Postingan

Menampilkan postingan dari Juli, 2023

ꦱꦼꦫꦠ꧀ꦮꦸꦭꦁꦫꦺꦃ - ꦩꦸꦗꦶꦭ꧀ | Serat Wulang Reh - Mijil

꧁ꦩꦶꦗꦶꦭ꧀꧂ Mijil ꧇꧑꧇ 1 ꦥꦺꦴꦩꦏꦏꦶꦥꦝꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦌꦭꦶꦁ Poma kaki padha dipun eling ꦅꦁꦥꦶꦠꦸꦠꦸꦫꦶꦔꦺꦴꦁ Ing pituturingong ꦱꦶꦫꦈꦒꦱꦠꦿꦶꦪꦄꦫꦤꦺ Sira uga satriya arane ꦏꦸꦢꦸꦄꦤ꧀ꦠꦼꦁꦗꦠ꧀ꦩꦶꦏꦅꦁꦧꦸꦢꦶ Kudu anteng jatmika ing budi ꦫꦸꦫꦸꦃꦱꦂꦠꦮꦱꦶꦱ꧀ Ruruh sarta wasis ꦱꦩꦸꦧꦫꦔꦶꦥꦸꦤ꧀ Samubarangipun ꧇꧒꧇ 2 ꦭꦤ꧀ꦤꦺꦤ꧀ꦤꦺꦢꦾꦥꦿꦮꦶꦫꦅꦁꦧꦠꦶꦤ꧀ Lan den nedya prawira ing batin ꦤꦔꦶꦁꦄꦗꦏꦠꦺꦴꦤ꧀ Nanging aja katon ꦱꦱꦧꦤꦪꦺꦤ꧀ꦢꦸꦫꦸꦁꦩꦔ꧀ꦱꦤꦺ Sasabana yen durung mangsane ꦏꦼꦏꦼꦤ꧀ꦢꦼꦭꦼꦤ꧀ꦄꦗꦮꦤꦶꦩꦶꦔ꧀ꦏꦶꦱ꧀ Kekendelen aja wani mingkis ꦮꦶꦮꦺꦏꦅꦁꦧꦠꦶꦤ꧀ Wiweka ing batin ꦢꦺꦤ꧀ꦱꦩꦂꦢꦺꦤ꧀ꦱꦼꦩꦸ Den samar den semu ꧇꧓꧇ 3 ꦭꦤ꧀ꦢꦺꦤ꧀ꦱꦩꦶꦩꦤ꧀ꦠꦼꦧ꧀ꦩꦫꦶꦁꦧꦼꦕꦶꦏ꧀ Lan den sami manteb maring becik ꦭꦃꦠꦮꦼꦏꦱꦶꦔꦺꦴꦁ Lah ta wekasingong ꦄꦗꦏꦸꦫꦁꦅꦪꦥꦿꦪꦶꦠ꧀ꦤꦤꦺ Aja kurang iya prayitnane ꦪꦺꦤ꧀ꦮꦸꦱ꧀ꦠꦶꦤꦶꦠꦃꦩꦫꦶꦁꦲꦾꦁꦮꦶꦢꦶ Yen wus tinitah maring Hyang Widi ꦅꦁꦧꦢꦤ꧀ꦥꦸꦤꦶꦏꦶ Ing badan puniki ꦮꦸꦱ꧀ꦥꦥꦚ꧀ꦕꦺꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ Wus papancenipun ꧇꧔꧇ 4 ꦄꦤꦮꦺꦴꦁꦤꦫꦶꦩꦮꦶꦱ꧀ꦠꦶꦠꦲꦶꦁ Ana wong narima wis titahing ꦲꦾꦁꦥꦤ꧀ꦢꦢꦶꦄꦮꦺꦴꦤ꧀ Hyang pan dadi awon ꦭꦤ꧀ꦄꦤꦮꦺꦴꦁꦠꦤ꧀ꦤꦿꦶꦩꦠꦶꦠꦲꦺ Lan ana wong tan nrima titahe ꦅꦁꦮꦼꦏꦱꦤ꧀ꦅꦏꦸꦢꦢꦶꦧꦼꦕꦶꦏ꧀ Ing wekasan iku dadi becik ꦏꦮꦿꦸꦲꦤꦈꦒꦶ Kawruhana ugi ꦄꦗꦱꦭꦁ

