ꦱꦼꦫꦠ꧀ꦮꦸꦭꦁꦫꦺꦃ - ꦥꦔ꧀ꦏꦸꦂ | Serat Wulang Reh - Pangkur

꧁ꦥꦔ꧀ꦏꦸꦂ꧂

꧇꧑꧇
1
ꦱꦼꦏꦂꦥꦔ꧀ꦏꦸꦂꦏꦁꦮꦶꦤꦂꦤ
Sekar pangkur kang winarna
ꦭꦭꦧꦸꦲꦤ꧀ꦏꦁꦏꦔ꧀ꦒꦺꦴꦮꦺꦴꦁꦔꦻꦴꦫꦶꦥ꧀
Lalabuhan kang kanggo wong ngaurip
ꦄꦭꦭꦤ꧀ꦧꦼꦕꦶꦏ꧀ꦥꦸꦤꦶꦏ
Ala lan becik punika
ꦥꦿꦪꦺꦴꦒꦏꦮꦿꦸꦲꦤ
Prayoga kawruhana
ꦄꦢꦠ꧀ꦮꦠꦺꦴꦤ꧀ꦥꦸꦤꦶꦏꦸꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦢꦸꦭꦸ
Adat waton puniku dipun kadulu
ꦩꦶꦮꦃꦠꦅꦁꦠꦠꦏꦿꦩ
Miwah ta ing tata krama
ꦢꦺꦍꦤ꧀ꦏꦱ꧀ꦛꦶꦱꦶꦪꦁꦫꦠꦿꦶ
Den kaesthi siyang ratri

꧇꧒꧇
2
ꦢꦸꦢꦸꦒꦭꦮꦤ꧀ꦥꦿꦪꦺꦴꦒ
Duduga lawan prayoga
ꦩꦾꦁꦮꦠꦫꦫꦶꦫꦶꦔꦄꦗꦭꦭꦶ
Myang watara riringa aja lali
ꦅꦏꦸꦥꦫꦧꦺꦴꦠ꧀ꦱꦠꦸꦲꦸ
Iku parabot satuhu
ꦠꦤ꧀ꦏꦼꦤꦠꦶꦤꦶꦔ꧀ꦒꦭ
Tan kena tininggala
ꦠꦔꦶꦭꦸꦔ꧀ꦒꦸꦃꦄꦔꦢꦼꦒ꧀ꦠꦸꦮꦶꦤ꧀ꦭꦸꦩꦏꦸ
Tangi lungguh angadeg tuwin lumaku
ꦄꦔꦸꦕꦥ꧀ꦩꦼꦤꦼꦁꦄꦤꦺꦤ꧀ꦢꦿ
Angucap meneng anendra
ꦢꦸꦒꦢꦸꦒꦤꦺꦴꦫꦏꦫꦶ
Duga duga nora kari

꧇꧓꧇
3
ꦩꦶꦮꦃꦅꦁꦱꦧꦫꦁꦏꦂꦪ
Miwah ing sabarang karya
ꦅꦁꦁꦥꦿꦏꦫꦒꦼꦝꦺꦏꦭꦮꦤ꧀ꦕꦶꦭꦶꦏ꧀
Ing prakara gedhe kalawan cilik
ꦥꦥꦠꦶꦏꦸꦢꦠꦤ꧀ꦏꦤ꧀ꦠꦸꦤ꧀
Papat iku datan kantun
ꦏꦔ꧀ꦒꦺꦴꦱꦢꦶꦤꦢꦶꦤ
Kanggo sadina-dina
ꦭꦤꦶꦁꦮꦼꦔꦶꦤꦒꦫꦩꦶꦮꦃꦅꦁꦝꦸꦱꦸꦤ꧀
Lan ing wengi nagara miwah ing dhusun
ꦏꦧꦺꦃꦏꦁꦥꦝꦄꦩ꧀ꦧꦼꦒꦤ꧀
Kabeh kang padha ambegan

