ꦱꦼꦫꦠ꧀ꦮꦸꦭꦁꦫꦺꦃ - ꦥꦸꦕꦸꦁ | Serat Wulang Reh - Pucung
꧁ꦥꦸꦕꦸꦁ꧂
Pucung
꧇꧑꧇
1
ꦏꦩꦸꦭꦤꦺꦏꦭꦸꦮꦏ꧀ꦤꦺꦴꦩ꧀ꦤꦺꦴ
ꦩꦤꦶꦥꦸꦤ꧀
Kamulane kaluwak nom-nomanipun
ꦥꦤ꧀ꦢꦢꦶꦱꦠꦸꦔ꧀ꦒꦭ꧀
Pan dadi satunggal
ꦥꦸꦕꦸꦁꦄꦫꦤꦺꦥꦸꦤꦶꦏꦶ
Pucung arane puniki
ꦪꦺꦤ꧀ꦮꦸꦱ꧀ꦠꦸꦮꦏꦭꦸꦮꦏꦺꦥꦶꦱꦃꦥꦶꦱꦃ
Yen wus tuwa kaluwake pisah-pisah
꧇꧒꧇
2
ꦢꦺꦤ꧀ꦧꦸꦢꦶꦪꦏꦼꦥꦿꦶꦪꦺꦅꦁꦧꦼꦕꦶꦏꦶꦥꦸꦤ꧀
Den budiya kepriye ing becikipun
ꦄꦗꦔꦤ꧀ꦠꦶꦥꦶꦱꦃ
Aja nganti pisah
ꦏꦸꦩ꧀ꦥꦸꦭꦏꦪꦌꦤꦺꦴꦩꦶꦁ
Kumpula kaya enoming
ꦌꦤꦺꦴꦩ꧀ꦏꦸꦩ꧀ꦥꦸꦭ꧀ꦠꦸꦮꦏꦸꦩ꧀ꦥꦸꦭ꧀ꦏꦁꦥꦿꦪꦺꦴꦒ
Enom kumpul tuwa kumpul kang prayoga
꧇꧓꧇
3
ꦄꦗꦏꦪꦏꦭꦸꦮꦏ꧀ꦌꦤꦺꦴꦩꦺꦏꦸꦩ꧀ꦥꦸꦭ꧀
Aja kaya kaluwak enome kumpul
ꦧꦱꦮꦶꦱ꧀ꦄꦠꦸꦮ
Basa wis atuwa
ꦠꦶꦁꦱꦊꦧꦂꦱꦶꦗꦶꦱꦶꦗꦶ
Ting salebar siji-siji
ꦤꦺꦴꦫꦮꦸꦫꦸꦁꦧꦏꦭ꧀ꦢꦢꦶꦧꦸꦩ꧀ꦧꦸꦥꦶꦤ꧀ꦝꦁ
Nora wurung bakal dadi bumbu pindhang
꧇꧔꧇
4
ꦮꦺꦴꦁꦱꦢꦸꦭꦸꦂꦤꦢꦾꦤ꧀ꦱꦤꦏ꧀ꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦫꦸꦏꦸꦤ꧀
Wong sadulur nadyan sanak dipun rukun
ꦄꦗꦔꦤ꧀ꦠꦶꦥꦶꦱꦃ
Aja nganti pisah
ꦅꦁꦱꦩꦸꦧꦫꦁꦏꦂꦱꦤꦶꦁ
Ing samubarang karsaning
ꦥꦝꦫꦸꦏꦸꦤ꧀ꦢꦶꦤꦭꦸꦠꦼꦏꦥꦿꦪꦺꦴꦒ
Padha rukun dinulu teka prayoga
꧇꧕꧇
5
ꦄꦧꦺꦴꦠ꧀ꦌꦤ꧀ꦝꦺꦁꦮꦺꦴꦁꦢꦸꦮꦺꦱꦤꦏ꧀ꦱꦼꦢꦸꦭꦸꦂ
Abot entheng wong duwe sanak sedulur
