ꦱꦼꦫꦠ꧀ꦮꦸꦭꦁꦫꦺꦃ - ꦢꦸꦂꦩ | Serat Wulang Reh - Durma

꧁ꦢꦸꦂꦩ꧂
Durma

꧇꧑꧇
1
ꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦩꦶꦄꦩ꧀ꦧꦤ꧀ꦠꦶꦁꦱꦫꦶꦫꦤꦶꦫ
Dipun sami ambanting sariranira
ꦕꦼꦒꦃꦝꦲꦂꦭꦤ꧀ꦒꦸꦭꦶꦁ
Cegah dhahar lan guling
ꦢꦫꦥꦺꦴꦤ꧀ꦱꦸꦢꦴ
Darapon sudaa
ꦤꦼꦥ꧀ꦱꦸꦏꦁꦔꦩ꧀ꦧꦿꦄꦩ꧀ꦧꦿ
Nepsu kang ngambra-ambra
ꦉꦉꦩꦅꦁꦠꦾꦱꦶꦉꦏꦶ
Rerema ing tyasireki
ꦢꦢꦶꦱꦧꦫꦁ
Dadi sabarang
ꦏꦂꦱꦤꦶꦫꦊꦱ꧀ꦠꦫꦶ
Karsanira lestari

꧇꧒꧇
2
ꦅꦁꦥꦔꦮꦿꦸꦃꦭꦲꦶꦂꦧꦠꦶꦤꦗꦩꦩꦁ
Ing pangawruh lahir batin aja mamang
ꦪꦺꦤ꧀ꦱꦶꦫꦮꦸꦱꦸꦢꦤꦶ
Yen sira wus udani
ꦅꦁꦱꦭꦶꦫꦤꦶꦫ
Ing salira nira
ꦪꦺꦤꦤꦏꦁꦄꦩꦸꦂꦧ
Yen ana kang amurba
ꦩꦶꦱꦺꦱꦅꦁꦄꦭꦩ꧀ꦏꦧꦶꦂ
Misesa ing alam kabir
ꦢꦢꦶꦱꦧꦫꦁ
Dadi sabarang
ꦥꦏꦂꦪꦤꦶꦫꦈꦒꦶ
Pakaryanira ugi

꧇꧓꧇
3
ꦧꦼꦤꦼꦂꦭꦸꦥꦸꦠꦭꦧꦼꦢꦶꦏ꧀ꦭꦮꦤ꧀ꦧꦼꦒ꧀ꦗ
Bener luput ala becik lawan begja
ꦢꦶꦭꦏꦩꦥꦤ꧀ꦱꦏꦶꦁ
Cilaka mapan saking
ꦅꦁꦧꦢꦤ꧀ꦥꦿꦶꦪꦔ꧀ꦒ
Ing badan priyangga
ꦢꦸꦢꦸꦱꦏꦶꦁꦮꦺꦴꦁꦭꦶꦪ
Dudu saking wong liya
ꦥꦿꦩꦶꦭꦤꦺꦤ꧀ꦔꦠꦶꦄꦠꦶ
Pramila den ngati ati
ꦱꦏꦺꦲ꧀ꦢꦶꦂꦒꦩ
Sakeh dirgama
ꦱꦶꦔ꧀ꦒꦲꦤꦢꦺꦤꦺꦭꦶꦁ
Singgahana den eling

꧇꧔꧇
4
ꦩꦥꦤꦤꦱꦶꦱꦶꦏꦸꦠꦼꦭꦸꦁꦥꦿꦏꦫ
Mapan ana sisiku telung prakara
ꦤꦔꦶꦁꦒꦼꦝꦺꦥꦿꦶꦧꦝꦶ
Nanging gedhe pribadhi
ꦥꦤꦶꦏꦶꦭꦶꦂꦅꦫ
Pan iki lir ira
ꦅꦔ꧀ꦏꦁꦠꦼꦭꦸꦁꦥꦿꦏꦫ
Ingkang telung prakara
ꦄꦗꦄꦔ꧀ꦒꦸꦔ꧀ꦒꦸꦁꦱꦶꦉꦏꦶ
Aja anggunggung sireki
ꦏꦭꦮꦱꦗ
Kalawan aja
ꦤꦕꦠ꧀ꦏꦥꦠꦶꦥꦠꦶ
Nacat kapati-pati