꧇꧔꧇
4
ꦏꦭꦩꦸꦤꦤꦩꦤꦸꦔ꧀ꦱ
Kalamun ana manungsa
ꦄꦚꦶꦔ꧀ꦒꦲꦶꦢꦸꦒꦶꦭꦮꦤ꧀ꦥꦿꦪꦺꦴꦒꦶ
Anyinggahi dugi lawan prayogi
ꦅꦏꦸꦮꦠꦼꦏꦺꦠꦤ꧀ꦥꦠꦸꦠ꧀
Iku wateke tan patut
ꦄꦮꦺꦴꦂꦭꦮꦤ꧀ꦮꦺꦴꦁꦠꦛꦃ
Awor lawan wong kathah
ꦮꦺꦴꦁꦢꦶꦏ꧀ꦱꦸꦫꦢꦭꦸꦢꦸꦂꦠꦤ꧀ꦮꦿꦸꦃꦅꦁꦌꦢꦸꦂ
Wong diksura daludur tan wruh ing edur
ꦄꦗꦱꦶꦫꦥꦼꦝꦏ꧀ꦥꦼꦝꦏ꧀
Aja sira pedhak-pedhak
ꦤꦺꦴꦫꦮꦸꦫꦸꦁꦤꦶꦤꦶꦮꦱꦶ
Nora wurung niniwasi

꧇꧕꧇
5
ꦩꦥꦤ꧀ꦮꦠꦼꦏꦶꦁꦩꦤꦸꦔ꧀ꦱ
Mapan wateking manungsa
ꦥꦤ꧀ꦏꦼꦠꦼꦩꦸꦅꦁꦭꦏꦸꦭꦮꦤ꧀ꦭꦶꦔ꧀ꦒꦶꦃ
Pan ketemu ing laku lawan linggih
ꦱꦺꦴꦭꦃꦩꦸꦤꦩꦸꦤꦶꦥꦸꦤ꧀
Solah munamunipun
ꦥꦤ꧀ꦢꦢꦾꦥꦼꦤꦼꦔꦼꦫꦤ꧀
Pan dadya penengeran
ꦏꦁꦱꦥꦶꦤ꧀ꦠꦼꦂꦏꦁꦧꦺꦴꦝꦺꦴꦩꦶꦮꦃꦏꦁꦭꦸꦲꦸꦂ
Kang sapinter kang bodho miwah kang luhur
ꦏꦁꦄꦱꦺꦴꦂꦭꦮꦤ꧀ꦩꦭꦫꦠ꧀
Kang asor lawan malarat
ꦠꦤꦥꦶꦩꦤꦸꦔ꧀ꦱꦱꦸꦒꦶꦃ
Tanapi manungsa sugih

꧇꧖꧇
6
ꦔꦸꦭꦩꦩꦶꦮꦃꦩꦏ꧀ꦱꦶꦪꦠ꧀
Ngulama miwah maksiyat
ꦮꦺꦴꦁꦏꦁꦏꦼꦤ꧀ꦢꦼꦭ꧀ꦠꦤꦥꦶꦮꦺꦴꦁꦏꦁꦗꦶꦫꦶꦃ
Wong kang kendel tanapi wong kang jirih
ꦢꦸꦂꦗꦤꦧꦺꦴꦧꦺꦴꦠꦺꦴꦃꦏꦻꦴꦩ꧀
Durjana bobotoh kaum
ꦭꦤꦁꦮꦢꦺꦴꦤ꧀ꦥꦤ꧀ꦥꦝ
Lanang wadon pan padha
ꦥꦤꦶꦠꦶꦏꦶꦁꦩꦤꦸꦔ꧀ꦱꦮꦮꦠꦼꦏꦶꦥꦸꦤ꧀
Panitiking manungsa wawatekipun
ꦄꦥꦢꦺꦤꦺꦮꦺꦴꦁꦏꦁꦚꦠ
Apa dene wong kang nyata
ꦅꦁꦥꦔꦮꦿꦸꦃꦏꦁꦮꦶꦱ꧀ꦥꦱ꧀ꦛꦶ
Ing pangawruh kang wis pasthi

