Postingan

Menampilkan postingan dari Februari, 2023

ꦱꦼꦫꦠ꧀ꦮꦸꦭꦁꦫꦺꦃ - ꦱꦶꦤꦺꦴꦩ꧀ | Serat Wulang Reh - Sinom

꧁ꦱꦶꦤꦺꦴꦩ꧀꧂ ꧇꧑꧇ 1  ꧋ꦄꦩ꧀ꦧꦼꦒꦼꦏꦁꦮꦸꦱ꧀ꦈꦠꦩ꧈ Ambege kang wus utama, ꦠꦤ꧀ꦔꦼꦝꦏ꧀ꦒꦸꦤꦤꦶꦁꦗꦤ꧀ꦩꦶ꧈ Tan ngendhak gunaning janmi, ꦄꦩꦶꦒꦸꦤꦻꦁꦄꦒꦸꦤ꧈ Amigunaing aguna, ꦱꦱꦺꦴꦭꦲꦺꦏꦸꦢꦸꦧꦛꦶ꧈ Sasolahe kudu bathi, ꦥꦶꦤ꧀ꦠꦼꦫꦺꦢꦺꦤ꧀ꦄꦭꦶꦔꦶ꧈ Pintere den alingi, ꦧꦺꦴꦝꦺꦴꦤꦺꦢꦶꦤꦺꦏꦺꦏ꧀ꦔꦪꦸꦤ꧀꧈ Bodhone dinekek ngayun, ꦥꦩꦿꦶꦲꦺꦢꦺꦤ꧀ꦅꦤꦮ꧈ Pamrihe den inaa, ꦩꦿꦶꦁꦥꦝꦥꦝꦤꦶꦁꦗꦤ꧀ꦩꦶ꧈ Mring padha padhaning janmi, ꦱꦸꦏꦧꦸꦔꦃꦢꦺꦤ꧀ꦅꦤꦱꦥꦝꦥꦝ꧉ Suka bungah den ina sapadha-padha. ꧇꧒꧇ 2 Ingsun uga tan mangkana Balilu kang sun alingi Kabisan sung dekek ngarsa Isin menek den arani Balilu ing sujanmi Nanging batining sun cubluk Paradene jroning tyas Lumaku ingaran wasis Tanpa ngrasa pradene sugih carita 3 Tur duk ingsun maksih bocah Akeh kang amituturi Lakuning wong kuna-kuna Lelabetan ingkang becik Miwah carita ugi Kang kajaba saking ngebuk Iku kang aran kojah Supradene ingsun iki Teka nora nana undhaking kabisan 4 Carita nggonungsun nular Wong tuwa kang momong dhingin Akeng kang sugih carita Sun rungokken rina wengi Samengko maksih eling Sawise diwasaningsun Bapa kang par