ꦱꦼꦫꦠ꧀ꦮꦸꦭꦁꦫꦺꦃ - ꦝꦤ꧀ꦝꦁꦒꦸꦭ | Serat Wulang Reh - Dhandhanggula

꧁ꦝꦤ꧀ꦝꦁꦒꦸꦭ꧂

꧇꧑꧇
1
ꦥꦩꦼꦝꦫꦺꦮꦱꦶꦠꦤꦶꦁꦄꦠꦶ
Pamedhare wasitaning ati
ꦕꦸꦩꦤ꧀ꦛꦏꦄꦤꦶꦫꦸꦥꦸꦗꦔ꧀ꦒ
Cumanthaka aniru pujangga
ꦢꦲꦠ꧀ꦩꦸꦝꦅꦁꦧꦠꦶꦤꦺ
Dahat mudha ing batine
ꦤꦔꦶꦁꦏꦺꦢꦃꦒꦶꦤꦸꦔ꧀ꦒꦸꦁ
Nanging kedah ginunggung
ꦠꦤ꧀ꦮꦿꦸꦃꦪꦺꦤ꧀ꦄꦏꦺꦃꦔꦺꦱꦼꦩꦶ
Tan wruh yen akeh ngesemi
ꦄꦩꦼꦏ꧀ꦱꦄꦔꦿꦸꦩ꧀ꦥꦏ
Ameksa angrumpaka
ꦧꦱꦏꦁꦏꦭꦤ꧀ꦠꦸꦂ
Basa kang kalantur
ꦠꦸꦠꦸꦂꦏꦁꦏꦠꦸꦭꦠꦸꦭ
Tutur kang katula tula
ꦠꦶꦤꦭꦠꦺꦤ꧀ꦫꦶꦤꦸꦫꦸꦃꦏꦭꦮꦤ꧀ꦫꦶꦫꦶꦃ
Tinalaten rinuruh kalawan ririh
ꦩꦿꦶꦃꦥꦝꦔꦶꦁꦱꦱ꧀ꦩꦶꦠ
Mrih padhanging sasmita

꧇꧒꧇
2
ꦱꦱ꧀ꦩꦶꦠꦤꦶꦁꦔꦻꦴꦫꦶꦥ꧀ꦥꦸꦤꦶꦏꦶ
Sasmitaning ngaurip puniki
ꦩꦥꦤ꧀ꦌꦮꦸꦃꦪꦺꦤ꧀ꦤꦺꦴꦫꦮꦼꦫꦸꦲ
Mapan ewuh yen nora weruha
ꦠꦚ꧀ꦗꦸꦩꦼꦤꦼꦁꦅꦁꦈꦫꦶꦥꦺ
Tan jumeneng ing uripe
ꦄꦏꦺꦃꦏꦁꦔꦏꦸꦔꦏꦸ
Akeh kang ngaku-ngaku
ꦥꦔꦿꦱꦤꦺꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦈꦢꦤꦶ
Pangrasane sampun udani
ꦠꦸꦂꦢꦸꦫꦸꦁꦮꦿꦸꦃꦅꦁꦫꦱ
Tur durung wruh ing rasa
ꦫꦱꦏꦁꦱꦠꦸꦲꦸ
Rasa kang satuhu
ꦫꦱꦤꦶꦁꦫꦱꦥꦸꦤꦶꦏ
Rasaning rasa punika
ꦈꦥꦪꦤꦼꦤ꧀ꦢꦫꦥꦺꦴꦤ꧀ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦂꦤꦈꦒꦶ
Upayanen darapon sampurna ugi
ꦅꦁꦏꦻꦴꦫꦶꦥꦤꦶꦫ
Ing kauripanira

꧇꧓꧇
3
ꦗꦿꦺꦴꦤꦶꦁꦐꦸꦂꦄꦤ꧀꧈ꦔ꧀ꦒꦺꦴꦤꦶꦁꦫꦱꦪꦼꦏ꧀ꦠꦶ
Jroning Qur'an, nggoning rasa yekti
ꦤꦔꦶꦁꦠꦥꦶꦭꦶꦃꦅꦠ꧀ꦏꦁꦈꦤꦶꦔ
Nanging ta pilih ingkang uninga
ꦏꦗꦧꦭꦮꦤ꧀ꦠꦸꦢꦸꦲꦺ
Kajaba lawan tuduhe
ꦤꦺꦴꦫꦏꦼꦤꦢꦺꦤ꧀ꦄꦮꦸꦂ
Nora kena den awur
ꦅꦁꦱꦠꦼꦩꦲ꧀ꦤꦺꦴꦫꦥꦶꦤꦔ꧀ꦒꦶꦃ
Ing satemah nora pinanggih
ꦩꦸꦤ꧀ꦝꦏ꧀ꦏꦠꦭꦚ꧀ꦗꦸꦏꦤ꧀
Mundhak katalanjukan
ꦠꦼꦩꦃꦱꦱꦂꦱꦸꦱꦸꦂ
Temah sasar susur
ꦪꦺꦤ꧀ꦱꦶꦫꦄꦪꦸꦤ꧀ꦮꦱ꧀ꦏꦶꦛ
Yen sira ayun waskitha
ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦂꦤꦤꦺꦅꦁꦧꦢꦤꦶꦫꦥꦸꦤꦶꦏꦶ
Sampurnane ing badanira puniki
ꦱꦶꦫꦄꦔ꧀ꦒꦼꦒꦸꦫꦸꦮ
Sira anggegurua