꧇꧗꧇
7
ꦠꦶꦤꦶꦠꦶꦏꦶꦁꦱꦺꦴꦭꦃꦩꦸꦤ
Tinitik ing solah muna
ꦭꦮꦤ꧀ꦩꦸꦤꦶꦅꦁꦭꦏꦸꦭꦮꦤ꧀ꦭꦶꦔ꧀ꦒꦶꦃ
Lawan muni ing laku lawan linggih
ꦅꦏꦸꦥꦤꦼꦔꦼꦫꦤꦒꦸꦁ
Iku panengeran agung
ꦮꦶꦤꦮꦱ꧀ꦒꦶꦤꦿꦲꦶꦠ
Winawas ginrahita
ꦥꦿꦩꦶꦭꦤꦺꦅꦁꦮꦺꦴꦁꦏꦸꦤꦏꦸꦤꦅꦏꦸ
Pramilane ing wong kuna kuna iku
ꦪꦺꦤꦩꦮꦱꦶꦁꦱꦸꦗꦤ꧀ꦩ
Yen amawas ing sujanma
ꦢꦠꦤꦩꦶꦤ꧀ꦝꦺꦴꦒꦮꦺꦤꦶ
Datan amindhogaweni

꧇꧘꧇
8
ꦒꦶꦤꦸꦭꦁꦱꦢꦶꦤꦢꦶꦤ
Ginulang sadina dina
ꦮꦶꦮꦺꦏꦤꦺꦠꦸꦮꦶꦤ꧀ꦧꦱꦧꦱꦸꦏꦶ
Wiwekane tuwin basa basuki
ꦈꦗꦸꦧꦿꦶꦪꦏꦶꦧꦶꦫꦶꦥꦸꦤ꧀
Ujubriya kibiripun
ꦱꦸꦩꦸꦔ꧀ꦒꦃꦠꦤ꧀ꦏꦔ꧀ꦒꦺꦴꦤꦤ꧀
Sumunggah tan kanggonan
ꦩꦸꦁꦱꦸꦩꦺꦤ꧀ꦝꦺꦅꦁꦏꦂꦱꦤꦶꦫꦲꦾꦁꦄꦒꦸꦁ
Mung sumendhe ing karsanira Hyang Agung
ꦈꦗꦂꦱꦶꦫꦶꦏ꧀ꦏꦁꦫꦶꦤꦺꦏ꧀ꦱ
Ujar sirik kang rineksa
ꦏꦻꦴꦠꦩꦤꦺꦴꦭꦃꦮꦢꦶ
Kautaman olah wadi

꧇꧙꧇
9
ꦅꦁꦩꦔ꧀ꦱꦩꦼꦔ꧀ꦏꦺꦴꦥꦤ꧀ꦄꦫꦁ
Ing mangsa mengko pan arang
ꦏꦁꦏꦼꦠꦼꦩꦸꦅꦁꦧꦱꦏꦁꦧꦱꦸꦏꦶ
Kang ketemu ing basa kang basuki
ꦅꦔ꧀ꦏꦁꦭꦸꦩꦿꦃꦮꦺꦴꦁꦥꦸꦤꦶꦏꦸ
Ingkang lumrah wong puniku
ꦢꦽꦔ꧀ꦏꦶꦱꦽꦲꦶꦭꦤ꧀ꦢꦺꦴꦫ
Drengki srehi lan dora
ꦅꦫꦺꦤ꧀ꦩꦫꦁꦥꦤꦱ꧀ꦠꦺꦤ꧀ꦭꦮꦤ꧀ꦏꦸꦩꦶꦔ꧀ꦱꦸꦤ꧀
Iren marang panasten lawan kumingsun
ꦎꦥꦺꦤꦺꦤꦺꦴꦫꦥꦿꦱꦗ
Opene nora prasaja
ꦗꦻꦭ꧀ꦩꦸꦛꦏꦶꦭ꧀ꦧꦼꦱꦶꦮꦶꦠ꧀
Jail muthakil besiwit

