ꦱꦼꦫꦠ꧀ꦮꦸꦭꦁꦫꦺꦃ - ꦒꦩ꧀ꦧꦸꦃ | Serat Wulang Reh - Gambuh

꧁ꦒꦩ꧀ꦧꦸꦃ꧂

꧇꧑꧇
1
ꦱꦼꦏꦂꦒꦩ꧀ꦧꦸꦃꦥꦶꦁꦕꦠꦸꦂ
Sekar gambuh ping catur
ꦏꦁꦕꦶꦤꦠꦸꦂꦥꦺꦴꦭꦃꦏꦁꦏꦭꦤ꧀ꦠꦸꦂ
Kang cinatur polah kang kalantur
ꦠꦤ꧀ꦥꦠꦸꦠꦸꦂꦏꦠꦸꦭꦠꦸꦭꦏꦠꦭꦶ
Tanpa tutur katula-tula katali
ꦏꦢꦭꦸꦮꦂꦱꦏꦠꦸꦠꦸꦃ
Kadaluwarsa katutuh
ꦏꦥꦠꦸꦃꦥꦤ꧀ꦢꦢꦶꦄꦮꦺꦴꦤ꧀
Kapatuh pan dadi awon

꧇꧒꧇
2
ꦄꦗꦔꦤ꧀ꦠꦶꦏꦧꦚ꧀ꦗꦸꦂ
Aja nganti kabanjur
ꦱꦧꦫꦁꦥꦺꦴꦭꦃꦏꦁꦤꦺꦴꦫꦗꦸꦗꦸꦂ
Sabarang polah kang nora jujur
ꦪꦺꦤ꧀ꦏꦧꦚ꧀ꦗꦸꦂꦱꦪꦺꦏ꧀ꦠꦶꦏꦺꦴꦗꦸꦂꦧꦼꦕꦶꦏ꧀
Yen kabanjur sayekti kojur tan becik
ꦧꦼꦕꦶꦏ꧀ꦔꦸꦥꦪꦴꦅꦏꦸ
Becik ngupayaa iku
ꦥꦶꦠꦸꦠꦸꦂꦅꦔ꧀ꦏꦁꦱꦪꦺꦏ꧀ꦠꦺꦴꦱ꧀
Pitutur ingkang sayektos

꧇꧓꧇
3
ꦥꦶꦠꦸꦠꦸꦂꦧꦼꦤꦼꦂꦅꦏꦸ
Pitutur bener iku
ꦱꦪꦺꦏ꧀ꦠꦶꦤꦺꦄꦥꦤ꧀ꦠꦼꦱ꧀ꦠꦶꦤꦶꦫꦸ
Sayektine apantes tiniru
ꦤꦢꦾꦤ꧀ꦩꦼꦠꦸꦱꦏꦶꦁꦮꦺꦴꦁꦱꦸꦢꦿꦥꦥꦼꦏꦶ
Nadyan metu saking wong sudra papeki
ꦭꦩꦸꦤ꧀ꦧꦼꦕꦶꦏ꧀ꦔ꧀ꦒꦺꦴꦤꦺꦩꦸꦫꦸꦏ꧀
Lamun becik nggone muruk
ꦅꦏꦸꦥꦤ꧀ꦠꦼꦱ꧀ꦱꦶꦫꦄꦔ꧀ꦒꦺꦴ
Iku pantes sira anggo

꧇꧔꧇
4
ꦄꦤꦥꦕꦥꦤꦶꦥꦸꦤ꧀
Ana pocapanipun
ꦄꦢꦶꦒꦸꦤꦄꦢꦶꦒꦁꦄꦢꦶꦒꦸꦁ
Adiguna adigang adigung
ꦥꦤꦢꦶꦒꦁꦏꦶꦢꦁꦄꦢꦶꦒꦸꦁꦥꦤꦺꦱ꧀ꦛꦶ
Pan adigang kidang adigung pan esthi
ꦄꦢꦶꦒꦸꦤꦈꦭꦅꦏꦸ
Adiguna ula iku
ꦠꦼꦭꦸꦥꦶꦱꦤ꧀ꦩꦠꦶꦱꦩ꧀ꦥꦾꦺꦴꦃ
Telu pisan mati sampyoh