꧇꧕꧇
5
ꦭꦮꦤꦗꦩꦩꦻꦴꦤꦶꦧꦫꦁꦏꦂꦪ
Lawan aja mamaoni barang karya
ꦛꦶꦏꦶꦛꦶꦏ꧀ꦩꦩꦻꦴꦤꦶ
Thik-ithik mamaoni
ꦱꦧꦫꦁꦥꦺꦴꦭꦃ
Sabarang polah
ꦠꦤ꧀ꦏꦼꦤꦮꦺꦴꦁꦏꦸꦩ꧀ꦊꦧꦠ꧀
Tan kena wong kumlebat
ꦅꦁꦩꦔ꧀ꦱꦩꦼꦔ꧀ꦏꦺꦴꦥꦸꦤꦶꦏꦶ
Ing mangsa mengko puniki
ꦩꦥꦤ꧀ꦮꦸꦱ꧀ꦭꦸꦩꦿꦃ
Mapan wus lumrah
ꦥꦝꦮꦱꦶꦱ꧀ꦩꦻꦴꦤꦶ
Padha wasis maoni

꧇꧖꧇
6
ꦩꦸꦁꦠꦶꦤ꧀ꦢꦏꦺꦝꦺꦮꦺꦤꦺꦴꦫꦮꦶꦤꦻꦴꦤꦤ꧀
Mung tindake dhewe nora winaonan
ꦔꦿꦱꦧꦼꦤꦼꦂꦥꦿꦶꦧꦢꦶ
Ngrasa bener pribadi
ꦱꦤꦢꦾꦤ꧀ꦧꦼꦤꦼꦫ
Sanadyan benera
ꦪꦺꦤ꧀ꦠꦶꦤ꧀ꦢꦏꦺꦮꦺꦴꦁꦭꦶꦪ
Yen tindake wong liya
ꦥꦼꦱ꧀ꦠꦶꦤꦺꦅꦔꦫꦤ꧀ꦱꦶꦱꦶꦥ꧀
Pestine ingaran sisip
ꦅꦏꦸꦏꦁꦭꦸꦩꦿꦃ
Iku kang lumrah
ꦔꦔ꧀ꦒꦺꦴꦧꦼꦤꦼꦂꦥꦿꦶꦧꦢꦶ
Nganggo bener pribadi

꧇꧗꧇
7
ꦤꦺꦴꦫꦤꦤꦥꦔ꧀ꦒꦮꦺꦄꦏꦁꦭꦸꦮꦶꦃꦒꦩ꧀ꦥꦁ
Nora nana panggawe akang luwih gampang
ꦏꦪꦮꦺꦴꦁꦩꦩꦻꦴꦤꦶ
Kaya wong mamaoni
ꦱꦶꦫꦭꦶꦔꦺꦭꦶꦔ
Sira ling-elinga
ꦄꦗꦱꦸꦒꦶꦃꦮꦻꦴꦤꦤ꧀
Aja sugih waonan
ꦢꦺꦤ꧀ꦱꦩꦾꦫꦲꦗꦼꦁꦧꦸꦢꦶ
Den samya raharjeng budi
ꦅꦔ꧀ꦏꦁꦥꦿꦪꦺꦴꦒ
Ingkang prayoga
ꦱꦶꦔꦱꦶꦔꦏꦁꦭꦭꦶ
Singa-singa kang lali

꧇꧘꧇
8
ꦅꦔ꧀ꦏꦁꦌꦭꦶꦁꦄꦔꦺꦭꦶꦔꦼꦤꦪꦩꦫꦁ
Ingkang eling angelingena ya marang
ꦱꦤꦏ꧀ꦏꦚ꧀ꦕꦏꦁꦭꦭꦶ
Sanak kanca kang lali
ꦢꦺꦤ꧀ꦤꦺꦢꦾꦫꦲꦂꦗ
Den nedya raharja
ꦩꦔ꧀ꦏꦤꦠꦶꦤ꧀ꦢꦏꦶꦫ
Mangkana tindakira
ꦪꦺꦤ꧀ꦢꦠꦤ꧀ꦏꦢꦸꦒꦈꦮꦶꦱ꧀
Yen datan kaduga uwis
ꦱꦶꦫꦩꦼꦤꦼꦔ
Sira menenga
ꦄꦗꦱꦺꦴꦏꦔꦿꦱꦤꦶ
Aja sok angrasani