꧇꧑꧐꧇
10
ꦄꦭꦤꦶꦁꦁꦭꦶꦪꦤ꧀ꦢꦺꦤ꧀ꦄꦤ꧀ꦝꦂ
Alaning liyan den andhar
ꦅꦁꦧꦼꦕꦶꦏꦶꦁꦭꦶꦪꦤ꧀ꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦶꦩ꧀ꦥꦼꦤꦶ
Ing beciking liyan dipun simpeni
ꦧꦼꦕꦶꦏꦺꦝꦺꦮꦺꦒꦶꦤꦸꦔ꧀ꦒꦸꦁ
Becike dhewe ginunggung
ꦏꦶꦤꦂꦪꦥꦱꦩꦸꦮꦤ꧀
Kinarya pasamuwan
ꦤꦺꦴꦫꦔꦂꦱꦄꦭꦤꦺꦝꦺꦮꦺꦔꦼꦤ꧀ꦝꦸꦏꦸꦂ
Nora ngrasa alane dhewe ngendhukur
ꦮꦺꦴꦁꦏꦁꦩꦔ꧀ꦏꦺꦴꦤꦺꦴꦮꦠꦼꦏ꧀ꦚ
Wong kang mangkono wateknya
ꦤꦺꦴꦫꦥꦤ꧀ꦠꦼꦱ꧀ꦢꦺꦤ꧀ꦥꦼꦤ꧀ꦝꦏꦶ
Nora pantes den pendhaki

꧇꧑꧑꧇
11
ꦅꦏꦸꦮꦺꦴꦁꦢꦸꦂꦧꦭꦩꦸꦂꦏ
Iku wong durbala murka
ꦤꦺꦴꦫꦤꦤꦩꦉꦩꦺꦗꦿꦺꦴꦤꦶꦁꦄꦠꦶ
Nora nana mareme jroning ati
ꦱꦧꦫꦁꦏꦉꦥꦤꦶꦥꦸꦤ꧀
Sabarang karepanipun
ꦤꦢꦾꦤ꧀ꦮꦶꦱꦏꦼꦠꦼꦏꦤ꧀
Nadyan wisa ketekan
ꦏꦉꦥꦤꦺꦤꦺꦴꦫꦩꦉꦩ꧀ꦱꦪꦧꦚ꧀ꦗꦸꦂ
Karepane nora marem saya banjur
ꦭꦸꦮꦩꦃꦭꦮꦤ꧀ꦄꦩꦫꦃ
Luamah lawan amarah
ꦅꦏꦸꦅꦔ꧀ꦏꦁꦢꦺꦤ꧀ꦠꦸꦠ꧀ꦮꦸꦫꦶ
Iku ingkang den tut wuri

꧇꧑꧒꧇
12
ꦅꦁꦱꦧꦫꦁꦠꦶꦔ꧀ꦏꦃꦥꦺꦴꦭꦃ
Ing sabarang tingkah polah
ꦪꦺꦤ꧀ꦄꦔꦸꦕꦥ꧀ꦠꦤꦥꦶꦭꦩꦸꦤ꧀ꦭꦶꦔ꧀ꦒꦶꦃ
Yen angucap tanapi lamun linggih
ꦱꦸꦔ꧀ꦏꦤ꧀ꦏꦱꦺꦴꦱꦺꦴꦂꦩ꧀ꦧꦼꦏꦶꦥꦸꦤ꧀
Sungkan kasosor mbekipun
ꦥꦤ꧀ꦭꦸꦩꦸꦃꦏꦻꦴꦔ꧀ꦏꦸꦭꦤ꧀
Pan lumuh kaungkulan
ꦅꦁꦱꦸꦗꦤ꧀ꦩꦥꦔꦿꦱꦤꦺꦝꦺꦮꦺꦏꦶꦥꦸꦤ꧀
Ing sujanma pangrasane dhewekipun
ꦥꦤ꧀ꦤꦺꦴꦫꦤꦏꦁꦄꦩꦝ
Pan nora na kang amadha
ꦄꦔꦿꦱꦭꦸꦲꦸꦂꦥꦿꦶꦧꦢꦶ
Angrasa luhur pribadi