꧇꧔꧇
4
ꦭꦩꦸꦤ꧀ꦱꦶꦫꦄꦔ꧀ꦒꦼꦒꦸꦫꦸꦏꦏꦶ
Lamun sira anggeguru kaki
ꦄꦩꦶꦭꦶꦲꦩꦤꦸꦔ꧀ꦱꦏꦁꦚꦠ
Amiliha manungsa kang nyata
ꦅꦔ꧀ꦏꦁꦧꦼꦕꦶꦏ꧀ꦩꦂꦠꦧꦠꦺ
Ingkang becik martabate
ꦱꦂꦠꦏꦁꦮꦿꦸꦃꦅꦁꦏꦸꦏꦸꦩ꧀
Sarta kang wruh ing kukum
ꦏꦁꦔꦶꦧꦢꦃꦭꦤ꧀ꦏꦁꦮꦶꦫꦺꦴꦏꦶ
Kang ngibadah lan kang wiroki
ꦱꦸꦏꦸꦂꦎꦊꦃꦮꦺꦴꦁꦠꦥ
Sukur oleh wong tapa
ꦅꦔ꧀ꦏꦁꦮꦸꦱ꧀ꦄꦩꦸꦔ꧀ꦏꦸꦭ꧀
Ingkang wus amungkul
ꦠꦤ꧀ꦩꦶꦏꦶꦂꦥꦮꦺꦮꦺꦲꦶꦔ꧀ꦭꦾꦤ꧀
Tan mikir pawewehinglyan
ꦅꦏꦸꦥꦤ꧀ꦠꦼꦱ꧀ꦱꦶꦫꦒꦸꦫꦸꦤꦤꦏꦏꦶ
Iku pantes sira gurunana kaki
ꦱꦂꦠꦤꦺꦏꦮꦿꦸꦲꦤ
Sartane kawruhana

꧇꧕꧇
5
ꦭꦩꦸꦤ꧀ꦄꦢꦮꦉꦁꦩꦶꦕꦉꦁꦔꦺꦭ꧀ꦩꦶ
Lamun ana wong micareng ngelmi
ꦠꦤ꧀ꦩꦸꦥꦏꦠ꧀ꦅꦁꦥꦠꦁꦥꦿꦏꦫ
Tan mupakat ing patang prakara
ꦄꦗꦱꦶꦫꦄꦒꦺꦄꦒꦺ
Aja sira age-age
ꦄꦔꦠ꧀ꦒꦼꦥ꧀ꦚꦠꦤꦶꦥꦸꦤ꧀
Anganggep nyatanipun
ꦱꦫꦶꦔꦤꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦧꦉꦱꦶꦃ
Saringana dipun baresih
ꦭꦶꦩ꧀ꦧꦔꦼꦤ꧀ꦭꦤ꧀ꦏꦁꦥꦠꦁ
Limbangen lan kang patang
ꦥꦿꦏꦫꦫꦸꦩꦸꦲꦸꦤ꧀
Prakara rumuhun
ꦢꦭꦶꦭ꧀ꦏꦢꦶꦱ꧀ꦭꦤ꧀ꦅꦗꦼꦩꦏ꧀
Dalil kadis lan ijemak
ꦭꦤ꧀ꦏꦶꦪꦱꦺꦥꦥꦠ꧀ꦅꦏꦸꦱꦭꦃꦱꦶꦗꦶ
Lan kiyase papat iku salah siji
ꦄꦤꦮꦏꦁꦩꦸꦥꦏꦭ꧀
Ana a kang mupakat

