ꦱꦼꦫꦠ꧀ꦮꦸꦭꦁꦫꦺꦃ - ꦩꦼꦒꦠ꧀ꦫꦸꦃ | Serat Wulang Reh - Megatruh

꧁ꦩꦼꦒꦠ꧀ꦫꦸꦃ꧂
Megatruh

꧇꧑꧇
1
ꦮꦺꦴꦁꦔꦮꦸꦭꦅꦁꦫꦠꦸꦭꦸꦮꦶꦃꦥꦏꦺꦮꦸꦃ
Wong ngawula ing Ratu luwih pakewuh
ꦤꦺꦴꦫꦏꦼꦤꦩꦶꦔ꧀ꦒꦿꦁꦩꦶꦔ꧀ꦒꦿꦶꦁ
Nora kena minggrang - minggring
ꦏꦸꦢꦸꦩꦤ꧀ꦠꦼꦥ꧀ꦱꦂꦠꦤꦶꦥꦸꦤ꧀
Kudu mantep sartanipun
ꦱꦼꦠꦾꦠꦸꦲꦸꦩꦫꦁꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶ
Setya tuhu marang Gusti
ꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦩꦶꦠꦸꦫꦸꦠ꧀ꦱꦥꦏꦺꦴꦤ꧀
Dipun miturut sapakon

꧇꧒꧇
2
ꦩꦥꦤ꧀ꦫꦠꦸꦏꦶꦤꦂꦪꦮꦏꦶꦭ꧀ꦲꦾꦁꦄꦒꦸꦁ
Mapan Ratu kinarya wakil Hyang Agung
ꦩꦫꦺꦤ꧀ꦠꦲ꧀ꦏꦼꦤ꧀ꦏꦸꦏꦸꦩꦢꦶꦭ꧀
Marentahken kukum adil
ꦥꦿꦩꦶꦭꦮꦗꦶꦧ꧀ꦢꦺꦤꦺꦤꦸꦠ꧀
Pramila wajib den enut
ꦏꦁꦱꦥꦠꦤ꧀ꦩꦤꦸꦠꦸꦒꦶ
Kang sapa tan manut ugi
ꦩꦿꦶꦁꦥꦫꦺꦤ꧀ꦠꦲꦺꦱꦁꦏꦠꦺꦴꦁ
Mring parentahe Sang Katong

꧇꧓꧇
3
ꦅꦥꦿꦱꦱꦠ꧀ꦩ꧀ꦧꦢꦭꦶꦁꦏꦂꦱꦲꦾꦁꦄꦒꦸꦁ
Aprasasat mbadal ing karsa Hyang Agung
ꦩꦸꦭꦤꦺꦧꦧꦺꦴꦮꦺꦴꦁꦈꦫꦶꦥ꧀
Mulane babo wong urip
ꦱꦥꦂꦱꦔꦮꦸꦊꦁꦫꦠꦸ
Saparsa ngawuleng Ratu
ꦏꦸꦢꦸꦌꦏ꧀ꦭꦱ꧀ꦭꦻꦂꦧꦠꦶꦤ꧀
Kudu eklas lair batin
ꦄꦗꦔꦤ꧀ꦠꦶꦔꦼꦩꦸꦌꦮꦺꦴꦃ
Aja nganti ngemu ewoh

꧇꧔꧇
4
ꦅꦁꦮꦸꦫꦶꦤꦺꦪꦺꦤꦠꦶꦢꦸꦫꦸꦁꦠꦸꦮꦗꦸꦃ
Ing wurine yen ati durung tuwajuh
ꦄꦔꦸꦂꦠꦄꦗꦄꦔꦧ꧀ꦢꦶ
Angur ta aja angabdi
ꦧꦼꦕꦶꦏ꧀ꦔꦶꦤ꧀ꦝꦸꦔꦏꦫꦸꦲꦸꦤ꧀
Becik ngindhunga karuhun
ꦄꦗꦄꦒꦺꦄꦒꦺꦔꦧ꧀ꦢꦶ
Aja age age ngabdi
ꦪꦺꦤ꧀ꦢꦸꦫꦸꦁꦌꦏ꧀ꦭꦱꦶꦁꦧꦠꦺꦴꦱ꧀
Yen durung eklas ing batos