ꦌꦤ꧀ꦝꦺꦔꦺꦪꦺꦤ꧀ꦢꦶꦥꦶꦱꦃ
Enthenge yen pisah
ꦥꦶꦏꦶꦫꦺꦠꦤ꧀ꦢꦢꦶꦱꦶꦗꦶ
Pikire tan dadi siji
ꦄꦧꦺꦴꦠꦶꦥꦸꦤ꧀ꦪꦺꦤ꧀ꦱꦧꦶꦪꦤ꧀ꦠꦸꦅꦁꦏꦂꦱ
Abotipun yen sabiyantu ing karsa
꧇꧖꧇
ꦭꦸꦮꦶꦃꦄꦧꦺꦴꦠ꧀ꦮꦺꦴꦁꦢꦸꦮꦺꦱꦤꦏ꧀ꦱꦼꦢꦸꦭꦸꦂ
Luwih abot wong duwe sanak sedulur
ꦗꦶꦠꦸꦱ꧀ꦠꦤ꧀ꦝꦶꦔꦶꦫ
Jitus tandhingira
ꦪꦺꦤ꧀ꦒꦺꦴꦭꦺꦴꦁꦱꦧꦫꦁꦥꦶꦏꦶꦂ
Yen golong sabarang pikir
ꦏꦕꦺꦏ꧀ꦈꦒꦭꦤ꧀ꦮꦺꦴꦁꦏꦁꦠꦤ꧀ꦱꦸꦒꦶꦃꦱꦤꦏ꧀
Kacek uga lan wong kang tan sugih sanak
꧇꧗꧇
7
ꦭꦩꦸꦤ꧀ꦧꦼꦤꦼꦂꦭꦤ꧀ꦥꦶꦤ꧀ꦠꦼꦂꦥꦩꦺꦴꦩꦺꦴꦔꦶꦥꦸꦤ꧀
Lamun bener lan pinter pamomongipun
ꦏꦁꦒꦶꦤꦮꦺꦠꦸꦮ
Kang ginawe tuwa
ꦄꦗꦔꦔ꧀ꦒꦺꦴꦄꦧꦺꦴꦠ꧀ꦱꦶꦱꦶꦃ
Aja nganggo abot sisih
ꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦝꦥꦩꦼꦔ꧀ꦏꦸꦤꦺꦩꦿꦶꦁꦱꦼꦤ꧀ꦠꦤ
Dipun padha pamengkune mring sentana
꧇꧘꧇
8
ꦩꦥꦤ꧀ꦌꦮꦸꦃꦮꦺꦴꦁꦠꦶꦤꦶꦠꦃꦢꦢꦶꦱꦼꦥꦸꦃ
Mapan ewuh wong tinitah dadi sepuh
ꦠꦤ꧀ꦏꦼꦤꦒꦸꦩꦩ꧀ꦥꦁ
Tan kena gumampang
ꦅꦪꦩꦫꦁꦱꦢꦸꦭꦸꦫꦺ
Iya marang sadulure
ꦠꦸꦮꦌꦤꦺꦴꦩ꧀ꦄꦗꦧꦺꦢꦠꦿꦥꦶꦁꦏꦂꦪ
Tuwa enom aja beda traping karya
꧇꧙꧇
9
ꦏꦁꦱꦉꦒꦼꦥ꧀ꦏꦭꦮꦤ꧀ꦅꦒꦩꦔ꧀ꦏꦁꦩꦭꦶꦚ꧀ꦕꦸꦂ
Kang saregep kalawan ingkang malincur
ꦥꦝꦢꦺꦤ꧀ꦏꦮꦿꦸꦲꦤ
Padha den kawruhana
ꦱꦶꦫꦄꦊꦩꦏꦁꦧꦼꦕꦶꦏ꧀
Sira alema kang becik
ꦏꦁꦩꦭꦶꦚ꧀ꦕꦸꦂꦄꦒꦺꦱꦶꦫꦧꦼꦤ꧀ꦢꦺꦴꦤꦤ
Kang malincur age sira bendonana