꧇꧖꧇
6
ꦄꦤꦈꦒꦏꦼꦤꦢꦺꦤꦤ꧀ꦠꦼꦥꦶ
Ana uga kena den antepi
ꦪꦺꦤꦸꦕꦸꦭ꧀ꦱꦏꦶꦁꦥꦠꦁꦥꦿꦏꦫ
Yen ucul saking patang prakara
ꦤꦺꦴꦫꦌꦤꦏꦏ꧀ꦊꦒꦼꦠꦤꦺ
Nora enak legetane
ꦠꦤ꧀ꦮꦸꦫꦸꦁꦠꦶꦔ꧀ꦒꦭ꧀ꦮꦼꦏ꧀ꦠꦸ
Tan wurung tinggal wektu
ꦥꦔꦔ꧀ꦒꦼꦥꦺꦮꦸꦱꦔꦼꦔ꧀ꦏꦺꦴꦏꦶ
Panganggepe wus angengkoki
ꦄꦗꦏꦸꦢꦸꦱꦼꦩ꧀ꦧꦲꦾꦁ
Aja kudu sembahyang
ꦮꦸꦱ꧀ꦱꦭꦠ꧀ꦏꦠꦼꦁꦱꦸꦤ꧀
Wus salat kateng sun
ꦧꦚ꧀ꦗꦸꦫꦺꦩ꧀ꦧꦸꦮꦁꦱꦉꦔꦠ꧀
Banjure mbuwang sarengat
ꦧꦠꦭ꧀ꦏꦫꦩ꧀ꦤꦺꦴꦫꦔꦔ꧀ꦒꦺꦴꦢꦺꦤ꧀ꦫꦮꦠꦶ
Batal karam nora nganggo den rawati
ꦧꦸꦧꦿꦃꦱꦏꦺꦲꦶꦁꦠꦠ
Bubrah sakehing tata

꧇꧗꧇
7
ꦄꦔꦺꦭ꧀ꦠꦼꦩꦼꦤꦶꦁꦗꦩꦤ꧀ꦱꦩꦔ꧀ꦏꦶꦤ꧀
Angel temen ing jaman samangkin
ꦅꦔ꧀ꦏꦁꦥꦤ꧀ꦠꦼꦱ꧀ꦏꦼꦤꦒꦶꦤꦸꦫꦺꦴꦤꦤ꧀
Ingkang pantes kena ginuronan
ꦄꦏꦺꦃꦮꦺꦴꦁꦗꦗꦃꦔꦺꦭ꧀ꦩꦸꦤꦺ
Akeh wong jajah ngelmune
ꦭꦤꦫꦁꦅꦔ꧀ꦏꦁꦩꦤꦸꦠ꧀
Lan arang ingkang manut
ꦪꦺꦤ꧀ꦮꦺꦴꦁꦔꦺꦭ꧀ꦩꦸꦅꦔ꧀ꦏꦁꦤꦼꦠꦼꦥꦶ
Yen wong ngelmu ingkang netepi
ꦅꦁꦥꦔ꧀ꦒꦮꦺꦤꦺꦱꦫꦏ꧀
Ing panggawene sarak
ꦢꦺꦤꦫꦤꦶꦭꦸꦥꦸꦠ꧀
Den arani luput
ꦤꦔꦶꦁꦠꦄꦱꦼꦱꦼꦤꦼꦔꦤ꧀
Nanging ta asesenengan
ꦤꦺꦴꦫꦏꦼꦤꦮꦺꦴꦂꦏꦏꦉꦥꦤꦶꦉꦏꦶ
Nora kena wor kakarepanireki
ꦥꦥꦚ꧀ꦕꦺꦤꦺꦥꦿꦶꦪꦠ꧀ꦒ
Papancene priyangga

꧇꧘꧇
8
ꦅꦔ꧀ꦏꦁꦭꦸꦩꦿꦃꦅꦁꦩꦔ꧀ꦱꦥꦸꦤꦶꦏꦶ
Ingkang lumrah ing mangsa puniki
ꦩꦥꦤ꧀ꦒꦸꦫꦸꦅꦔ꧀ꦏꦁꦒꦺꦴꦭꦺꦏ꧀ꦱꦧꦠ꧀
Mapan guru ingkang golek sabat
ꦠꦸꦲꦸꦏꦸꦮꦭꦶꦏ꧀ꦏꦉꦥꦺ
Tuhu kuwalik karepe
ꦏꦁꦮꦸꦱ꧀ꦭꦸꦩꦿꦃꦏꦫꦸꦲꦸꦤ꧀
Kang wus lumrah karuhun
ꦗꦩꦤ꧀ꦏꦸꦤꦩꦥꦤ꧀ꦏꦶꦩꦸꦫꦶꦢ꧀
Jaman kuna mapan ki murid
ꦅꦔ꧀ꦏꦁꦥꦝꦔꦸꦥꦪ
Ingkang padha ngupaya
ꦏꦸꦢꦸꦄꦔ꧀ꦒꦼꦒꦸꦫꦸ
Kudu anggeguru
ꦅꦁꦩꦼꦔ꧀ꦏꦺꦴꦅꦏꦶꦠꦺꦴꦤꦺꦴꦫ
Ing mengko iki to nora
ꦏꦾꦻꦒꦸꦫꦸꦤꦫꦸꦛꦸꦏ꧀ꦔꦸꦥꦪꦩꦸꦫꦶꦢ꧀
Kyai Guru naruthuk ngupaya murid
ꦢꦢꦶꦪꦏꦤ꧀ꦛꦶꦤꦶꦫ
Dadiya kanthinira

---

Postingan populer dari blog ini

Soak Lukis Malang

ꦱꦼꦫꦠ꧀ꦮꦸꦭꦁꦫꦺꦃ - ꦏꦶꦤꦤ꧀ꦛꦶ | Serat Wulang Reh - Kinanthi