꧇꧕꧇
5
ꦱꦶꦏꦶꦢꦁꦈꦩ꧀ꦧꦒꦶꦥꦸꦤ꧀
Si kidang umbagipun
ꦄꦔꦤ꧀ꦢꦼꦭ꧀ꦏꦼꦤ꧀ꦏꦼꦧꦠ꧀ꦭꦸꦩ꧀ꦥꦠꦶꦥꦸꦤ꧀
Angandelken kebat lumpatipun
ꦥꦤ꧀ꦱꦶꦒꦗꦃꦔꦤ꧀ꦢꦼꦭꦏꦼꦤꦒꦼꦁꦅꦔ꧀ꦒꦶꦭ꧀
Pan si gajah ngandelaken ageng inggil
ꦎꦭꦄꦔꦤ꧀ꦢꦼꦭꦏꦼꦤꦶꦏꦸ
Ula angandelken iku
ꦩꦤ꧀ꦢꦶꦤꦺꦏꦭꦩꦸꦤ꧀ꦚꦏꦺꦴꦠ꧀
Mandine kalamun nyakot

꧇꧖꧇
6
ꦅꦏꦸꦈꦥꦩꦶꦤꦶꦥꦸꦤ꧀
Iku upaminipun
ꦄꦗꦔꦤ꧀ꦢꦼꦭꦏꦼꦤ꧀ꦱꦶꦫꦅꦏꦸ
Aja ngandelaken sira iku
ꦱꦸꦠꦼꦁꦤꦠꦅꦪꦱꦥꦅꦔ꧀ꦏꦁꦮꦤꦶ
Suteng nata iya sapa ingkang wani
ꦅꦏꦸꦄꦩ꧀ꦧꦼꦒꦺꦮꦺꦴꦁꦢꦶꦒꦸꦁ
Iku ambege wong digung
ꦅꦁꦮꦸꦱꦤꦢꦢꦶꦄꦱꦺꦴꦂ
Ing wusana dadi asor

꧇꧗꧇
7
ꦄꦢꦶꦒꦸꦤꦥꦸꦤꦶꦏꦸ
Adiguna puniku
ꦔꦤ꧀ꦢꦼꦭꦏꦼꦤ꧀ꦏꦥꦶꦤ꧀ꦠꦼꦫꦤꦶꦥꦸꦤ꧀
Ngandelaken kapinteranipun
ꦱꦩꦸꦧꦫꦁꦏꦧꦶꦱꦤ꧀ꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦝꦺꦮꦺꦏꦶ
Samubarang kabisan dipundheweki
ꦱꦥꦥꦶꦤ꧀ꦠꦼꦂꦏꦪꦅꦔ꧀ꦱꦸꦤ꧀
Sapa pinter kaya ingsun
ꦠꦺꦴꦒꦶꦁꦥꦿꦤꦤꦺꦴꦫꦌꦚ꧀ꦗꦺꦴꦃ
Toging prana nora enjoh

꧇꧘꧇
8
ꦄꦩ꧀ꦧꦼꦒꦢꦶꦒꦁꦅꦏꦸ
Ambeg adigang iku
ꦔꦤ꧀ꦢꦼꦭꦏꦼꦤꦶꦁꦏꦱꦸꦫꦤꦶꦥꦸꦤ꧀
Ngandelaken ing kasuranipun
ꦥꦫꦠꦤ꧀ꦢꦁꦕꦤ꧀ꦝꦭꦄꦚꦚꦩ꧀ꦥꦲꦶ
Para tandang candhala anyanyampahi
ꦠꦶꦤꦼꦩꦼꦤꦤ꧀ꦤꦺꦴꦫꦥꦼꦕꦸꦱ꧀
Tinemenan nora pecus
ꦱꦠꦼꦩꦃꦢꦢꦶꦒꦼꦒꦸꦪꦺꦴꦤ꧀
Satemah dadi geguyon

꧇꧙꧇
9
ꦅꦁꦮꦺꦴꦁꦈꦫꦶꦥ꧀ꦥꦸꦤꦶꦏꦸ
Ing wong urip puniku
ꦄꦗꦔꦔ꧀ꦒꦺꦴꦄꦔ꧀ꦒꦼꦥ꧀ꦏꦁꦠꦼꦠꦼꦭꦸ
Aja nganggo anggep kang tetelu
ꦄꦔꦔ꧀ꦒꦺꦴꦮꦫꦺꦫꦺꦃꦫꦶꦫꦶꦃꦔꦠꦶꦄꦠꦶ
Anganggoa rereh ririh ngati ati
ꦢꦺꦤ꧀ꦏꦸꦮꦮꦁꦧꦫꦁꦭꦏꦸ
Den kuwawang barang laku
ꦢꦺꦤ꧀ꦮꦱ꧀ꦏꦶꦛꦱꦺꦴꦭꦲꦶꦁꦮꦺꦴꦁ
Den waskitha solahingwong