꧇꧕꧇
5
ꦄꦔꦸꦂꦄꦔꦶꦤ꧀ꦝꦸꦔꦍꦧꦤꦺꦴꦫꦌꦮꦸꦃ
Angur angindhunga bae nora ewuh
ꦭꦤ꧀ꦤꦺꦴꦫꦤꦤꦏꦁꦔꦶꦫꦶ
Lan nora nana kang ngiri
ꦩꦸꦁꦩꦸꦔ꧀ꦏꦸꦭ꧀ꦥꦏꦂꦪꦤꦶꦫ
Mung mungkul pakaryanira
ꦤꦺꦴꦫꦱꦸꦱꦃꦠꦸꦔ꧀ꦒꦸꦏ꧀ꦏꦼꦩꦶꦠ꧀
Nora susah tungguk kemit
ꦱꦺꦧꦩꦥꦤ꧀ꦤꦺꦴꦫꦔꦔ꧀ꦒꦺꦴ
Seba mapan nora nganggo

꧇꧖꧇
6
ꦩꦸꦁꦪꦺꦤꦤꦠꦺꦴꦤ꧀ꦠꦺꦴꦤꦤ꧀ꦤꦺꦴꦤ꧀ꦠꦺꦴꦤ꧀ꦤꦺꦁꦭꦸꦫꦸꦁ
Mung yen ana tontonan nonton neng lurung
ꦒ꧀ꦭꦶꦝꦁꦒ꧀ꦭꦶꦝꦶꦁꦠꦤ꧀ꦥꦏꦼꦫꦶꦱ꧀
Glidhang glidhing tanpa keris
ꦱꦂꦮꦶꦩ꧀ꦧꦤ꧀ꦢꦠꦔꦤꦶꦥꦸꦤ꧀
Sarwi mbanda tanganipun
ꦏꦼꦩꦸꦭ꧀ꦧꦼꦧꦼꦢꦺꦱꦱꦶꦱꦶꦃ
Kemul bebede sasisih
ꦄꦤ꧀ꦝꦺꦴꦝꦺꦴꦏ꧀ꦥꦶꦔ꧀ꦒꦶꦫꦶꦁꦧꦔꦺꦴ
Andhodhok pinggiring bango

꧇꧗꧇
7
ꦱꦸꦥꦿꦤ꧀ꦢꦺꦤꦺꦗꦿꦺꦴꦤꦶꦁꦠꦾꦱꦔ꧀ꦭꦶꦂꦠꦸꦩꦼꦔ꧀ꦒꦸꦁ
Suprandene jronong tyas anglir Tumenggung
ꦩꦔ꧀ꦏꦸꦧꦮꦠ꧀ꦱꦼꦤꦺꦤ꧀ꦏꦼꦩꦶꦱ꧀
Mangku bawat senen kemis
ꦩꦔ꧀ꦏꦺꦴꦤꦺꦴꦅꦏꦸꦭꦶꦫꦶꦥꦸꦤ꧀
Mangkono iku liripun
ꦤꦺꦴꦫꦏꦪꦮꦺꦴꦁꦄꦔꦧ꧀ꦢꦶ
Nora kaya wong angabdi
ꦮꦿꦸꦲꦶꦁꦥꦭꦠꦫꦤ꧀ꦏꦠꦺꦴꦁ
Wruhing palataran katong

꧇꧘꧇
8
ꦭꦤ꧀ꦏꦺꦫꦶꦔꦤ꧀ꦱꦂꦠꦄꦤꦄꦫꦤꦶꦥꦸꦤ꧀
Lan keringan sarta ana aranipun
ꦭꦤꦂꦠꦭꦸꦔ꧀ꦒꦸꦲꦺꦈꦒꦶ
Lan arta lungguhe ugi
ꦅꦁꦱꦭꦸꦔ꧀ꦒꦸꦃꦭꦸꦔ꧀ꦒꦸꦲꦶꦥꦸꦤ꧀
Ing salungguh-lungguhipun
ꦤꦔꦶꦁꦠꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦏꦺꦭꦶꦁ
Nanging ta dipun pakeling
ꦩꦸꦭꦤꦺꦥꦶꦤꦂꦢꦶꦏꦁꦮꦺꦴꦁ
Mulane pinardi kang wong