꧇꧑꧐꧇
10
ꦪꦺꦤ꧀ꦠꦤ꧀ꦩꦫꦶꦧꦶꦤꦺꦤ꧀ꦢꦺꦴꦤ꧀ꦔ꧀ꦒꦺꦴꦤꦺꦩꦭꦶꦚ꧀ꦕꦸꦂ
Yen tan mari binendon nggone malincur
ꦄꦒꦺꦠꦶꦤꦠꦿꦥꦤ꧀
Age tinatrapan
ꦱꦥꦤ꧀ꦠꦼꦱꦺꦭꦤ꧀ꦢꦺꦴꦱꦤꦺ
Sapantese lan dosane
ꦥꦤ꧀ꦱꦼꦤ꧀ꦠꦤꦢꦶꦩꦺꦤꦺꦢꦢꦶꦠꦸꦭꦝꦤ꧀
Pan sentana dimene dadi tuladhan
꧇꧑꧑꧇
11
ꦭꦤ꧀ꦮꦺꦴꦁꦭꦶꦪꦢꦫꦥꦺꦴꦤ꧀ꦮꦼꦢꦶꦪꦅꦏꦸ
Lan wong liya darapon wediya iku
ꦏꦁꦥꦝꦔꦮꦸꦭ
Kang padha ngawula
ꦅꦁꦧꦠꦶꦤꦺꦮꦴꦢꦶꦄꦱꦶꦃ
Ing batine wedi asih
ꦥꦤ꧀ꦩꦔ꧀ꦏꦺꦴꦤꦺꦴꦭꦧꦸꦲꦤ꧀ꦢꦢꦶꦠꦸꦮ
Pan mangkono labuhan wong dadi tuwa
꧇꧑꧒꧇
12
ꦢꦺꦤ꧀ꦄꦗꦼꦩ꧀ꦧꦂꦢꦺꦤ꧀ꦄꦩꦺꦴꦠ꧀ꦭꦮꦤ꧀ꦢꦺꦤ꧀ꦩꦼꦔ꧀ꦏꦸ
Den ajembar den amot lawan den mengku
ꦢꦺꦤ꧀ꦥꦝꦱꦒꦫ
Den pindha sagara
ꦠꦾꦱꦺꦔꦼꦩꦺꦴꦠ꧀ꦄꦭꦧꦼꦕꦶꦏ꧀
Tyase ngemot ala becik
ꦩꦥꦤ꧀ꦄꦤꦥꦥꦚ꧀ꦕꦫꦺꦱꦺꦴꦮꦁꦱꦺꦴꦮꦁ
Mapan ana papancere sowang-sowang
꧇꧑꧓꧇
13
ꦥꦤ꧀ꦱꦢꦸꦭꦸꦂꦠꦸꦮꦏꦁꦮꦗꦶꦧ꧀ꦥꦶꦠꦸꦠꦸꦂ
Pan sadulur tuwa kang wajib pitutur
ꦩꦫꦁꦏꦁꦠꦫꦸꦤ
Marang kang taruna
ꦏꦁꦄꦤꦺꦴꦩ꧀ꦮꦗꦶꦧꦺꦮꦼꦢꦶ
Kang anom wajibe wedi
ꦱꦂꦠꦩꦤꦸꦠ꧀ꦮꦸꦫꦸꦏꦺꦱꦢꦸꦭꦸꦂꦠꦸꦮ
Sarta manut wuruke sadulur tuwa
꧇꧑꧔꧇
14
ꦏꦁꦠꦶꦤꦶꦠꦃꦢꦢꦶꦄꦤꦺꦴꦩ꧀ꦄꦗꦩꦼꦱ꧀ꦒꦸꦭ꧀
Kang tinitah dadi anom aja mesgul
ꦧꦠꦶꦤ꧀ꦫꦸꦩꦱꦮ
Batin rumasaa
ꦪꦺꦤ꧀ꦮꦶꦱ꧀ꦠꦶꦠꦲꦶꦁꦲꦾꦁꦮꦶꦢꦶ
Yen wis titahing Hyang Widi
ꦪꦺꦤ꧀ꦩꦼꦱ꧀ꦒꦸꦭꦔꦺꦴꦮꦲꦶꦏꦺꦴꦢꦿꦢꦶꦁꦱꦸꦏ꧀ꦩ