ꦱꦼꦫꦠ꧀ꦮꦸꦭꦁꦫꦺꦃ - ꦩꦱ꧀ꦏꦸꦩꦩ꧀ꦧꦁ | Serat Wulang Reh - Maskumambang

꧁ꦩꦱ꧀ꦏꦸꦩꦩ꧀ꦧꦁ꧂ ꧇꧑꧇ 1 ꦤꦢꦾꦤ꧀ꦱꦶꦭꦶꦃꦧꦥꦧꦶꦪꦸꦁꦏꦏꦶꦤꦶꦤꦶ Nadyan silih bapa biyung kaki nini ꦱꦢꦸꦭꦸꦂꦩꦾꦁꦱꦤꦏ꧀ Sadulur myang sanak ꦏꦭꦩꦸꦤ꧀ꦩꦸꦫꦸꦏ꧀ꦠꦤ꧀ꦧꦼꦕꦶꦏ꧀ Kalamun muruk tan becik ꦤꦺꦴꦫꦥꦤ꧀ꦠꦼꦱ꧀ꦪꦺꦤ꧀ꦢꦺꦤ꧀ꦤꦸꦠ Nora pantes yen den nuta ꧇꧒꧇ 2 ꦄꦥꦤ꧀ꦏꦪꦔꦺꦴꦤꦺꦴꦮꦮꦠꦼꦏꦤꦶꦏꦶ Apan kaya ngono wawatekan iki ꦱꦤꦢꦾꦮꦺꦴꦁꦠꦸꦮ Sanadya wong tuwa ꦪꦺꦤ꧀ꦢꦸꦮꦺꦮꦠꦼꦏ꧀ꦠꦤ꧀ꦧꦼꦕꦶꦏ꧀ Yen duwe watek tan becik ꦩꦶꦮꦃꦠꦶꦤ꧀ꦢꦏ꧀ꦠꦤ꧀ꦥꦿꦪꦺꦴꦒ Miwah tindak tan prayoga ꧇꧓꧇ 3 ꦄꦗꦱꦶꦫꦤꦶꦫꦸꦠꦶꦤ꧀ꦢꦏ꧀ꦏꦁꦠꦤ꧀ꦧꦼꦕꦶꦏ꧀ Aja sira niru tindak kang tan becik ꦤꦢꦾꦤ꧀ꦠꦮꦺꦴꦁꦭꦶꦪ Nadyan ta wong liya ꦭꦩꦸꦤ꧀ꦥꦩꦸꦫꦸꦏꦺꦧꦼꦕꦶꦏ꧀ Lamun pamuruke becik ꦩꦶꦮꦃꦠꦶꦤ꧀ꦢꦏ꧀ꦏꦁꦥꦿꦪꦺꦴꦒ Miwah tindak kang prayoga ꧇꧔꧇ 4 ꦅꦏꦸꦥꦤ꧀ꦠꦼꦱ꧀ꦱꦶꦫꦠꦶꦫꦸꦮꦠꦏꦏꦶ Iku pantes sira tirua ta kaki ꦩꦶꦮꦃꦧꦥꦧꦶꦪꦁ Miwah bapa biyang ꦄꦩꦸꦫꦸꦏ꧀ꦮꦠꦼꦏꦤ꧀ꦧꦼꦕꦶꦏ꧀ Amuruk watekan becik ꦅꦏꦸꦏꦏꦶꦌꦱ꧀ꦠꦺꦴꦏꦼꦤ Iku kaki estokena ꧇꧕꧇ 5 ꦮꦺꦴꦁꦠꦤ꧀ꦩꦤꦸꦠ꧀ꦥꦶꦠꦸꦠꦸꦂꦮꦺꦴꦁꦠꦸꦮꦈꦒꦶ Wong tan manut pitutur wong tuwa ugi ꦥꦤꦼꦩꦸꦢꦸꦫꦏ Panemu duraka ꦅꦁꦢꦸꦚꦠꦸꦩꦼꦏꦺꦁꦄꦏ꦳ꦶꦂ Ing dunya tumekeng akhir ꦠꦤ꧀ꦮꦸꦫꦸꦁꦏꦱꦸꦫꦁꦱꦸꦫꦁ Tan wurung kasurang surang ꧇꧖꧇ 6 ꦩꦫꦠꦤꦶꦅꦁꦄꦤꦏ꧀ꦥꦸꦠꦸꦅꦁꦮꦸꦫꦶ Maratani ing anak putu ing wuri ꦢꦺꦤ꧀ꦥꦝꦥꦿꦪꦶꦠ꧀ꦤ

Tentang Tembang Macapat

Tembang adalah lirik/sajak yang mempunyai irama nada sehingga dalam bahasa Indonesia biasa disebut sebagai lagu. Salah satu tembang yang paling populer di masyarakat adalah tembang macapat. Macapat (ꦩꦕꦥꦠ꧀) adalah tembang atau puisi tradisional Jawa. Setiap bait macapat mempunyai baris kalimat yang disebut gatra, dan setiap gatra mempunyai sejumlah suku kata (guru wilangan) tertentu, dan berakhir pada bunyi sajak akhir yang disebut guru lagu. Biasanya macapat diartikan sebagai maca papat-papat (membaca empat-empat), yaitu maksudnya cara membaca terjalin tiap empat suku kata. Beberapa contoh karya sastra Jawa yang ditulis dalam tembang macapat termasuk Serat Wedhatama, Serat Wulangreh, dan Serat Kalatidha. Sebagai sebuah puisi bertembang, macapat memiliki beragam jenis pola metrum atau pakem. Secara tradisional ada 15 pakem dalam macapat. Namun, secara umum macapat hanya memiliki 11 pola metrum. Masing-masing tembang macapat sesuai pola metrum punya makna falsafah tersendiri. Mulai dari