ꦱꦼꦫꦠ꧀ꦮꦸꦭꦁꦫꦺꦃ - ꦱꦶꦤꦺꦴꦩ꧀ | Serat Wulang Reh - Sinom
꧁ꦱꦶꦤꦺꦴꦩ꧀꧂
꧇꧑꧇
1
꧋ꦄꦩ꧀ꦧꦼꦒꦼꦏꦁꦮꦸꦱ꧀ꦈꦠꦩ꧈
Ambege kang wus utama,
ꦠꦤ꧀ꦔꦼꦝꦏ꧀ꦒꦸꦤꦤꦶꦁꦗꦤ꧀ꦩꦶ꧈
Tan ngendhak gunaning janmi,
ꦄꦩꦶꦒꦸꦤꦻꦁꦄꦒꦸꦤ꧈
Amigunaing aguna,
ꦱꦱꦺꦴꦭꦲꦺꦏꦸꦢꦸꦧꦛꦶ꧈
Sasolahe kudu bathi,
ꦥꦶꦤ꧀ꦠꦼꦫꦺꦢꦺꦤ꧀ꦄꦭꦶꦔꦶ꧈
Pintere den alingi,
ꦧꦺꦴꦝꦺꦴꦤꦺꦢꦶꦤꦺꦏꦺꦏ꧀ꦔꦪꦸꦤ꧀꧈
Bodhone dinekek ngayun,
ꦥꦩꦿꦶꦲꦺꦢꦺꦤ꧀ꦅꦤꦮ꧈
Pamrihe den inaa,
ꦩꦿꦶꦁꦥꦝꦥꦝꦤꦶꦁꦗꦤ꧀ꦩꦶ꧈
Mring padha padhaning janmi,
ꦱꦸꦏꦧꦸꦔꦃꦢꦺꦤ꧀ꦅꦤꦱꦥꦝꦥꦝ꧉
Suka bungah den ina sapadha-padha.
꧇꧒꧇
2
Ingsun uga tan mangkana
Balilu kang sun alingi
Kabisan sung dekek ngarsa
Isin menek den arani
Balilu ing sujanmi
Nanging batining sun cubluk
Paradene jroning tyas
Lumaku ingaran wasis
Tanpa ngrasa pradene sugih carita
3
Tur duk ingsun maksih bocah
Akeh kang amituturi
Lakuning wong kuna-kuna
Lelabetan ingkang becik
Miwah carita ugi
Kang kajaba saking ngebuk
Iku kang aran kojah
Supradene ingsun iki
Teka nora nana undhaking kabisan
4
Carita nggonungsun nular
Wong tuwa kang momong dhingin
Akeng kang sugih carita
Sun rungokken rina wengi
Samengko maksih eling
Sawise diwasaningsun
Bapa kang paring wulang
Miwah ibu mituturi
Tatakrama ing pratingkah kang prayoga
5
Nanging padha estokena
Pitutur kang muni tulis
Yen sira nedya raharja
Anggonen pitutur iki
Nggoningsun ngeling-eling
Pitutur wong sepuh-sepuh
Mugi padha bisoa
Anganggo pitutur becik
Ambrekati wuruke wong tuwa-tuwa
6
Lan aja na lali padha
Mring leluhur ingkan dhingin
Satindake den kawruhan
Angurangi dhahar guling
Nggone amanting dhiri
Amasuh sariranipun
Temune kang sinedya
Mungguh wong nedya ing Widhi
Lamun temen lawas enggale tinekan
7
Pangeran kang sipat murah
Njurungi kajating dasih
Ingkang temen tinemenan
Pan iku ujaring dalil
Nyatane ana ugi
Iya ki Ageng ing tarub
Wiwitane nanedha
Tan pedhot tumekeng siwi
Wayah buyut canggah warenge atampa