
ꦕꦫꦶꦠꦄꦭꦭꦤ꧀ꦧꦼꦕꦶꦏ꧀
Carita ala lan becik

꧇꧑꧐꧇
10
ꦕꦫꦶꦠꦥꦤ꧀ꦮꦸꦱ꧀ꦏꦭꦏꦸ
Carita pan wus kalaku
ꦥꦔ꧀ꦒꦮꦺꦄꦭꦭꦤ꧀ꦧꦼꦕꦶꦏ꧀
Panggawe ala lan becik
ꦠꦶꦤ꧀ꦢꦏ꧀ꦧꦼꦤꦺꦂꦭꦤ꧀ꦏꦁꦎꦫ
Tindak bener lan kang ora
ꦏꦊꦧꦸꦕꦿꦺꦴꦕꦫꦶꦠꦼꦏꦶ
Kalebu jro cariteki
ꦩꦸꦭꦤꦺꦄꦫꦤ꧀ꦕꦫꦶꦠ
Mulane aran carita
ꦏꦧꦺꦃꦏꦧꦺꦃꦢꦺꦤ꧀ꦏꦮꦿꦸꦲꦶ
Kabeh-kabeh den kawruhi

꧇꧑꧑꧇
11
ꦩꦸꦭꦤꦺꦮꦺꦴꦁꦄꦤꦺꦴꦩꦶꦏꦸ
Mulane wong anom iku
ꦧꦼꦕꦶꦏꦶꦁꦏꦁꦄꦠꦧꦺꦫꦶ
Becik ingkang ataberi
ꦗꦗꦒꦺꦴꦔꦤ꧀ꦭꦤ꧀ꦮꦺꦴꦁꦠꦸꦮ
Jajagongan lan wong tuwa
ꦅꦔ꧀ꦏꦁꦱꦸꦒꦶꦃꦏꦺꦴꦗꦃꦱꦸꦒꦶꦃ
Ingkang sugih kojah sugih
ꦏꦺꦴꦗꦃꦅꦏꦸꦮꦂꦤꦮꦂꦤ
Kojah iku warna-warna
ꦄꦤꦄꦭꦄꦤꦧꦼꦕꦶꦏ꧀
Ana ala ana becik

꧇꧑꧒꧇
12
ꦅꦔ꧀ꦏꦁꦧꦼꦕꦶꦏ꧀ꦏꦺꦴꦗꦲꦶꦥꦸꦤ꧀
Ingkang becik kojahipun
ꦱꦶꦫꦄꦔ꧀ꦒꦺꦴꦮꦏꦁꦥꦱ꧀ꦛꦶ
Sira anggoa kang pasthi
ꦅꦔ꧀ꦏꦁꦄꦭꦱꦶꦔ꧀ꦒꦲꦤ
Ingkang ala singgahana
ꦄꦗꦱꦶꦫꦄꦔ꧀ꦭꦏꦺꦴꦤꦶ
Aja sira anglakoni
ꦭꦤ꧀ꦢꦺꦤꦮꦱ꧀ꦮꦺꦴꦁꦄꦏꦺꦴꦗꦃ
Lan den awas wong akojah
ꦅꦪꦅꦁꦩꦔ꧀ꦱꦥꦸꦤꦶꦏꦶ
Iya ing mangsa puniki

꧇꧑꧓꧇
13
ꦄꦏꦺꦃꦮꦺꦴꦁꦏꦁꦱꦸꦒꦶꦃꦮꦸꦮꦸꦱ꧀
Akeh wong kang sugih wuwus
ꦤꦔꦶꦁꦢꦺꦤ꧀ꦱꦩ꧀ꦥꦂꦥꦏꦺꦴꦭꦶꦃ
Nanging den sampar pakolih
ꦄꦩꦸꦁꦧꦢꦤꦺꦥꦿꦶꦪꦔ꧀ꦒ
Amung badane priyangga
ꦏꦁꦢꦺꦤ꧀ꦥꦶꦏꦺꦴꦭꦺꦃꦏꦺꦤꦸꦒꦶ
Kang den pikolehken ugi
ꦥꦤꦱ꧀ꦠꦺꦤꦺꦏꦁꦢꦺꦤꦸꦩ꧀ꦧꦂ
Panastene kang den umbar
ꦠꦤꦔꦔ꧀ꦒꦺꦴꦱꦮꦠꦮꦶꦱ꧀
Tan anganggo sawatawis