꧇꧙꧇
9
ꦱꦩꦸꦧꦫꦁꦅꦁꦏꦂꦱꦤꦶꦫꦱꦁꦫꦠꦸ
Samubarang ing karsanira Sang Ratu
ꦱꦪꦺꦏ꧀ꦠꦶꦏꦸꦢꦸꦔ꧀ꦭꦏꦺꦴꦤꦶ
Sayekti kudu nglakoni
ꦱꦥꦭꦏꦂꦠꦶꦤꦺꦅꦏꦸ
Sapala kartine iku
ꦮꦺꦴꦁꦏꦁꦥꦝꦥꦝꦔꦧ꧀ꦢꦶ
Wong kang padha-padha ngabdi
ꦥꦒꦮꦺꦪꦤꦺꦥꦤ꧀ꦱꦻꦴꦱ꧀
Pagaweane pan saos

꧇꧑꧐꧇
10
ꦏꦁꦚꦠꦤꦺꦧꦸꦥꦠꦶꦩꦤ꧀ꦠꦿꦶꦩꦤꦺꦮꦸ
Kang nyatane Bupati Mantri Manewu
ꦏꦭꦶꦮꦺꦴꦤ꧀ꦥꦤꦼꦏꦼꦠ꧀ꦩꦶꦗꦶꦭ꧀
Kaliwon paneket mijil
ꦥꦤꦭꦮꦺꦤ꧀ꦭꦤ꧀ꦥꦤꦗꦸꦁ
Panalawen lan panajung
ꦠꦤꦥꦸꦥꦫꦥꦿꦗꦸꦫꦶꦠ꧀
Tanapu para prajurit
ꦭꦤ꧀ꦏꦁꦤꦩ꧀ꦧꦸꦠ꧀ꦏꦂꦪꦺꦁꦏꦠꦺꦴꦁ
Lan kang nambut karyeng Katong

꧇꧑꧑꧇
11
ꦏꦧꦺꦃꦅꦏꦸꦏꦸꦮꦗꦶꦧꦤ꧀ꦱꦺꦧꦤꦶꦥꦸꦤ꧀
Kabeh iku kuwajiban sebanipun
ꦅꦁꦢꦶꦤꦏꦁꦄꦩꦉꦔꦶ
Ing dina kang amarengi
ꦅꦁꦮꦶꦪꦺꦴꦱꦶꦫꦱꦁꦥꦿꦧꦸ
Ing wiyosira Sang Prabu
ꦱꦤꦢꦾꦤ꧀ꦠꦤ꧀ꦩꦶꦪꦺꦴꦱꦸꦒꦶ
Sanadyan tan miyos ugi
ꦥꦱꦺꦚꦤꦺꦄꦗꦠꦺꦴꦮꦺꦴꦁ
Pasebane aja towong

꧇꧑꧒꧇
12
ꦅꦔ꧀ꦏꦁꦭꦸꦩꦲꦫꦃꦪꦺꦤ꧀ꦏꦼꦉꦥ꧀ꦱꦺꦧꦮꦺꦴꦁꦅꦏꦸ
Ingkang lumrah yen kerep seba wong iku
ꦤꦸꦭꦶꦒꦚ꧀ꦗꦫꦤ꧀ꦢꦺꦤꦶꦚ꧀ꦕꦶꦃ
Nuli ganjaran den incih
ꦪꦺꦤ꧀ꦠꦤꦺꦴꦭꦺꦃꦤꦸꦭꦶꦩꦸꦠꦸꦁ
Yen tan oleh nuli mutung
ꦅꦏꦸꦱꦸꦮꦺꦱꦸꦮꦺꦱꦶꦱꦶꦥ꧀
Iku suwe suwe sisip
ꦪꦤ꧀ꦮꦸꦱ꧀ꦩꦔꦼꦂꦠꦶꦅꦔ꧀ꦏꦁꦮꦺꦴꦁ
Yen wus mangerti ingkang wong

꧇꧑꧓꧇
13
ꦠꦤ꧀ꦩꦔ꧀ꦏꦺꦴꦤꦺꦴꦌꦠꦸꦔꦺꦏꦁꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦮꦼꦫꦸꦃ
Tan mangkono etunge kang sampun weruh
ꦩꦥꦤ꧀ꦠꦢꦠꦤ꧀ꦢꦺꦤ꧀ꦥꦶꦏꦶꦂ
Mapan ta datan den pikir
ꦒꦚ꧀ꦗꦫꦤ꧀ꦥꦤ꧀ꦮꦸꦱ꧀ꦏꦫꦸꦲꦸꦤ꧀
Ganjaran pan wus karuhun
ꦄꦩꦸꦁꦤꦻꦴꦂꦱꦶꦲꦶꦁꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶ
Amung naur sihing Gusti
ꦮꦶꦤꦊꦱꦶꦁꦭꦻꦂꦧꦠꦺꦴꦱ꧀
Winales ing lair batos