꧇꧑꧐꧇
10
ꦢꦺꦤꦺꦏꦠꦼꦭꦸꦅꦏꦸ
Dene katelu iku
ꦱꦶꦏꦶꦢꦁꦱꦸꦏꦅꦁꦥꦠꦶꦤꦶꦥꦸꦤ꧀
Si kidang suka ing patinipun
ꦥꦤ꧀ꦱꦶꦒꦗꦃꦄꦭꦺꦤꦥꦠꦶꦉꦏꦶ
Pan di gajah alena patinireki
ꦱꦶꦈꦭꦅꦁꦥꦠꦶꦤꦶꦥꦸꦤ꧀
Si ula ing patinipun
ꦔꦤ꧀ꦢꦼꦭ꧀ꦏꦼꦤꦸꦥꦱꦺꦩꦤ꧀ꦢꦺꦴꦱ꧀
Ngendelken upase mandos

꧇꧑꧑꧇
11
ꦏꦠꦼꦭꦸꦤꦺꦴꦫꦥꦠꦸꦠ꧀
Katelu nora patut
ꦪꦺꦤ꧀ꦠꦶꦤꦶꦫꦸꦩꦥꦤ꧀ꦢꦢꦶꦭꦸꦥꦸꦠ꧀
Yen tiniru mapan dadi luput
ꦠꦶꦠꦶꦏꦤꦺꦮꦺꦴꦁꦄꦤꦺꦴꦩ꧀ꦏꦸꦫꦁꦮꦮꦢꦶ
Titikane wong anom kurang wawadi
ꦧꦸꦔꦃꦄꦏꦺꦃꦮꦺꦴꦁꦄꦔ꧀ꦒꦸꦔ꧀ꦒꦸꦁ
Bungah akeh wong anggunggung
ꦮꦼꦏꦱꦤꦺꦏꦗꦭꦺꦴꦩ꧀ꦥꦿꦺꦴꦁ
Wekasane kajalomprong

꧇꧑꧒꧇
12
ꦪꦺꦤ꧀ꦮꦺꦴꦁꦄꦤꦺꦴꦩ꧀ꦥꦸꦤꦶꦏꦸ
Yen wong anom puniku
ꦏꦏꦺꦲꦤꦲꦥꦔ꧀ꦒꦸꦔ꧀ꦒꦸꦁꦢꦢꦶꦏꦸꦩ꧀ꦥꦿꦸꦁ
Kakehan panggunggung dadi kumprung
ꦥꦔ꧀ꦒꦸꦁꦧꦶꦔꦸꦁꦮꦼꦏꦱꦤꦺꦥꦤꦔ꧀ꦒꦺꦴꦭꦶꦁ
Pengung bingung wekasane pan angoling
ꦪꦺꦤ꧀ꦢꦺꦤ꧀ꦒꦸꦔ꧀ꦒꦸꦁꦩꦸꦚ꧀ꦕꦸꦩꦸꦚ꧀ꦕꦸ
Yen den gunggung muncu-muncu
ꦏꦪꦮꦸꦢꦸꦤ꧀ꦩꦺꦃꦩꦼꦕꦺꦴꦛꦺꦴꦠ꧀
Kaya wudun meh mecothot

꧇꧑꧓꧇
13
ꦅꦁꦮꦺꦴꦁꦏꦁꦥꦝꦒꦸꦔ꧀ꦒꦸꦁ
Ing wong kang padha gunggung
ꦥꦤ꧀ꦱꦼꦥꦺꦭꦺꦅꦏꦸꦥꦩꦿꦶꦲꦶꦥꦸꦤ꧀
Pan sapele iku pamrihipun
ꦩꦸꦁꦮꦉꦒꦺꦮꦝꦸꦏ꧀ꦏꦭꦶꦩꦶꦱꦶꦁꦭꦛꦶ
Mung warege wadhuk kalimising lathi
ꦭꦤ꧀ꦠꦼꦊꦱꦶꦁꦒꦺꦴꦝꦔꦶꦥꦸꦤ꧀
Lan telesing gondhangipun
ꦫꦸꦫꦸꦧꦄꦭꦤꦶꦁꦈꦮꦺꦴꦁ
Ruruba alaning uwong