Yen mesgula ngowahi kodrading suksma
꧇꧑꧕꧇
15
ꦤꦢꦾꦤ꧀ꦧꦼꦤꦼꦂꦪꦺꦤ꧀ꦮꦺꦴꦁꦄꦤꦺꦴꦩ꧀ꦢꦢꦶꦭꦸꦥꦸꦠ꧀
Nadyan bener yen wong anom dadi luput
ꦪꦺꦤ꧀ꦠꦄꦔꦔ꧀ꦒꦺꦴꦮ
Yen ta anganggoa
ꦅꦁꦥꦶꦏꦶꦫꦶꦫꦥꦿꦶꦧꦢꦶ
Ing pikirira pribadi
ꦥꦿꦩꦶꦭꦤꦺꦮꦺꦴꦁꦄꦤꦺꦴꦩ꧀ꦈꦒꦸꦔꦤ꧀
Pramilane wong anom ugungan
꧇꧑꧖꧇
16
ꦪꦺꦤ꧀ꦢꦢꦶꦤꦺꦴꦩ꧀ꦢꦺꦤ꧀ꦮꦼꦫꦸꦃꦅꦁꦌꦤꦺꦴꦩꦶꦥꦸꦤ꧀
Yen dadi nom den weruh ing enomipun
ꦢꦺꦤꦺꦅꦔ꧀ꦏꦁꦠꦸꦮ
Dene ingkang tuwa
ꦢꦺꦤ꧀ꦏꦪꦧꦚꦸꦅꦁꦧꦺꦗꦶ
Den kaya banyu ing beji
ꦢꦺꦤ꧀ꦄꦮꦼꦤꦶꦁꦥꦤꦶꦔꦭꦺꦄꦗꦱꦩꦂ
Den awening paningale aja samar
꧇꧑꧗꧇
17
ꦭꦮꦤ꧀ꦩꦤꦶꦁꦄꦤꦤꦶꦁꦥꦶꦠꦸꦠꦸꦫꦶꦔ꧀ꦱꦸꦤ꧀
Lawan maning ananing pituturingsun
ꦪꦺꦤ꧀ꦱꦶꦫꦄꦩꦕ
Yen sira amaca
ꦭꦪꦁꦱꦧꦫꦁꦭꦪꦔꦶꦁ
Layang sabarang layanging
ꦄꦗꦥꦶꦗꦼꦂꦏꦠꦸꦔ꧀ꦏꦸꦭ꧀ꦤꦶꦔꦭꦶꦱꦱ꧀ꦠꦿ
Aja pijer katungkul ningali sastra
꧇꧑꧘꧇
18
ꦕꦫꦶꦠꦤꦺꦄꦭꦧꦼꦕꦶꦏ꧀ꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦮꦼꦫꦸꦃ
Caritane ala becik dipun weruh
ꦤꦸꦭꦶꦫꦱꦫꦱꦏꦼꦤ
Nuli rasakena
ꦭꦪꦁꦅꦏꦸꦱꦻꦴꦤꦶꦤꦶꦁ
Layang iku saunining
ꦢꦺꦤ꧀ꦏꦫꦱꦏꦁꦧꦼꦕꦶꦏ꧀ꦱꦶꦫꦄꦔ꧀ꦒꦺꦴꦮ
Den karasa kang becik sira anggoa
꧇꧑꧙꧇
19
ꦅꦔ꧀ꦏꦁꦄꦭꦏꦮꦿꦸꦲꦤꦄꦭꦤꦶꦥꦸꦤ꧀
Ingkang ala kawruhana alanipun
ꦢꦢꦶꦤꦺꦠꦾꦱꦶꦫ
Dadine tyasira
ꦮꦼꦫꦸꦃꦄꦭꦭꦮꦤ꧀ꦧꦼꦕꦶꦏ꧀