꧇꧑꧔꧇
14
ꦱꦠꦾꦠꦸꦲꦸꦱꦥꦫꦺꦤ꧀ꦠꦲꦺꦥꦤ꧀ꦩꦤꦸꦠ꧀
Satya tuhu saparentahe pan manut
ꦪ꧀ꦮꦊꦔ꧀ꦒꦤꦏꦂꦱꦺꦁꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶ
Ywa lenggana karseng Gusti
ꦮꦺꦴꦁꦔꦮꦸꦭꦥꦩꦤꦶꦥꦸꦤ꧀
Wong ngawula pamanipun
ꦭꦶꦂꦱꦫꦃꦩꦸꦔ꧀ꦒ꧀ꦮꦺꦁꦗꦭꦢꦿꦶ
Lir sarah munggweng jaladri
ꦢꦂꦩꦭꦸꦩꦏꦸꦱꦥꦏꦺꦴꦤ꧀
Darma lumaku sapakon

꧇꧑꧕꧇
15
ꦢꦺꦤꦺꦧꦼꦒ꧀ꦗꦕꦶꦭꦏꦈꦠꦮꦭꦸꦲꦸꦂ
Dene begja cilaka utawa luhur
ꦄꦱꦺꦴꦂꦅꦏꦸꦥꦤ꧀ꦮꦶꦱ꧀ꦥꦱ꧀ꦛꦶ
Asor iku pan wis pasthi
ꦄꦤꦅꦁꦧꦢꦤ꧀ꦤꦶꦉꦏꦸ
Ana ing badan nireku
ꦄꦗꦱꦺꦴꦏꦔꦸꦫꦶꦔꦸꦫꦶꦁ
Aja sok anguring-uring
ꦩꦫꦁꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶꦱꦔꦏꦠꦺꦴꦁ
Marang Gusti Sangakatong

꧇꧑꧖꧇
16
ꦩꦸꦤ꧀ꦝꦏ꧀ꦔꦏꦺꦲ꧀ꦏꦼꦤꦶꦁꦭꦸꦥꦸꦠꦶꦤꦶꦉꦏꦶ
Mundhak ngakehken ing luputinireki
ꦩꦿꦶꦁꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶꦠꦸꦮꦶꦤ꧀ꦲꦾꦁꦮꦶꦢꦶ
Mring Gusti tuwin Hyang Widi
ꦢꦺꦤꦺꦠꦱꦧꦼꦤꦼꦫꦶꦥꦸꦤ꧀
Dene ta sabeneripun
ꦩꦸꦥꦸꦱꦏꦭꦩꦸꦤ꧀ꦥꦱ꧀ꦛꦶ
Mupusa kalamun pasthi
ꦅꦁꦧꦢꦤ꧀ꦠꦤ꧀ꦏꦼꦤꦩꦺꦔ꧀ꦒꦺꦴꦏ꧀
Ing badan tan kena menggok

꧇꧑꧗꧇
17
ꦠꦸꦭꦶꦱꦤꦺꦭꦺꦴꦏꦶꦭ꧀ꦩꦏ꧀ꦥꦸꦭ꧀ꦫꦸꦩꦸꦲꦸꦤ꧀
Tulisane ing lokilmakpul rumuhun
ꦥꦥꦚ꧀ꦕꦼꦤ꧀ꦱꦮꦶꦗꦶꦮꦶꦗꦶ
Papancen sawiji-wiji
ꦏꦤ꧀ꦏꦼꦤꦎꦮꦃꦱꦫꦩ꧀ꦧꦸꦠ꧀
Tan kena owah sarambut
ꦠꦸꦭꦶꦱꦶꦁꦧꦢꦥꦸꦤꦶꦏꦶ
Tulising bada puniki
ꦄꦗꦤꦩꦸꦤ꧀ꦢꦸꦂꦥꦏꦺꦮꦺꦴꦤ꧀
Aja na mundur pakewon

Postingan populer dari blog ini

Soak Lukis Malang

ꦱꦼꦫꦠ꧀ꦮꦸꦭꦁꦫꦺꦃ - ꦏꦶꦤꦤ꧀ꦛꦶ | Serat Wulang Reh - Kinanthi