꧇꧑꧔꧇
14
ꦄꦗꦄꦤꦮꦺꦴꦁꦧꦶꦱꦠꦸꦠꦸꦂ
Aja ana wong bisa tutur
ꦄꦩꦸꦔꦅꦔ꧀ꦱꦸꦤ꧀ꦥꦿꦶꦧꦝꦶ
Amunga ingsun pribadhi
ꦄꦗꦄꦤꦅꦔ꧀ꦏꦁꦩꦼꦩꦝ
Aja ana ingkang memadha
ꦄꦔꦿꦱꦥꦶꦤ꧀ꦠꦼꦂꦥꦿꦶꦧꦝꦶ
Angrasa pinter pribadhi
ꦅꦏꦸꦱꦺꦠꦤ꧀ꦤꦸꦚ꧀ꦗꦁꦤꦸꦚ꧀ꦗꦁ
Iku setan nunjang-nunjang
ꦠꦤ꧀ꦥꦤ꧀ꦠꦼꦱ꧀ꦢꦺꦤ꧀ꦥꦉꦏꦶ
Tan pantes den pareki

꧇꧑꧕꧇
15
ꦱꦶꦏꦏ꧀ꦤꦢꦺꦤ꧀ꦏꦪꦄꦱꦸ
Sikakna den kaya asu
ꦪꦺꦤ꧀ꦮꦺꦴꦁꦏꦁꦩꦼꦔ꧀ꦏꦺꦴꦤꦺꦴꦈꦒꦶ
Yen wong kang mengkono ugi
ꦢꦲ꧀ꦮꦺꦤ꧀ꦥꦫꦎꦥꦺꦤ꧀ꦭꦪꦏ꧀
Dahwen para open layak
ꦪꦺꦤ꧀ꦱꦶꦫꦱꦤ꧀ꦝꦶꦔꦤ꧀ꦭꦶꦔ꧀ꦒꦶꦃ
Yen sira sandhingan linggih
ꦤꦺꦴꦫꦮꦸꦫꦸꦁꦏꦠꦸꦭꦫꦤ꧀
Nora wurung katularan
ꦧꦼꦕꦶꦏ꧀ꦱꦶꦔ꧀ꦏꦶꦫꦤꦈꦒꦶ
Becik singkirana ugi

꧇꧑꧖꧇
16
ꦥꦺꦴꦩꦥꦺꦴꦩꦮꦼꦏꦱꦶꦔ꧀ꦱꦸꦤ꧀
Poma poma wekasingsun
ꦩꦿꦶꦁꦏꦁꦩꦕꦭꦪꦁꦅꦏꦶ
Mring kang maca layang iki
ꦭꦲꦶꦂꦧꦠꦶꦤ꧀ꦢꦺꦤꦺꦱ꧀ꦠꦺꦴꦏ꧀ꦤ
Lahir batin den estokna
ꦱꦻꦴꦤꦶꦤꦺꦭꦪꦁꦅꦏꦶ
Saunine layang iki
ꦭꦤ꧀ꦧꦼꦏ꧀ꦠꦶꦩꦿꦶꦁꦮꦺꦴꦁꦠꦸꦮ
Lan den bekti mring wong tuwa
ꦅꦁꦭꦻꦂꦥꦿꦥ꧀ꦠꦅꦁꦧꦠꦶꦤ꧀
Ing lair prapta ing batin

Postingan populer dari blog ini

Soak Lukis Malang