꧇꧙꧇
9
ꦤꦼꦩꦸꦢꦺꦴꦱꦄꦚꦼꦭꦱꦥꦝꦥꦝ
Nemu dosa anyela sapadha-padha
ꦢꦺꦤꦺꦮꦺꦴꦁꦔꦊꦩꦸꦒꦶ
Dene wong ngalem ugi
ꦪꦺꦤ꧀ꦢꦸꦫꦸꦁꦥꦿꦠꦺꦭ
Yen durung pratela
ꦅꦁꦧꦼꦕꦶꦏꦶꦁꦩꦤꦸꦔ꧀ꦱ
Ing beciking manungsa
ꦄꦗꦄꦒꦺꦒꦸꦔ꧀ꦒꦸꦁꦏꦏꦶ
Aja age gunggung kaki
ꦩꦺꦤꦺꦏ꧀ꦏꦤ꧀ꦚꦠꦢꦢꦶꦕꦶꦫꦶꦤꦶꦉꦏꦶ
Menek kan nyata dadi cirinireki

꧇꧑꧐꧇
10
ꦢꦺꦤꦺꦏꦁꦮꦶꦱ꧀ꦏꦥꦿꦃꦅꦁꦩꦔ꧀ꦱꦱꦩꦔ꧀ꦏꦾ
Dene kang wis kaprah ing mangsa samangkya
ꦪꦺꦤꦤꦢꦺꦤ꧀ꦱꦼꦤꦼꦔꦶ
Yen ana den senengi
ꦅꦁꦥꦔꦊꦩꦶꦫ
Ing pangalemira
ꦥꦤ꧀ꦏꦺꦴꦔ꧀ꦱꦶꦥꦤ꧀ꦢꦶꦫꦔꦤ꧀
Pan kongsi pandirangan
ꦩꦠꦤꦺꦏꦺꦴꦔ꧀ꦱꦶꦩꦤ꧀ꦢꦼꦭꦶꦏ꧀
Matane kongsi mandelik
ꦤꦢꦾꦤꦭꦴ
Nadyan alaa
ꦒꦶꦤꦸꦔ꧀ꦒꦸꦁꦧꦼꦕꦶꦏꦸꦒꦶ
Ginunggung becik ugi

꧇꧑꧑꧇
11
ꦄꦗꦔꦊꦩꦗꦩꦢꦭꦩꦸꦁꦧꦶꦱ
Aja ngalem aja mada lamung bisa
ꦪꦺꦤꦸꦒꦗꦩꦤ꧀ꦥꦸꦤꦶꦏꦶ
Yen uga jaman puniki
ꦅꦪꦱꦩꦸꦧꦫꦁ
Iya samubarang
ꦪꦺꦤꦺꦴꦫꦱꦶꦤꦼꦤꦼꦔꦤ꧀
Yen ora sinenengan
ꦢꦺꦤ꧀ꦥꦺꦴꦪꦺꦴꦏ꧀ꦏꦥꦠꦶꦥꦠꦶ
Den poyok kapati-pati
ꦤꦺꦴꦫꦥꦿꦱꦗ
Nora prasaja
ꦱꦧꦫꦁꦏꦁꦢꦺꦤ꧀ꦥꦶꦏꦶꦂ
Sabarang kang den pikir

꧇꧑꧒꧇
12
ꦔꦤ꧀ꦝꦸꦠ꧀ꦫꦸꦏꦸꦤ꧀ꦧꦼꦕꦸꦏ꧀ꦔꦉꦥꦤ꧀ꦏꦼꦮꦭ
Ngandhut rukun becik ngarepan kewala
ꦅꦁꦮꦸꦫꦶꦄꦔꦿꦱꦤꦶ
Ing wuri angrasani
ꦅꦔ꧀ꦏꦁꦎꦫꦎꦫ
Ingkang ora-ora
ꦏꦧꦺꦃꦏꦁꦫꦶꦤꦱꦤꦤ꧀
Kabeh kang rinasanan
ꦄꦭꦧꦼꦕꦶꦏ꧀ꦢꦺꦤ꧀ꦫꦱꦤꦶ
Ala becik den rasani
ꦠꦤ꧀ꦥꦫꦲꦫꦃ
Tanpa rah arah
ꦮꦶꦫꦔ꧀ꦫꦺꦴꦔꦺꦢꦸꦩꦢꦶ
Wirangronge dumadi

Postingan populer dari blog ini

Soak Lukis Malang

ꦱꦼꦫꦠ꧀ꦮꦸꦭꦁꦫꦺꦃ - ꦏꦶꦤꦤ꧀ꦛꦶ | Serat Wulang Reh - Kinanthi