Weruh ala lawan becik
ꦅꦔ꧀ꦏꦁꦧꦼꦕꦶꦏ꧀ꦮꦶꦮꦶꦠꦤꦺꦱꦶꦫꦮꦿꦸꦲ
Ingkang becik wiwitane sira wruha
꧇꧒꧐꧇
20
ꦮꦺꦴꦁꦏꦁꦭꦏꦸꦩꦔ꧀ꦏꦤꦮꦶꦮꦶꦠꦤꦶꦥꦸꦤ꧀
Wong kang laku mangkana wiwitanipun
ꦧꦼꦕꦶꦏ꧀ꦮꦼꦏꦱꦤ꧀ꦚ
Becik wekasannya
ꦮꦺꦴꦁꦭꦏꦸꦩꦔ꧀ꦏꦤꦮꦶꦠꦶꦁ
Wong laku mangkana witing
ꦅꦁꦱꦠꦼꦩꦃꦥꦸꦤꦶꦏꦶꦥꦤ꧀ꦢꦢꦶꦄꦭ
Ing satemah puniki pan dadi ala
꧇꧒꧑꧇
21
ꦅꦁꦱꦧꦫꦁꦥꦿꦏꦫꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦢꦸꦭꦸ
Ing sabarang prakara dipun kadulu
ꦮꦶꦮꦶꦠꦤ꧀ꦮꦼꦏꦱꦤ꧀
Wiwitan wekasan
ꦧꦼꦤꦼꦂꦭꦤ꧀ꦭꦸꦥꦸꦠꦺꦏꦼꦱ꧀ꦛꦶ
Bener lan lupute kesthi
ꦄꦤꦧꦼꦕꦶꦏ꧀ꦮꦼꦏꦱꦤꦺꦢꦢꦶꦄꦭ
Ana becik wekasane dadi ala
꧇꧒꧒꧇
22
ꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦮꦼꦫꦸꦃꦅꦪꦅꦁꦏꦩꦸꦭꦤꦶꦥꦸꦤ꧀
Dipun weruh iya ing kamulanipun
ꦏꦭꦮꦤ꧀ꦮꦼꦏꦱꦤ꧀
Kalawan wekasan
ꦥꦸꦤꦶꦏꦸꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦭꦶꦔ꧀ꦏꦶꦁ
Puniku dipun kalingking
ꦄꦤꦄꦭꦢꦢꦶꦧꦼꦕꦶꦏ꧀ꦱꦶꦁꦮꦼꦏꦱꦤ꧀
Ana ala dadi becik sing wekasan
꧇꧒꧓꧇
23
ꦌꦮꦸꦃꦠꦼꦩꦼꦤ꧀ꦧꦧꦺꦴꦮꦺꦴꦁꦈꦫꦶꦥ꧀ꦥꦸꦤꦶꦏꦶ
Ewuh temen babo wong urip puniki
ꦄꦥ꧀ꦤꦺꦴꦫꦏꦼꦤ
Apan nora kena
ꦏꦶꦤꦶꦫꦏꦶꦫꦅꦁꦧꦸꦢꦶ
Kinira-kira ing budi
ꦄꦫꦁꦩꦤ꧀ꦠꦼꦥ꧀ꦮꦶꦗꦶꦭꦶꦁꦧꦱꦫꦲꦂꦗ
Arang mantep wijiling basa raharja