꧇꧑꧓꧇
13
ꦄꦗꦤꦼꦢꦾꦏꦠꦺꦩ꧀ꦥꦺꦭꦤ꧀
Aja nedya katempelan
ꦅꦁꦮꦮꦠꦼꦏ꧀ꦏꦁꦠꦤ꧀ꦥꦤ꧀ꦠꦼꦱ꧀ꦅꦁꦧꦸꦢꦶ
Ing wawatek kang tan pantes ing budi
ꦮꦠꦼꦏ꧀ꦫꦸꦱꦸꦃꦤꦺꦴꦫꦈꦫꦸꦱ꧀
Watek rusuh nora urus
ꦠꦸꦔ꧀ꦒꦭ꧀ꦭꦮꦤ꧀ꦩꦤꦸꦔ꧀ꦱ
Tunggal lawan manungsa
ꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦩꦶꦏꦂꦪꦭꦧꦸꦲꦤ꧀ꦏꦁꦥꦠꦸꦠ꧀
Dipun sami karya labuhan kang patut
ꦢꦫꦥꦺꦴꦤ꧀ꦢꦢꦶꦠꦸꦭꦝ
Darapon dadi tuladha
ꦠꦶꦤꦸꦠꦅꦁꦮꦸꦫꦶꦮꦸꦫꦶ
Tinuta ing wuri - wuri

꧇꧑꧔꧇
14
ꦄꦗꦭꦺꦴꦪꦺꦴꦭꦺꦩꦺꦂꦒꦺꦚ꧀ꦗꦃ
Aja lonyo lemer genjah
ꦄꦔꦿꦺꦴꦁꦥꦱꦤꦏꦤ꧀ꦚꦸꦩꦸꦂꦒꦸꦩꦸꦭꦶꦁ
Angrong pasanakan nyumur gumuling
ꦄꦩ꧀ꦧꦸꦤ꧀ꦠꦸꦠ꧀ꦄꦫꦶꦠ꧀ꦥꦸꦤꦶꦏꦸ
Ambuntut arit puniku
ꦮꦠꦼꦏꦤ꧀ꦠꦤ꧀ꦫꦲꦂꦗ
Watekan tan raharja
ꦥꦤ꧀ꦮꦺꦴꦁꦭꦺꦴꦚꦺꦴꦤꦺꦴꦫꦏꦼꦤꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦌꦠꦸꦠ꧀
Pan wong lonyo nora kena dipun etut
ꦩꦺꦴꦚꦂꦩꦚꦶꦂꦠꦤ꧀ꦄꦠꦼꦥꦤ꧀
Monyar manyir tan antepan
ꦢꦺꦤꦺꦭꦺꦩꦺꦫꦤ꧀ꦥꦸꦤꦶꦏꦶ
Dene lemeran puniki