꧇꧑꧔꧇
14
ꦄꦩꦿꦶꦃꦥꦉꦏ꧀ꦏꦁꦅꦏꦸ
Amrih parek kang iku
ꦪꦺꦤ꧀ꦮꦸꦱ꧀ꦏꦔ꧀ꦒꦼꦥ꧀ꦤꦸꦭꦶꦒꦮꦺꦈꦩꦸꦏ꧀
Yen wus kanggep nuli gawe umuk
ꦥꦤ꧀ꦮꦺꦴꦁꦄꦏꦺꦃꦱꦪꦼꦏ꧀ꦠꦶꦤꦺꦥꦝꦮꦼꦢꦶ
Pan wong akeh sayektine padha wedi
ꦠꦤ꧀ꦮꦸꦫꦸꦁꦥꦩ꧀ꦥꦥꦶꦱꦸꦔ꧀ꦱꦸꦁ
Tan wurung nampa pisungsung
ꦄꦢꦺꦴꦭ꧀ꦱꦔ꧀ꦒꦸꦥ꧀ꦱꦏꦺꦶꦁꦮꦺꦴꦁ
Adol sanggup sakeh ing wong

꧇꧑꧕꧇
15
ꦄꦩꦿꦶꦃꦥꦉꦏꦅꦏꦸ
Amrih pareka iku
ꦤꦺꦴꦫꦥꦤ꧀ꦮꦼꦱ꧀ꦕꦼꦝꦏ꧀ꦩꦿꦶꦁꦮꦺꦴꦁꦄꦒꦸꦁ
Nora pantes cedhak mring wong agung
ꦎꦫꦮꦸꦫꦸꦁꦄꦤꦸꦤ꧀ꦠꦸꦤ꧀ꦥꦔ꧀ꦒꦮꦺꦗꦸꦠꦶ
Ora wurung anuntun panggawe juti
ꦤꦔꦶꦁꦄꦤꦥꦤ꧀ꦠꦼꦱꦶꦥꦸꦤ꧀
Nanging ana pantesipun
ꦮꦺꦴꦁꦩꦔ꧀ꦏꦺꦴꦤꦺꦴꦢꦶꦝꦼꦝꦫꦥ꧀ꦭꦺꦴꦏ꧀
Wong mangkono didhedheplok

꧇꧑꧖꧇
16
ꦄꦗꦏꦏꦺꦲꦤ꧀ꦱꦔ꧀ꦒꦸꦥ꧀
Aja kakehan sanggup
ꦢꦸꦫꦸꦁꦮꦼꦫꦸꦃꦠꦸꦠꦸꦫꦺꦄꦒꦸꦥꦿꦸꦏ꧀
Durung weruh tuture agupruk
ꦠꦸꦠꦸꦂꦤꦼꦩ꧀ꦥꦶꦭ꧀ꦥꦔꦔ꧀ꦒꦼꦥꦺꦮꦿꦸꦃꦥꦿꦶꦧꦢꦶ
Tutur nempil panganggepe wruh pribadi
ꦥꦔꦂꦱꦤꦺꦏꦺꦃꦮꦺꦴꦁꦒꦸꦔ꧀ꦒꦸꦁ
Pangarsane keh wong gunggung
ꦏꦁꦮꦸꦱ꧀ꦮꦼꦫꦸꦃꦄꦩꦭꦺꦔꦺꦴꦱ꧀
Kang wus weruh amalengos

꧇꧑꧗꧇
17
ꦄꦗꦔꦔ꧀ꦒꦺꦴꦱꦶꦉꦏꦸ
Aja nganggo sireku
ꦏꦭꦏꦸꦮꦤ꧀ꦏꦁꦩꦔ꧀ꦏꦺꦴꦤꦺꦴꦅꦏꦸ
Kalakuan kang mangkono iku
ꦢꦠꦤ꧀ꦮꦸꦫꦸꦁꦠꦶꦤꦶꦠꦺꦤꦤ꧀ꦢꦺꦤ꧀ꦕꦶꦫꦺꦤꦶ
Datan wurung tinitenan den cireni
ꦩꦿꦶꦁꦥꦮꦺꦴꦁꦱꦤꦏ꧀ꦱꦢꦸꦭꦸꦂ
Mring pawong sanak sadulur
ꦤꦺꦴꦫꦤꦤꦏꦁꦥꦶꦠꦢꦺꦴꦱ꧀
Nora nana kang pitados

Postingan populer dari blog ini

Soak Lukis Malang

ꦱꦼꦫꦠ꧀ꦮꦸꦭꦁꦫꦺꦃ - ꦏꦶꦤꦤ꧀ꦛꦶ | Serat Wulang Reh - Kinanthi