꧇꧑꧕꧇
15
ꦥꦫꦥꦼꦔꦶꦤꦤ꧀ꦠꦼꦒꦼꦱ꧀ꦚ
Para penginan tegesnya
ꦒꦺꦚ꧀ꦗꦃꦅꦏꦸꦕꦺꦕꦺꦒꦤ꧀ꦧꦫꦁꦏꦂꦢꦶ
Genjah iku cecegan barang kardi
ꦄꦔꦿꦁꦥꦱꦤꦏ꧀ꦭꦶꦫꦶꦥꦸꦤ꧀
Angrong pasanak liripun
ꦉꦩꦼꦤ꧀ꦱꦺꦴꦭꦃꦩꦶꦫꦸꦢ
Remen solah miruda
ꦩꦿꦶꦁꦫꦧꦶꦤꦺꦱꦢꦸꦭꦸꦂꦩꦶꦮꦃꦅꦁꦧꦠꦸꦂ
Mring rabine sadulur miwah ing batur
ꦩꦿꦶꦁꦱꦤꦏ꧀ꦩꦾꦁꦥꦱꦤꦏꦤ꧀
Mring sanak myang pasanakan
ꦱꦺꦴꦏ꧀ꦱꦼꦤꦼꦔꦢꦺꦤ꧀ꦫꦩꦸꦲꦶ
Sok senenga den ramuhi

꧇꧑꧖꧇
16
ꦚꦸꦩꦸꦂꦒꦶꦤꦸꦭꦶꦁꦠꦼꦒꦼꦱ꧀ꦚ
Nyumur ginuling tegesnya
ꦄꦩ꧀ꦧꦼꦭꦮꦤ꧀ꦢꦠꦤ꧀ꦢꦸꦮꦺꦮꦮꦢꦶ
Ambelawan datan duwe wawadi
ꦤꦺꦴꦫꦏꦼꦤꦫꦸꦧꦸꦁꦫꦸꦧꦸꦁ
Nora kena rubung - rubung
ꦮꦮꦢꦶꦤꦺꦏꦁꦮꦸꦠꦃ
Wawadine kang wutah
ꦧꦸꦤ꧀ꦠꦸꦠ꧀ꦄꦫꦶꦠ꧀ꦥꦸꦤꦶꦏꦸꦥꦿꦕꦼꦏꦤꦶꦥꦸꦤ꧀
Buntut arit puniku pracekanipun
ꦄꦧꦼꦤꦼꦂꦅꦁꦥꦔꦉꦥ꧀
Abener ing pangarepe
ꦥꦔꦶꦁꦒꦫꦺꦛꦺꦭ꧀ꦅꦁꦮꦸꦫꦶ
Nanging garethel ing wuri

꧇꧑꧗꧇
17
ꦱꦧꦫꦁꦏꦁꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦈꦕꦥ꧀
Sabarang kang dipun ucap
ꦤꦺꦴꦫꦮꦸꦫꦸꦁꦄꦩꦿꦶꦃꦎꦭꦺꦃꦥꦿꦶꦧꦢꦶ
Nora wurung amrih oleh pribadi
ꦅꦏꦸꦭꦧꦸꦲꦤ꧀ꦠꦤ꧀ꦥꦠꦸꦠ꧀
Iku labuhan tan patut
ꦄꦗꦤꦼꦢꦾꦄꦤꦼꦭꦢ꧀
Aja nedya anelad
ꦩꦿꦶꦁꦮꦠꦼꦏꦤ꧀ꦤꦼꦤꦼꦩ꧀ꦥꦿꦏꦫꦥꦸꦤꦶꦏꦸ
Mring watekan nenem prakara puniku
ꦱꦪꦺꦴꦒ꧀ꦪꦤꦺꦔꦸꦥꦪꦮ
Sayogyane ngupayaa
ꦭꦶꦂꦩꦱ꧀ꦠꦸꦩꦶꦩ꧀ꦧꦸꦭ꧀ꦅꦁꦮꦫꦶꦃ
Lir mas tumimbul ing warih

Postingan populer dari blog ini

Soak Lukis Malang

ꦱꦼꦫꦠ꧀ꦮꦸꦭꦁꦫꦺꦃ - ꦏꦶꦤꦤ꧀ꦛꦶ | Serat Wulang Reh - Kinanthi